Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2023

Ngenteni Bedhug 2

Gambar
Ngenteni Bedhug 2 Kediri 1985        Mulih saka melu traweh pisanan, rasane atiku kaya ana sing beda. Suara tadarus saka langgare Mbah Yai Nasir krungu kepenak ana ing kuping. Kaya-kaya ngancani aku lan adhiku sing wiwit maeng glibag-glibeg ora bisa turu. Rasa bungah, nanging ora ngerti apa sing njalari. Sawetara emakku ana senthong sisih wetan, ngeloni adhikku sing ragil lan sapihan. Sawetara bapakku durung mulih saka megawe. Bapakku biyasane jam sepuluh bengi lagek teka omah. Nyambut gawe ana pabrik rokok GG bagian mesin, saben dina mlebune ora ajeg. Yen mlebu isuk, budhal jam sanga mulihe jam papat sore. Yen mlebu sore, budhale jam telu mulihe jam sepuluh bengi.        "Mbak, sesuk kowe pasa Magrib apa bedhug?" Pitakone adhiku. "Yen kuwat ya Magrib yen ora kuwat ya mbedhug," semaurku karo nata BP. Dolanan klambi-klambiyan saka kertas, olehku tuku saka warunge mak Las. "Gek ndang padha bubuk, wis bengi. Sesuk isuk wayah saur ben ora ngantuk." Saka njaba