Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2022

Darah jawara

Gambar
 ~🙏Darah Jawara🙏~              Part 1 Masih tersisa aura petarung dan kegagahan diuasianya yang tak lagi muda.  Juga kesabaran dan kasih sayangnya yang luar biasa besar terhadap keluarga kecilnya tak pernah padam, tetap membara. Lelaki itu adalah bapakku. Seorang lelaki sederhana namun begitu bersahaja dimataku. Dari ke enam putra putrinya, mungkin hanya akulah yang begitu ceriwis dan banyak bicara dan banyak bertanya. Bercerita tentang masa mudanya yang sebagai pendekar pencak silat di jamannya adalah sesuatu yang begitu menyenangkan baginya. Dan beliau dengan senang hati akan menjawab dan menjelaskan semua keingintahuanku tentang dunia pencak silat ala pondok pesantren. Menurut cerita bapakku, beliau mulai belajar pencak dan bertarung dipanggung bebas tahun 1964. Jaman itu, sebagai pemuda Ansor yang akrab dengan kehidupan ngaji ala mushola kampung ( kebetulan rumah kakekku dimana bapakku menjalani masa remajanya punya mushola di depan rumah) yang dipakai untuk umum. Hampir semua

Omah cacing

Gambar
 ~Omah Cacing~ Sakpungkure Prambudi budhal nyambut gawe, kaya biyasane Artika ana omah dhewe. Bocah-bocah wis wiwit jam setengah pitu metu saka omah, merga kudu sekolah. Anake sing mbarep wis kelas telu SMA, lan adhine isih kelas siji SMA. Bocah lanang loro kuwi, kerep dikira kembar. Dedege apik, gedhe dhuwur gagah kaya bapake. Uga wis dadi pakulinane. Pendhak isuk Artika adang banjur nyepakake saksembarangane, sing digawe sarapan anak bojone. Senajan ana yu Supat sing wis meh telulas taun melu keluwargane, nanging urusan pawon dicandhak Artika dhewe. Rewange amung dikongkon resik-resik, lan umbah-umbah saksetrikane. Lan yu Supat sing asale sakdesa karo suwargi ibune, kaya-kaya wis dianggap sedulur dewe karo Prambudi lan Artika. Yen kabeh wis budhal, omah dadi sepi. Mung suwarane Giman sing umek ngresiki taman ngarep lan mburi. Uga makani iwak Koi open- openane Prambud. Karo yu Supat sing resik-resik apa wae. Sawetara Artika ana njero kamar kerjane ngedhep 'Laptop' njeginggut

Sukarni #5

Gambar
 ~Sukarni~ #5 Mulih saka warunge mak Suthup, Sukarni nampa dhayoh sing lagek jagongan karo bu Bambang. Pak Bambang ora neng omah amerga nepaki mlebu bengi. Wong lanang sing dikenal banget karo Sukarni lan keluwargane neng ndesa. "Lhooo, Mas Puad... sampeyan kok ngerti aku manggon neng kene," pitakone Sukarni sakwise nyalami dhayohe. "Aku wis paham ceritane, uga kedadeyane Kar. Lik Bagong uga wis cerita kanti tutug perkara dhompetmu iki," jawabe mas Puad karo ngelungne dhompete Sukarni sing isih utuh isine. "Sepurane yen rodok telat olehku nyusul kowe Kar, warunge ora bisa taktinggal." Mas Puad nggenahne yen sejatine wis sesasi kepungkur diparani karo Lik Bagong.  Sakliyane perlu mbalekne dhompet Sukarni, uga perlu menehi alamate pak Bambang. Saknalika Sukarni kelingan maneh marang lik Bagong. Nalika kepethuk ana gedhung biskop, banjur ngalih klepat ora bali senajan wis muni ngongkon ngenteni. "Ahhh....mbuh, ora urus. Sing penting dhompete lan mas Pu

Mung Saderma

Gambar
 ~Mung Saderma~ Apa ta jane urip iki? Saksuwene isih ana ambegan sing ngancani Kudu ngapa ta jane urip iki? Dadiya apik lan becik marang sesami Amarga, kabeh mung saderma ngelakoni  Ning, isih akeh...akeh banget Sing kabotan awak nganti krowak  Banjur kebandhul isane mung ndhangak Ora bisa nampa pinunjule sapadhan  Ongkrah-ongkrah nyikep bener, luru cicire liyan Ning, isih kebak...nganti mbludag Muna-muni ngelmu tuwane pari Saya ndhingkluk saya mentes yen isi Nyatane mung njupuk ing tuwane umur Saya surup, mripat lamur isih pingin katon dhuwur Pancen manungsa! Panggonane luput lan dosa ora ana sing sampurna  Kamangka, urip kudu mlaku lan sinau Ngerteni uga nggoleki pener lan keliru Banjur patrapna ing lelakon uripmu Angel, abot, uga rekasa? Genah wae jawabe "iya" Kenengapa bisa kaya mengkana? Amarga meper "aku" kuwi bebasan tarung Yen napsu donyamu nyingkrih wae durung Mung dadi tumbal jagad gumelar, wurung!!! Yen nyatane urip mung saderma, Wis mandega anggonmu neba