Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2022

, Bart-Henk

Gambar
 " Bart & Henk" Ouderkerk dipagi itu, Seperti biasa kumulai Rabu pagiku dengan perjalanan seperti minggu minggu yang telah lalu.Tak terasa telah dua tahun kususuri jalan kecil diseberang pemakaman yahudi kemudian menyeberangi jembatan dengan sungai kecil diatasnya yang disebelahnya terdapat sebuah toko roti yang selalu ramai, juga gereja tua disudut pertigaan yang bersebelahan dengan bejaardenhuis ( panti jompo). Sementara diseberang jalan terdapat sungai dengan perahu perahu pribadi yang ditambatkan oleh pemiliknya.Tak ketinggalan deretan bangku bangku kayu untuk sekedar melepas lelah para pejalan atau pesepeda sambil menikmati indahnya pemandangan. Seperti halnya aku yang seringkali sepulang kerja sejenak berhenti dan duduk ditepi sungai sambil memberi makan angsa angsa liar dengan roti yang sengaja kubawa dari rumah. Tetapi tidak dengan siangku hari ini. Sejak pagi cuaca sudah sangat buruk. Hagel ( hujan es) disertai angin membuat dedaunan basah berterbangan disamping

Randha Bingung

Gambar
 ~Randha Bingung~ Dagangan sing diiderne isih durung entek, nanging mangsa rendheng sajake ndadekne dina luwih cepet peteng. Senajan isih jam papat sore, nanging langite peteng kaya kaya wis arep ceblok maneh udane. Ndadekne kahanan desa cilik ing ereng erenge gunung Kelud iku katon mampring. Uripe warga neng desa sing adoh saka kutha kuwi guyup uga padha kenal antara siji lan sijine. Yen ana kerepotan apa wae, tanpa diaba kabeh padha teka urun tenaga apa wae sakisane. Kayadene nalika kedadeyan limang sasi kepungkur. Giman bojone Sumini ditemokne kancane sing padha dadi blandhong lan tukang gawe gedheg semaput neng ngisor barongan merga dicokot ula. Embuh ula apa sing nyokot, nyatane ora nganti telung ndina Giman dikabarne mati. Ninggal bojo lan anak bayi sing isih rong taunan umure.  Akeh sing padha welas yen nyawang Sumini lan anake. Ditinggal mati bojone tanpa ana banda sing mbejaji kejaba omah sakencepan neng ndhuwur lemah bageyane teka wong tuwane Sumini. Karangan sing ambane sepu

Kalap #3

Gambar
 ~Kalap~ #3 Isih kaya kamidlongopen anggone Supatmo nyawang praupane uga gandane Sariti sing ayu tur wangi. Wis lumprah kanggone wong lanang normal yen nduweni pikiran sing rodok kurang ajar. Tapi age age disingkirne amerga bocah wedok kuwi ketok ndingkluk mesem semu isin. "Le, yen kowe gelem ewang ewang neng omah kene, aja samar yen ora tak bayar," suarane Mak Sukanti ngepasi liwat karo ngusungi piring sing bardigawe ingon wong kondangan. "Sawah, tegalan, raja brana sapirang pirang. Yen kowe gelem ngewangi aku, opahmu luweh akeh timbang olehmu bakulan krupuk. Yen gelem malah takpek mantu pisan Le." Pak Brengos teka mburi muni karo ndemek pundhake Supatmo. "Ahhh...mpun guyon to Pak, kula namung lare dusun yogane tiyang mboten gadhah pindah," jawabe Supatmo antarane kaget karo bingung. "Tenan Le, yen kowe gelem sesuk langsung takijabne," jawabe Pak Brengos sajak tenanan. "Sakestu napa goyon to niki Mak?" Pitakone Supatmo nyang Mak Sukant

Aja njiwit

Gambar
 ~Aja Njiwit~ Ana walang sangit Manuk sriti mabur menclok ing cemara Aja gampang njiwit Yen sira ngerti bisa kojur ninggal lelara Ana gedhang kepok Mecah pelem sisane pelok Aja gampang alok Salah gunem bisa malah nemplok Pancen bener,  Manungsa panggonan napsu Nanging aja nganti luwih asor saka kewan Adohana nesu grusa grusu Aja nganti padha gelutan lan cecakaran Emanen uripmu, aja gawe tatuning liyan Kabeh tumindakmu, bakal ana piwalesan Yen rumangsa bener, aja seneng gawe wirang Yen rumangsa pinter, aja arep nunjang palang Cuba kae sawangen tetanduran Ora sambatan adhem senajan kesiram udan Ora kelah marang srengenge senajan kepanasan Coba digagas lan digawe tuladhan Pancene angel tenan Manggon ngalah malah kagejoh kepidak Wong sareh bakal tinemu kabecikan Yen ana paribasan Gagak karo tunggak menang tunggak Wong sabar ngundhuh kamulyan Lisse 27/01/2022

Kemben

Gambar
 ~Kemben~ Upama kala kala aku kembenan, Ora arep pamer aluse raga Uga paras rupa pasuryan Nanging nguri nguri endahing budaya Kang luhur kebak tuntunan Upama kala kala aku kembenan, Aja gunem utawa cemuwit Mung arep pamer aluse kulit Uga aja mbebar mbeber pitutur Nyangking ngindhit wejangan dhuwur Nanging yen aku kembenan, Aja nganti gawe luput ing paningal Aja nganti bebasan ngosek gaman ing ndhuwur wungkal Ora seja ngobong blarak ing geni kang mubal Ora seja arep ngileni polah jenthare pinjal Nanging yen aku kembenan, Wis aja candhak cemawe Muna muni sapenake dhewe Nyandhak swarga neraka sapanunggalane Yen ora sarujuk, becik menenga wae Amerga aku kembenan, Kanggo ngukir rasa tresna adi busana liwat geguritanku Papan panggonan ngugemi leluhur kang satuhu Mugiya ora ninggal congkrah sakmungkurku Amerga ora bisa nampa uga seje ing panemu Rahayu..Rahayu...Rahayu Nuwun 🙏🙏🙏 Amstelveen 27/01/2022.

Randha Bingung

Gambar
 ~Randha Bingung~ Kangmas, Yen isih pantes aku pingin cerita Seguk lan iluh kang mrembeng ana ing mata Nglakoni urip ijen dhewekan Tanpa cagak lan sikil kang bisa takgawe sesendhenan Kangmas, Ati iki nandang ngelayung deleg bingung Mlaku sakmlaku tansah kedlarung Mingket sakmingket kaya kesrimpet Obah sakobah kaya mung ninggal dredhah Kangmas, Sakpungkurmu saka sisihanku Saklungamu oncat tega ninggalake aku Ora bakal aku nglesot, ngridha lumahing asta Ora bakal aku mundhuk, ngasorake bathuk laku nistha Senajan mbulat ulat kaya mawa Kangmas, Upama wae bisa blaka tinemu suta Sejatine pancen abot nyandhang tanpa garwa Nanging, apa pancen wis kalebu ila ila Yen randha bisa dadi punjere prahara Yen randha bisa dadi sumbere perkara Nanging ora...ora tenan!!! Senajan garing mekingking genthong daringanku Ora bakal nyincing jarik lan kembenku Senajan nela aking tegal tetanduranku Ora bakal nunjang palang ngrusak pager ayu Duuuh....Gusti Mugi paring ati kang sabar Mugi paring dhadha kang je

Kalap #2

Gambar
 ~Kalap~ #2 Ngetutne lakune wong wedok sing nukoni dagangane, atine Supatmo krasa mongkog. Piya piye yen krupuke ora nganti entek, bayarane deweke uga ora akeh. Kerja melu Cina pancen ya rekasa. Nanging arep kepiye maneh, urip neng desane malah ora ana penggawean sakliyane ngaritne wedhuse wongtuwane, karo buruh buruh neng sawah yen pas ana panenan utawa wiwitan. Buruh tebang tebu, ndaut nganti tandhur uga nggaru mluku kabeh dilakoni. Sing asile digawe mangan wae kudu nyukup nyukupne. "Ya kene iki omahku Le," suarane wong wedok sing mlakune cepet banget ngageti Supatmo sing lagi nglamunke uripe. "Ohhh.... inggih Mak, kok kathah tiyang dhateng ngajeng," pitakone Supatmo rodok nggumun. "Iya Le, iki wong kondangan. Kowe bablas nyang mburi wae, itungen kabeh pira sing kudu takbayar." Suarane wong wedok sing umure antarane seketan. "Medal lawang pawon mriki, Mak?" Pitakone Supatmo karo nyelehne pikulane. "Mlebowa pawon Le, neng kana ana wong nat

Randha anyaran

Gambar
 ~Randha Anyaran~ Lelakon wus kari nuruti lampah Takgandholi lan taktangisi Nyatane kelakon pisah Endahing wengi ganda arume melati Saiki wus kari cerita, bubrah!!! Sejatine pancen abot mlaku dhewe Taktutup mata, kuping isih bisa ngrungokake Taksumpet kuping, mata genah njlentrehake Suwara suwara tekan adoh paran cecuwitan Tanpa ngindhit bener, andum pitnah seliweran Abote dadi randha anyaran Obah sakobah ngundhuh omongan Mlampah saklampah nyebar kacurigan Esem gemuyu wae ninggal landhepe rasanan Mendahneya nganti nyiwur genthong nyidhuk daringan Bisa padha padu gelutan gegeran!!! Sing sapa bisa selak ngendhani? Apa sing dadi pesthine Gusti Kayadene lelakonku saiki Kapisah ora jalaran tangan dolanan geni Banjur keslomot pedhot, ajur mumur nguciwani Nanging sapa sing bakal percaya? Sakgedhene welas lan tresna  Kang takparing lan takpuja Jebule isih bisa nuwuhne cidra Bebrayan kang takimpi lan takjaga Saiki njleput dadi umput merga ngliya Kangmas.....aku cuwa!!!! Epe 22/02/2022

Kalap

Gambar
 ~Kalap~ #1 Ing sawijining desa ana kutha Kediri ngancik taun 80an. Dalanan sakdawane mlebu desa isih makadam. Isih rupa watu sing ditata rata nganti tekan pucuk desa. Nanging sakpinggir kiwa tengene isih dilodhangi kurang luwih karotengah meter ambane. Gethok tular beritane teka wong ndhuwuran, pancen disengkakne anggone nggarap. Ora nunggu suwe dalane kudu wis rampung, wis wujud dalan aspal sing alus. Apa sebabe? Amerga neng totogane ratan ana gunung cilik uga sendhang sing jarene isih wingit senajan wis kasuwur dadi panggon pelesiran. Sing bakale arep ditata lan dibangun supaya luwih katon apik kanggo tambahan pengasilan wong sing manggon neng desane. "Puuuuk....puuuuk'e,...pupuuuuuk'e renyaaah," Suarane pawongan saka wetan sajak bengak bengok nawarne dagangan. "Krupuk Mo ," teka teras Budhe Suminem nyeluk bakul krupuk sing wis dadi langganane. "Inggih Bu, pinten?" Pitakone Supatmo karo nyelehne pikulane. "Kaya biasane Mo, iki pisan wad

Mat Kuncung

Gambar
 ~Mat Kuncung~ Jedhing sing diiseni wis meh oleh separo luwih. Kemriyek suarane kerekan sumur sajak njaluk digemuki. "Mat, katrole mbok digemuki dhisik, kawet maeng kriyak kriyek kok betahmen kupingmu," suarane Mak Yem karo nduleg githoke Mat Kuncung teka mburi. "Wegah, ben ngene wae. Wong ya ora ngganggu kowe," semaure Mat Kuncung ora ngawaki. "Wooo....wong ya kowe ki cah koclok kok Mat," suarane Mak Yem nginthik mlebu pawon. "Koclok tapi kan putih kaya cina," semaure Mat Kuncung karo rodok mesem nggodha Mak Yem. "Rupamu Mat, kaya ngana kui putih? Gek sing putih kui lho apamu?" Mak Yem mbengok teka njero pawon karo kekelen. "Rumasamu sing putih apa cina thok? Masia aku ya ana sing putih," Suarane Mat Kuncung kaya kumbang mbengung. "Karepmu Mat, ngko yen jedhinge wis beg gek mangano ya," teka njero pawon suarane Mak Yem ngomongi jaka tuwek sing dadi kongkonane wong sak desa. "Emoh, wetengku sik wareg," sem

Apakah boleh

Gambar
 Apakah Boleh Apakah boleh kupinjam kakimu? Untuk berjalan sebagaimana layaknya. Tanpa harus menendang ubo rampe milik penganutnya. Bukankah dupa dan sesaji itu tak menghalangimu? Lalu kenapa sepongah itu hatimu? Apakah boleh kupinjam hatimu? Untuk menimbang sebagaimana baiknya. Tanpa harus memaki tentang datangnya musibah bencana. Bukankah alam kitab yang menyimpan segala ilmu? Lalu kenapa sebiadap itu sikapmu? Seandainya memang tak setuju Cukupkan saja tutup mata dan telingamu Dan berdamailah dengan imanmu Bukankah semua ajaran mengajarkan kedamaian? Lalu kenapa otakmu dikuasai kebencian? Seandainya memang tak sejalan Cukupkan saja pergi dan jangan mengganggu Dan tenanglah dengan tawadukmu Bukankah semua ajaran menganjurkan kerukunan? Lalu kenapa buas nafsumu dikuasai peperangan? Kau teramat rendah ditempat yang tinggi Kau teramat dungu dilautan yang penuh ilmu Sekali lagi, bolehkah kupinjam kakimu? Sekali lagi, bolehkah kupinjam hatimu? Agar kau tau betapa nikmatnya Damai itu Klik

Kabut sore

Gambar
 https://youtu.be/5a1twZ4g87Q

Putri kenthug

Gambar
 ~Putri Kenthug~ "Yahmene kok wis thenguk thenguk kaya randhane bupati," suarane Mbah Ruminah ngaruh aruhi Semi sing lagi lungguhan neng bok ngarep omahe. "ngrantos bakul tempe Mbah, biasane jam wolu pun liwat, kawet maeng tak enteni kok dereng ketingal," semaure Semi nggenahne karepe. "Timbang njeginggleng nyawang ratan, mbok mlayu nyang warunge Sempok kana to Mi," suarane si Mbah karo ngelungne ungkusan. "Napa niki Mbah," pitakone Semi. "Maeng mampir nyang Trimah golek sarapan, mbuntel tempe karo lentho. Wenehno anakmu ben digawe lawuh," semaure Mbah Ruminah karo bablas nginthik ora lali nutup krenjange njalin sing biasa dicangking pendhak isuk karo deweke. "Mpun Mbah...mboten usah, wong kula arep nggawe bothok. Mangkane nyegat bakul tempe," suarane Semi isih nggenahne. "Yen arep mbothok kana goleko godhong nyang mburitan omahku," senajan wes nginthik ngalor Mbah Ruminah isih njawab omongane Semi. "Woooo...pan

Nyah Kotrik

Gambar
 ~Nyah Kotrik~ Embuh piye critane kok isa diceluk nyah kotrik senajan jeneng asline Lasemi. Turunane tukang nganakne duit. Jenate Mbok'e sing jenenge Mbokdhe Sutik Brintik kondang dadi renternir sing mentalan. Yen ana wong sing telat nyaur utange anakan, embuh apa wae sakpethuke isa dicangking pinangka jaminan. Ora ketang panci blirik, jarik utawa rantang. Nyah kotrik pawakane cilik njuthil tipis sayik sayik, lakonane mekeh mekeh kaya bayi kesuwen dipekeh. Kulitane peteng rambute brintik kaya mbok'e. Tapi yen kadhung mbengok suarane banter, langak langak ora bisa dikalahne. Ora beda karo jenate Mbok'e, Nyah Kotrik penggaweane uga nganakne duit, senajan neng omahe duwe toko pracangan. Yen isuk bakul janganan, wayah sore jam telunan mulai mubeng numpak sepedah Phoenix jengki biru nawarne dagangan karo nagih setoran.  Sakliyane duit, apa wae dikreditne. Daster, sepatu tas lan seragame cah sekolah, jajanan lan ombenan yen ngadhepne riyaya nganti emas emasan manut jalukane wong

Bangku tua depan gereja

Gambar
 ~Bangku Tua Depan Gereja~ Kembali langkah ini terpaku disini. Menatap jalanan yang masih lalang seperti dulu. Menyaksikan burung burung yang saling berpatuk dalam cumbu. Selembar roti gandum kulemparkan, bercuitan mereka saling berebutan. Sengaja kubiarkan mereka mendekati kakiku, bahkan mematuk roti dari tanganku. Ambilah...ambilah, kataku seraya melempar semua lembar roti makan siangku yang tiba tiba saja tidak mampu menggoda rasa laparku. Burung burung itu tampak berloncatan, mungkin itulah bahasanya untuk berterimakasih. Senja beranjak sempurna. Seperti rinduku yang utuh kepadamu. Yang selalu kutitipkan di langit Amsterdam tiap kali aku datang.  Ada namamu disana, bangku tua depan gereja. Saat hujan tangan kita berdekap dalam genggam. Jangan pernah lepaskan. Karena kita saling menguatkan bukan? Di sendiriku ada kenangan tentangmu. Meski basah memerah hujan, cerita disudut kota itu tak akan pudar. Aku rindu, Rindu sekali, tentang cerita dan langkah kita menyusuri kota tua. Mengupas

Digondhol gendruwo

Gambar
 ~Digondhol Genderuwo~ Ana sawijining desa ngancik taun 80an. Wiwit sore gerimis ora ana lerene. Lampu petromak sing biasa disumet ngadhepne surup wes mati kari ninggal ambu sing kaya kaya wis kelet karo piyan gedhek omahe Pak Lasiran tela. Penggaweane pancen bakulan tela. Uga tukang nebasi tanduran apa wae sing wis wayahe panen.  Dhungggg....dhungggg, Teka gerdon pinggir desa krungu suarane kenthongan ditabuh ping pindho pertandha yen isih jam loro padhak esuk. "Mak...mak'e..aku kebelet nguyuh," suarane Lastri karo njawili pundhake emake sing turu nyingkuri deweke amerga ngeloni adike sing isih ngempeng. "Ayo, alon alon..adike ben ora tangi," semaure emake setengah bisik bisik karo nggelung rambute. "Mak,..aku wedi, kawet maeng ana suwara tabuhan, sapa sing ilang Mak?" Pitakone Lastri karo nggondheli tangane emake. Omah sing dimare mung lampu teplok siji,sing ditemplekne neng cagak. Lawang jutulan nyang pawon peteng ndedhet ndadekne Lastri saya rapet

Dendam perundungan#1

Gambar
 👻Dendam Perundungan👻 ,#Bullying Lorong sekolahan itu tiba tiba saja sepi tak berpenghuni. Ricky, Laura, Ann, Daan dimana kalian?  Rutuk hati Boy sambil terus berlari. Sialnya semua pintu kelas terkunci dan hanya ruang laboratorium yang sepertinya masih terbuka. "Auuuh...sialan, umpat Boy ketika kakinya terantuk pembatas taman saat hendak mengambil jalan pintas. Boy jatuh terjerembab, dan di belakangnya tampak Corry semakin mendekat. Dengan pisau tajam mengkilap yang berlumur darah. Juga noda darah segar membasahi seragamnya yang koyak disana sini. Tinggal beberapa langkah lagi, Dan,... "Ampun Corry.... ampun," teriak Boy ketika gadis belia itu siap menghujamkan pisaunya tepat di dadanya. "Aaaaah,..." Teriaknya disertai keringat yang membanjiri tubuhnya. "Hei...bangun, bangun...nanti kesiangan, makanya kalau minggu jangan suka begadang nonton film horor, jadi kebawa mimpi kan?" Ucap tantenya yang kebetulan menginap dirumah itu sembari menepuk pipi