Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2023

Matahari Bintang dan Kebenaran

Gambar
 Matahari, Bintang, Kebenaran Selamat pagi mentari Hangat pancarmu telah kau bagi  Terang sinarmu telah kau beri Kepada kami penghuni bumi  Meski disetengah putaran hari Engkau harus sejenak pergi Lalu, Selamat malam gemintang  Indah cahayamu memberi terang Pendar kerlipmu tinggi menghiasi awang  Memanjakan mata dan jiwa dalam tenang Meski hanya di putaran malam lalu pulang Engkau tetap tenang  Itulah kebenaran, Terus datang tanpa bisa disembunyikan  Apapun adanya dia beri dan lepaskan Tanpa mengurangi atau menambahkan  Disegala musim-musim kemarau pun hujan Akan tetap menyapa serupa kepastian Dan, Aku yang debu papa serupa tiada  Menjadi sahaya yang jelata  Dalam kekang nafsu hasrat dunia  Tanpa menyadari bara yang bisa membakarnya Bahwa tiada yang kekal di dunia Semoga semua makhluk berbahagia  🙏🙏🙏 #Matahari #Bintang #Kebenaran  Adalah tiga hal yang tidak bisa lama disembunyikan. Amsterdam  16/09/2022

Mendes, Aku Pamit

Gambar
 Apa kowe ora kelingan  Nalika biyen jaman isih pacaran  Lungguh jejer lan sawang sawangan  Ati seneng rasane semu ndhredheg ra karuwan  Nanging saiki kahanane wis beda Nyatane kowe rabi karo wong liya Niyatku lunga pamit arep makarya Malah kok anggep aku cidra janji prasetiya  Mlanjer layangan anclub ra ana angin  Thenger-thenger dhewekan ora sida kawin Ngimbu gedhang neng njero genthong Sing tagadhang wis dadi bojone uwong Wohe kates yen mateng rupane abang Mendas-Mendes, ngundangku krana sayang Oleh warisan wujude kalung lan gelang Tak eman-eman nyatane saiki ilang Mendes, srengengene wis lingsir  Tatitipne kangenku lewat angin kang sumilir  Nganti seprene jenengmu wutuh ing pikir Yen kelingan rasa ati kaya remuk disuwir-suwir Apa aku kudu muni terima wis lila Ngapusi ati sing sejatine isih gela Apa aku kudu muni seduluran wae Yen ning ati isih nduweni tresna gedhe Ndes ... Mendes, luwih becik aku pamit Bebasan ngombe jamu rasane pancen pait Ndes ... Mendes, senajan tresna sundhul l

Tlasah

Gambar
 Tlasah  "Dlogok njaran," suwarane  Bakri Genjik karo nyawatne tegesan klobot mbakone. "Kowe kuwi gek nyapo lho? Apa dhuwitmu wis gusis?" pitakone Kardi Bongkeng sing lingguh ana sisihe. "Wong wis ora gableg apa-apa, Tomblok ndandak godha njaluk jarik karo bayak. Jan asu tenan kok," gembranggange gentho desa sing isih nglepus nyumet lan nyedhot rokok klobote. "Lhaaah, wingi jegek'e bar ngukuti bangkone Supar. Malah Lurah Keplek jare mbok edhel-edhel," pitakone Kardi Bongkeng pingin nggenahne perkara sing lagi diadhepi balane. "Cok ... ora usah nyemoni, ngedhel-ngedhel matamu kuwi. Malah kene sing digawe remuk-remukan karo Bandi sakbalane" semaure Kardi ngempet nesu nganti abang ireng praupane. Nyawang kancane sing lagek keneson, ora ndadekne Kardi Bongkeng saya alon anggone moyoki ngajak guyon.  Sebab dheweke wis paham karo watake balane, sing wiwit piyik wis kondhang nakal, tambeng lan ndablege. Nganti dadi jaka cilik, bocah loro k