Mendes, Aku Pamit
Apa kowe ora kelingan
Nalika biyen jaman isih pacaran
Lungguh jejer lan sawang sawangan
Ati seneng rasane semu ndhredheg ra karuwan
Nanging saiki kahanane wis beda
Nyatane kowe rabi karo wong liya
Niyatku lunga pamit arep makarya
Malah kok anggep aku cidra janji prasetiya
Mlanjer layangan anclub ra ana angin
Thenger-thenger dhewekan ora sida kawin
Ngimbu gedhang neng njero genthong
Sing tagadhang wis dadi bojone uwong
Wohe kates yen mateng rupane abang
Mendas-Mendes, ngundangku krana sayang
Oleh warisan wujude kalung lan gelang
Tak eman-eman nyatane saiki ilang
Mendes, srengengene wis lingsir
Tatitipne kangenku lewat angin kang sumilir
Nganti seprene jenengmu wutuh ing pikir
Yen kelingan rasa ati kaya remuk disuwir-suwir
Apa aku kudu muni terima wis lila
Ngapusi ati sing sejatine isih gela
Apa aku kudu muni seduluran wae
Yen ning ati isih nduweni tresna gedhe
Ndes ... Mendes, luwih becik aku pamit
Bebasan ngombe jamu rasane pancen pait
Ndes ... Mendes, senajan tresna sundhul langit
Aku wegah bebasan wong mangan mung dadi slilit
Lisse
03-09-2023

Komentar
Posting Komentar