Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2023

Dhukun Tiban 1

Gambar
 Dhukun Tiban  Udane ngrecih ndadekake atine Darso saya sedih. Wiwit Magrib nganti Subuh bebasan wong mangan ora ana warege. Imbah-imbuh, mandheg sedhilut banjur teka  maneh. Hawane jan ngepenakne wong turu, apa maneh kanggone sing manten anyar.  Bisa memetne klasa lan njeplukne galar. Nanging seje sing dilakoni Darso, turune malah singkuran karo bojone. Mripate kethap-kethip nyawang tembok kamare  sing durung kober dilepa.  "Huuuft" ... Darso ngunja ambegan dawa, pikirane bingung ngelingi akehe butuh sing durung oleh petung. "Dhuwit listrik wis ditakokne karo lik Sarmi." "Tangga-tangga wis padha maleman, aku isin yen mung nampani rantangan." "Ngadhepne pasa lan riyaya, saline bocah-bocah, suguh, daringane kothong." Lan sakrenane sambatane Marsiti kaya-kaya isih mbengung ana kupinge. Ndadekne wengi kuwi ora bisa jenak turune. "Dhuuuh ... Gusti, mugi dipun paringi rejeki."  Batine Darso tanpa krasa dibarengi nggrantese ati.      "De

Dhukun Tiban 3

Gambar
 Dhukun Tiban 3       "Waaah ... Karimin oleh As, tombokane cocog patang angka," bengoke Suraji ana ing parkiran lapangan. "Mosok ... kok bisa ces pleng olehe nyepi nengendi?" Pitakone hansip Saipul antara kaget lan pingin. "Krungu-krungu ngramesi dhewe saka kodhe alam dhukun tiban," jawabe Suraji. Sidane isuk-isuk kabeh padha rame, gara-gara tombokane buntut Karimin perot nyanthol patang angka. Lan jenenge Darso dadi tambah kegawa-gawa.  "Pokok sakunine Darso, kuwi rungokno." Kandhane Karimin perot. Praupane sumringah bungah, sebab nampa dhuwit hadiah undian PORKAS.            Lan kabar Darso bisa menehi kodhe alam saya rame. Ora mung bisa nambani, nanging uga bisa menehi nomer kanggo wong sing seneng tombok nomer. "Waaah, kok kados makani kethek to Mbah. Ndadak mbeta gedhang barang." Celukuke Darso marang salah sijine "pasiene" sing nrengguluk gedhang saktundhun. "Lha gadhahe namung niku lho Mas," semaure si Makdhe

Dhukun Tiban 2

Gambar
 Dhukun Tiban 2      Kabar yen Darso bisa nambani wong lara, saknalika gethok tular kondhang nganti tekan njabane desa. Darso dhewe sakjane ora ngrumangsani yen dheweke bisa nambani. Nanging saka mbah Juwari sing kesleo nganti aboh sikile, yu Paijah Sithip sing gudhigen garese, anake Kusenan pandhe sing gondhangen merga bar sunat ora gelem sarungan. Nganti Kusmiyati jebrak sing bolak-balik kumat ayane. Tundha reta akeh wong melu teka merga arep golek tamba. Apa maneh bar riyaya, wong sing sambang sedulure ana ndesa yen mbalik boro padha ndawakne cerita.        "Sakjane kula mboten niat ndhapuk dhukun lho Pak, nanging pripun yen disuwuni tangga supados nyuwuk," kandhane Darso nalika diparani pak Lurah dan carike nyang omahe. "Lha kawitane piye, kok saben dina wong-wong padha nglumpuk njaluk suwuk," pitakone pak Lurah melu penasaran. "Kula wangsul janggol, kudanan campur luwe setengah masuk angin. Lajeng kemutan watu ingkang kula temu nalika ngiyup, kula kanthong

Peri Grumbul Mangkokan

Gambar
Peri Grumbul Mangkokan #CermisBasaJawa Kepuh Tunggal ing mangsa taun 80-an. Kanggone warga desa Kepuh Tunggal, wis ora dadi rahasia maneh yen omah suwung adu arep kuwi kondhang angker lan wingite. Omah gedhe sing meh ambruk, tembok gempal uga gentheng, cagak, usuk lan blandare wis ora karuwan alang ujure. Mlorot lan pecah keterak mangsa, uga nyonyot lan gapuk dipangan rayap. Latare wis kaya alas ngalih. Suket gajah lan sakrenane thukulan dadi grumbul kang nambahi sintrung  lan medenine kahanane.  Jedhing lan sumur sing ana poncotan ngarep omah kerep dadi sumbere cerita. Amarga saking kerepe wong-wong sing dipethuki medi memba-memba menungsa, utawa amung semrebete ganda. Kang Paidi tenun nate keplayon sipat kuping, nalika nyemplah godhong pandhan sing thukul subur jejer karo kembang mangkokan. Ujug-ujug mambu wangi lenga cem-ceman lan krungu suwara wong wedok ngguyu cekikikan senajan bedhug ndhrandhang.            Ora beda kahanane karo omah ngarepe. Senajan wis diwatesi ratan, nanging