Dhukun Tiban 3

 Dhukun Tiban 3


      "Waaah ... Karimin oleh As, tombokane cocog patang angka," bengoke Suraji ana ing parkiran lapangan.

"Mosok ... kok bisa ces pleng olehe nyepi nengendi?" Pitakone hansip Saipul antara kaget lan pingin.

"Krungu-krungu ngramesi dhewe saka kodhe alam dhukun tiban," jawabe Suraji.

Sidane isuk-isuk kabeh padha rame, gara-gara tombokane buntut Karimin perot nyanthol patang angka. Lan jenenge Darso dadi tambah kegawa-gawa. 

"Pokok sakunine Darso, kuwi rungokno." Kandhane Karimin perot. Praupane sumringah bungah, sebab nampa dhuwit hadiah undian PORKAS.


           Lan kabar Darso bisa menehi kodhe alam saya rame. Ora mung bisa nambani, nanging uga bisa menehi nomer kanggo wong sing seneng tombok nomer.

"Waaah, kok kados makani kethek to Mbah. Ndadak mbeta gedhang barang." Celukuke Darso marang salah sijine "pasiene" sing nrengguluk gedhang saktundhun.

"Lha gadhahe namung niku lho Mas," semaure si Makdhe karo ndrenges.

"Pul ... kethek karo gedhang." Bisike Suraji marang hansip Saipul.

"Beres," semaure Saipul karo nduduhne jempole.

"Berarti 23," imbuhe Suraji.

"Saking pundi Pak," pitakone Darso marang wong lanang sing isih katon gagah senajan wis tuwa.

"Surabaya Mas," semaure si bapak karo setengah pincang.

"Rematik nggih," pitakone Darso.

"Sakjek pensiun, dengkul rasane kaya njarem keju linu."

"Pensiunan napa Pak?" Pitakone Darso.

"Rumiyin dhines teng Polda," si bapak nggenahne karo mapan lungguh ana sisihe Darso.

"Waaah polisi malih, ingkang nembe ugi polisi. Nanging saking Nganjuk," kandhane Darso. 

"Sssst ... polisi Git," celuluke Sutikno Pitik marang Gito sing uga melu njeginggut nunggoni wong golek tamba.

"Dudu 09 ... Tik, ketoke ngeban, bar polisi kok polisi maneh, berarti ngeban," semaure Sutikno nduweni penemu dhewe.

Nyatane ngadhepne jam rolas bengi, metune ngeban tenan.

Lan ramesane Sutikno sing pener, kodhe alam polisi ngeban.

Saknalika Sutikno mbeleh sepuluh pitik  dagangane, banjur dipanggang. Dipangan bareng saktanggane.

Amerga patang angka tembus saka ngramesi omongane dhukun tiban.

0923!!!


              Gerimis isuk kaya-kaya mbarengi jago sing kluruk. Lan kaya biyasane, polahe panguripan ing desane Darso wis diwiwiti. Ana sing budhal nyang pasar adol janganan, ada sing arep buruh tandur lan ndhaut, ana sing nyikar, ana sing bakulan panganan lan butuhan lan sakpituturute.       

Nanging, ramene dhukun tiban saya ora karuwan, wong sing golek tamba lan sing seja ngramesi omongane Darso pinangka golek angka uga durung suda. Saiki ketambahan cerita anyar.

"Kok nganti mondhok, sampean asli pundi to Mbak Ida?" Pitakone mbokdhe Tumini marang dhayohe.

"Kula asli Mojokerto, Budhe." Semaure Ida.

"Lha badhe madosne tamba sinten? Wong Sampeyan ki ketingale seger waras!" Pitakone mbokdhe Tumini.

"Anu ... anu, Budhe ... badhe pados bojo, awit mpun tigang dada langkung," semaure Ida karo semu isin.

"Woalaaaaah ... takdongakne ndang pethuk ya Ndhuk!" Kandhane mbokdhe Tumini.

"Matur nuwun, Budhe," pamite Ida karo nyalami mbokdhe Tumini. Wong randha sing omahe katut kecipratan rejeki dhukun tiban, merga disewakne gawe pondhokan.


         Lapangane wis rame. Mbak Ida katon melu uyel-uyelan karo liyane. Nalika antri njupuk nomer, dheweke ngarep mburi karo wong lanang klimis tur necis.

Sepaton, clanan komprang, klambine lengen dawa dilinting sakpertigan lan kacamatan ireng pisan. Sajak mesam mesem nyawang mbak Ida sing pancen dasare ayu lan pawakane gedhe dhuwur. Rambute kritingan sakpundhak, nyangklong tas lan sepaton srampatan.

Wong loro kuwi ora ketok kaya liyane. Sing kating krempis nyangga larane.

Seje dhewe!!!

"Mbak, sakit napa?" Pitakone wong lanang klimis kanti sopan.

"Mboten sakit Mas, namung badhe nyuwun donga," semaure mbak Ida.

"Donga napa?" Pitakone si klimis.

"Kersane lancar ... lancar jodho," mbak Ida ndhingkluk karo mesem semu isin.

"Lhaaa, ... lha kok padha karo aku, apa kira-kira jodhone awake dhewe dipethukne ana kene yo?" Suwarane klimis katon bungah sumringah.

Sawetara mbak Ida isih kamidlongopen merga ora nyangka yen ana sing duweni tujuwan padha.

Kepiye sakbanjure ceritane?

Tunggu ... ana candhake!


Geschreven door Sita Aulliya 

Amsterdam 

20-01-2022


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5