SUKARNI #3
~Sukarni ~
#3
Kethap-kethip, glibag-glibeg ana njero kamar mung molak-malik ora bisa turu.
Pikirane bingung, sedih lan nelangsa dadi siji.
Wis meh telung minggu, Sukarni manggon ana omahe Pak Bambang pegawe PJKA.
Dheweke bisa manggon merga sing nitipne Lik Bagong. Lan uga keloron sajake wis kenal suwe.
Jenenge wong nunut, piya-piye tetep wae sarwo ewuh. Senajan Sukarni kalebu bocah sing ngerti penggawean, nanging yen sedina methethet amung ngglibet wae ana omah. Suwe suwe sapa sing betah?
"Wis telung minggu lho Le, kok likmu durung nyusul kowe ki piye karepe? Apa kowe melu aku wae, ngewangi resik resik karo nyambi nyambi golek gawean liyane?" Pitakone Pak Bambang ana ing sawijine sore.
"Karo bisa ngancani mbak Dewi, yen taktinggal lunga kaya dina iki," imbuhe wong lanang sing wis macak mlipit merga arep lunga kondangan.
"Kula matur nuwun sanget Pak, nanging kados ingkang sampun kula critakne. Niyat kula teng Jakarta badhe nyusul sederek. Lha kok malah angsal musibah kados ngeten," jawabe Sukarni karo mbrembeng.
"Kar....Karni," saka njaba ujug ujug krungu suwarane Mbak Dewi sing bengak bengok sajak bungah.
"Inggih Mbak," jawabe Sukarni semu bingung.
Merga Mbak Dewi langsung gapyuk ngrangkuli dheweke.
"Ana apa Wi, digenahne sing cetha ta!" Pak Bambang melu bingung nyawang polahe anake wedok.
Merga saking ramene suwarane Mbak Dewi, nganti ibune melu metu saka kamare.
Senajan isih eker mbenakne selendhange.
"Klambi sing takelokne lomba wingi kae, menang lho Pak...Bu!" Sorake Mbak Dewi ketok bungah tenan.
"Merga direwangi lan dibenakne karo Sukarni," imbuhe karo ngrangkuli bocah lanang sing isih ndomblong.
"Kula namung nambahi sekedhik kok Mbak," jawabe Sukarni ora gelem digedhek gedhekne.
"Sithik, nanging ndadekne kabeh dadi apik lho Kar, lan saiki aku oleh juwara siji. Coba delengen iki!" Kandhane Mbak Dewi karo nduduhne kertas amplopan.
"Waah, kowe iki pancen prigel lan pinter tenan lho Le." Bu Bambang melu bungah atine.
Sakwise melu maca surat sing diduduhne anake.
"Dhuwite iki, kanggo kowe wae Kar. Sing penting sakwise iki, aku isa melu peragaan busana sing dianakake karo "desainer" kondang. Mengko kowe gelem ngancani aku ya, Kar?"
Kanthi bungah sing gedhe, Mbak Dewi ngandhani marang Sukarni.
Lan bocah bujang cilik saka ndesa kuwi mung mesem ora bisa semaur.
Merga sing dipikir mung kepiye bisa ketemu Mas Puad banjur ngewangi bakulan.
Sukarni ketrima manggon melu Pak Bambang, omahe cukup gedhe gawe ukuran kutha Jakarta. Anake mung siji, sing isih sekolah kelas telu ana SMK, njupuk jurusan Tata Busana.
Mangkane pakaryan saka sekolahane ora adoh saka bab jait lan dondom.
Ndelalah nalika njajal melu lomba gawe model batik, bisa menang nganti oleh dhuwit barang.
Senajan asline merga saka olah pikire Sukarni.
Lan Mbak Dewi dhewe uga ngakoni.
"Yen nyapu sing resik Le, ben ora brewok," celuluke wong sing liwat ngarep omahe Pak Bambang nalika Sukarni nyaponi teras sing kelet karo ratan.
"Ohhh...," Sukarni kaget merga nyawang wong ngaruh ngaruhi dheweke.
"Ora usah kaget Le, aku krungu ceritamu saka Pak Bambang," imbuhe wong lanang sing macak wedok komplit jarik kebayak saksanggule.
Sukarni nyawang nganti kamidlongopen. Merga sakliyane wandu, uga nyangking kotak kayu sing ana karete. Kaya sing biasa digawe tukang mbarang mubeng ing desane biyen.
"Ya pancen ngene iki nyambut gawene Le, yen pingin jagongan mbokya mara nyang kosanku," imbuhe wong lanang sing ketoke grapyak lan semanak.
"Griyane pundi...," Sukarni sajak bingung olehe arep nyeluk.
"Jenengku Prayit Gembuk, manggonku gang kulone warung kopi etan kuwi. Mlebu ngalor kamar nomer pitu," kanthi gamblang wong lanang kuwi menehi ancer-ancer kosane.
"Nggih Mas, ehhh...Mbak,mangke kula tak dolan mrika." Semaure Sukarni pakewuh anggone nyeluk.
"Nyeluk mas wae, pak Bambang sakeluargane wis kenal kabeh karo aku," suarane wong lanang kemayu kuwi karo mlaku.
"Inggih Mas," jawabe Sukarni karo nutugne anggone nyapu.
Bengi bar Isyak, Sukarni pamit yen arep dolan nyang kosane Prayit Gembuk.
"Yo..dolano ta Le, ben weruh njaba," semaure Bu Bambang.
"Inggih Buk, kula medal sekedhap," Sukarni kanthi sopan mlaku mbungkuk merga ngliwati wong wedok sing lagi ndelok tipi.
"Aja bengi-bengi leh bali," pesene Bu Bambang sajak mulai gati karo Sukarni.
"Inggih Buk," jawabe Sukarni karo mbukak lawange pager.
Jebule gang omah kuwi rame lan padhet.
Omah dhempet dhempetan. Bakul kopi, sega goreng, mi goreng lan sakrenane panganan jejer turut pinggir ratan cilik.
Ambune gurih sedhep campur dadi siji karo beluke montor sing liwat kaya tanpa kendhat.
Ketambahan suwarane nyanyian sing disetel kaya banter banteran.
Cubit-cubitan nganti Cameliane Ebiet, muni bareng pratandha yen iki lho ibukota.
Jakarta!!!
"Njagong kene wae Le, neng njero sumuk," kandhane Prayit Gembuk sing mung bebetan sarung.
"Sampeyan kok mboten jarikan malih Mas?" Pitakone Sukarni karo nyawangi wong lanang sing katon seje karo sing ditemoni awan maeng.
"Macak wedok mung digawe golek dhuwit Le, yen wis neng omah ya mbalik kaya asale," semaure Prayit Gembuk karo nyedhot rokoke.
"Kenging napa kok ndadak jarikan Mas? Kan nggih nyrimpeti lan tiwas ngangel ngangeli lampah?" Pitakone Sukarni polos.
"Yen ndhapuk wandu ngene iki luwih penak Le, wong nyawang melu seneng. Oleh hiburan tambahan. Soale aku wong lanang nanging bisa kemayu." Jawabe Prayit Gembuk karo nrawang mripate.
Nyawang dalanan ngarep gang, sing rame blebar bleber suwara montor liwat ora karuwan.
"Napa Mas, kok sajak..." pitakone Sukarni.
"Ahhh...ora, Le. Mung kelingan anakku neng Ndesa," semaure Prayit.
"Gadhah yoga ta Mas?" Sukarni saya gedhe anggone pingin ngerti.
"Ana telu Le, sing mbarep umur sepuluh taun, adhine wolu lan ragile limang taun," jawabe Prayit Gembuk.
"Lha bojone sampeyan...,"
"Wis mati Le...." Jawabe Prayit mungkasi.
"Ngapunten lho, Mas." Sukarni sajak getun karo pitakone.
"Wong wedok ora bisa ngajeni polahe wong lanang neng paran. Taktinggal boro adoh paran malah tumindak sedheng karo wong liya." Imbuhe Prayit Gembuk karo isih kebal-kebul ngentekne rokoke.
"Mangkane, kanggoku dheweke wis mati Le. Bocah telu taktitipne mbakyuku. Pendhak sasi aku bali nyang Wonosobo, saperlu tilik bocah karo menehi dhuwit gawe ragate." Ceritane Prayit Gembuk ngenani kahanan uripe.
"Ya...ngene iki lho jenenge urip Le, aku uga krungu ceritamu saka pak Bambang. Pokok sing sabar lan ikhlas ya Le, sing penting niyate." Imbuhe Prayit Gembuk sakwise cerita ngalor ngidul.
Apa maneh ketambahan ditekani kancane, sing katut melu boro. Digawa saka desane.
Wong lanang telu sakumuran, sing sejatine nduweni urip lumprah anggone omah-omah.
Banjur mbarang bareng, ndhapuk wandu ana paran. Sing penting ora apus, colong jupuk barange liyan.
Saya wengi saya gayeng anggone padha kenalan lan cerita.
"Piye Le, dipikir sing manteb, yen pancen gelem melu, sesuk isuk takampiri nyang nggonmu." Pitakone Prayit Gembuk sakdhurunge Sukarni pamitan.
"Kula tangklet pak Bambang riyin nggih Mas," semaure Sukarni antara pingin melu lan bingung.
Sebab saka ceritane wong wong kuwi, asile mbarang turut terminal lumayan akeh.
Ana desane padha dhuwe omah lan sawah.
Uga sapi wedhuse sepirang pirang cacahe.
Lan kabeh kuwi ndadekne Sukarni kebimbang atine.
Melu mbarang!!!
Amstelveen
14/03/2022

Taksih wonten lanjute???
BalasHapusWonten, nanging kedah sabar rumiyin nggih
HapusSae sanget mbak dipun tengga lelampahipun Sukarni saklajengipun .
BalasHapusMatur nuwun mbak.
Matur nuwun, sabar rumiyin nggih
HapusDitunggu kelanjutannya ππ
BalasHapusSabar rumiyin nggih
HapusSabar rumiyin nggih
HapusWaoowwww....
BalasHapusPancen sastrawati kang prigel agawe geguritan kang kebak isi lan makna ππππͺπͺ
Matur nuwun, kula ugi taksih sinau nyerat π
HapusMaturnuwun mbak...sae sangetπ
BalasHapusMatur nuwun π
HapusMbok ditekuni melu pak Bambang wae ta Niiiii, sapa ngerti kowe sukses karo mbak Dewi dadi desainer. Ketimbang melu mbarang, jenengmu dadi Sukarniwatiπππ
BalasHapusPokoke sabar, lakone taksih dawa
Hapus