Randha Bingung #8


 *Randha Bingung*

#8


Bu carik katon wis dandan mlipit.

Jarik wiron, kebaya kutu baru ora keri selendhange. Tambah gandhes karo sanggul lan sandhal jinjite.

Dina iki ana rapat gedhen ing kecamatan. Lurah lan carik sarimbitan arep lunga nekani undhangan.

"Bas, kae becakku wis teka. Aku takbudhal sik ya," kandane Bu Carik marang adhine.

"Yen butuh apa apa ngongkon Gendhon wae, dibengoki sing banter. Soale kupinge rodok budheg." Tambahe karo sripat sripit mbenakne jarike.

"Mas Guntur ora bareng ta Mbak?" Pitakone Baskoro saka ndhuwur kursi rodhane.

"Masmu mengko nyusul, bareng karo Pak Lurah," semaure Bu Carik sing wis lungguh ana becak.


Latar jembar sing kebak kembang katon seger ijo ditambahi suwara ocehe manuk.

Ana ing mbale omah gedhe, Baskoro lungguh ana kursi rodhane. Mripate ora owal nyawangi sikile sing di gips merga tiba kepleset ana jedhing omahe.

Pancen balung wis ora enom maneh, ndadekne dengkule mesle lan kudu dioprasi supaya bisa bali kaya asale.


"Kulanuwun....Kulanuwun....Bu," ujug ujug ana celuluk suwara sing ndadekne Baskoro kaget nganti njingkat saka lungguhe.

Saking penake olehe nglamun, ora krasa sikute nyenggol gelas teh ing nduwur meja sing ana sisihe.

"Ngapunten....nyuwun ngapunten Pak," jebule Sumini sing teka arep ngeterne setrikanane.

"Mboten napa napa Dhik, bene diringkesi Kang Gendhon," semaure Baskoro kami dlongopen nalika nyawang Sumini.

"Panjeneng.....,"

"Aku adhine Bu Carik," jawabe Baskoro karo ngelungne tangane.

Rodok pekewoh Sumini nyalami sakwise nyelehne buntelane.

"Kula Sumini, buruh ngumbah kaliyan nggosok sandhanganipun Bu Carik sakeluwarga," jawabe Sumini karo ndingkluk.

"Kersane kula resiki Pak, menawi Kang Gendhon tasih teng wingking." Sumini sing wis biyasa saba, nginthig nyandhak sapu karo cikrak gawe ngresiki pecahan gelas campur banyu teh. 

"Bu carik dhateng pundi Pak?" Pitakone Sumini sing sidane ngepel jogan pisan.

"Rapat karo Bu Lurah nyang kecamatan," semaure Baskoro karo nyawangi sakpolah obahe Sumini.

"Sandhangane kula selep mriki nggih," kandane Sumini karo njunjung buntelane, banjur diseleh ndhuwur meja sing ana ing mbale.

"Dhik, aku bisa njaluk tulung?" Pitakone Baskoro rodok sungkan.

"Nggih Pak, tulung napa?" Sumini sing dhasare pancen enthengan sakal menehi jawaban.

"Sedhilut maneh, wayahe ngombe obat. Nanging obatku isih ana tas ireng sing neng njero lemari. Apa sampeyan bisa njupukne kanggo aku?" Alus suwarane Baskoro nggenahne karepe.

"Inggih Pak, kula pendhetne toya pindah nggih?" Semaure Sumini sajak ora kabotan.

"Matur suwun ya Dhik," jawabe Baskoro karo mesem tipis.

"Sami sami Pak, kula pamit pindah nggih," pamite Sumini karo ndingkluk sopan.

Baskoro manthuk karo mesem.

Mbuh kenek apa, pikirane dadi nduweni rasa sing seje lan ora sakbaene.


Bedhug Bu Carik lagek teka omah. Anggone rapat neng kecamatan ngrembug perayakan mangeti dina Kartini.

Sakrenane lomban sing ana gandheng rentenge karo para wanita dicathet thirik apik.

Lomba tumpeng, miru jarik, sanggulan, ngrangke kembang nganti luwes busana wis dirembug bareng antara Bu lurah, Bu Carik lan Bu Sukesi pinangka ketua PKK ing desane.


Pancen wis dadi budhayane wiwit biyen, pendhak dina pangetan kamardikan, nganti mauludan mesti ana ramen ramen lomban.

Hawane sayuk lan regeng, bakul sembarang kalir nglumpuk ana lapangan. Awan jaranan, yen bengi ana sorot utawa pilem sing iso nglumpukne wong sakdesa. Lanang wedok, gedhe cilik, enom tuwek padha seneng.


"Yen lomba liyane wis oleh uwong, nanging sing pantes dikongkon melu lomba busana sapa ya pak?" Pitakone Bu Carik karo milang milingi buku cathetane.

"Golek sing enom tur pawakane oleh Bu, taun mburi biyen desane dhewe menang. Merga ana Nduk Sari. Saiki bocahe wis rabi digawa sing lanang lunga nyang Sumatra." Pak Carik sing lagi metheti manuke melu urun suwara.

"Tak pikar pikir wiwit neng ndalan karo Bu Lurah, nanging dhurung temu Pak."

Semaure Bu Carik karo numpuki jarik sing arep digawe latian miru karo ibu ibu PKK.


"Lha bocah sing awan mrene ngeterne sandhangan, rumangsaku pantes yen dipacaki Mbak," Baskoro nyela nyela melu omong.

"Wooooo...iya, bener apa jarene Dhik Bas," semaure Pak Carik kaya dielingne.

"Awakmu pethuk karo Sumini apa piye Bas?" Pitakone Bu Carik sajak pingin ngerti. 

"Isuk ora suwe sakwise sampean budhal," bocahe teka ngeterne sandhangan. 

Malah ngewangi ngresiki gelas sing kesikut karo njupukne obatku," jawabe Baskoro nggenahne kabeh ceritane nyang mbakyune. 


"Bocah ayu tur lugu, ngesakne uripe. Bojone mati dicokot ula. Ninggal anak siji sing isih bayi." Bu Carik sajak melas tenan karo Sumini. 

"Wareg pitnah wareg semon kuwi Dhik, pancen uwong yen ora salah, bakale menang," pak Carik sing wis krungu cerita saka lurahe sajak prihatin karo nasipe Sumini.

"Ana cerita apa Mas, aku kok malih penasaran," pitakone Baskoro marang Mas ipene.

"Takon takon wae, sajak ana ati apa piye ta Bas?" Bu Carik nglirik adhine sing isih bujang karo mesam mesem.

"Ora Ngono Mbak, kok wareg pitnah kuwi sebabe apa? Baskoro sajak pingin ngerti tenan.

"Randha enom yen ayu tur lugu pisan, obah sakobah dadi omongan. Nanging wong becik ketitik, wong ala bakal ketara." Bu Carik nyauri pitakone adhine, banjur ndakik ndakik nggenahne kedadeyan ing omahe Pak Lurah. 

"Berarti Minggu isuk, sulastri kudu ngakoni kabeh tumindake neng ngarepe warga?" Pitakone Baskoro maneh.

"Iya, ben padha mandeg anggone nggunem Sumini," jawabe Bu Carik.

"Yen dagangane isih akeh, biyasane idere tekan kene. Nanging yen ora mara , sesuk taktakonane. Yen gelem melu lomba busana, mesthi ayu temenan." Semaure Bu Carik katon bungah.

Kok ndelalah Baskoro nduweni pikiran ngongkon Sumini melu lomban busana lan paesan. 

Waaah....aja aja adhine nduweni rasa marang randha.


Dina minggu sing ditunggu warga desa wis teka. Wiwit jam wolu wis akeh sing nglumpuk ana ing bale desa. Suara ting klesik padha nggunem Sulastri.

"Nalika isih padha jagongan, teka Pak Guru Slamet sing nggocengTrinil numpak montore.

"Waaaah....sida rabi tenan Mas Guru?" Celuluke Parno dhempal karo ngresiki pacule, merga pancen arep ndangir nyang sawahe.

"Selak neyeng yen mung takgawe nguyuh tok Kang," semaure Pak Guru Slamet sing kondhang tukang dadu lan medok. 

"Ndang takatasane Lik, ben ndang mari mbelinge," semaure Trinil karo kemayu. Bocah lola kui asline sregep lan manut senajan rodok endel kemayu polahe.

Mangkane senajan Guru Slamet jaka tuwa, dheweke gelem wae nalika ditari arep dirabi tenanan. Nanging Trinil emoh yen digawe dolanan. Kudu ndang dilamar banjur ijab gek ditemokne nganggo kembar mayang.


"Matur nuwun rawuhipun para sedherek sedaya, injing niki wonten setunggaling warga ingkang badhe matur ngakoni keluputane, mangga," Pak Lurah ngawiti salam lan nggenahne mula buka perkarane.

Kabeh sing teka anteng nyemak ngrungokne.

Uga Guru Slamet sing nunut panggon gawe ngabarne niate arep rabi karo Trinil. Sengaja diwara warakne ben ora dadi pitnah lan omongan wong sing tumbak cucukan.

Sulastri sing rumangsa disemoni, abang ireng rupane kaya dibeset raine.


"Kula ngakoni salah, merga saking ngawure omongan ngantos ndadosaken pitnah lan congkrah. Kula kapok, kula nyuwun ngapura ingkang kathah. Kagem sedaya ingkang nate kula rasani. Luwih luwih dhateng Sumini."

Kandhane Sulastri karo miseg miseg iluhe mbrebes mili. 

Nyawang kahanan kaya ngono, Sumini ora mentala.

Age age dheweke marani lan ngrangkul tanggane, sing ilate nungkuli silatan pring landhepe. 

"Sampun....sampun Yu, kula sampun nyepura salahe sampean." Alus suwarane karo nyalami Sulastri. 

Wong wong sing teka padha keplok lan sorak.

Sumini....Sumini....Sumini.

Sakwise kabeh padha salaman lan kabeh wis genah perkarane, banjur buyar mulih dhewe dhewe. 


"Bas, taksawang wiwit maeng, ana apa kok sajak nglamun wae? Apa ana sing mbok pikirne?" Pitakone Bu Carik marang adhine.

"Mbuh Mbak, saklungane Pratiwi atiku kaya kaya mati bareng kakubur karo ragane. Rasane wis ora bakal bisa tresna marang wanita liya." Jawabe Baskoro karo nrawang mripate.

"Aku bisa ngerteni, nanging urip lan pati kuwi wis ginaris Gusti. Takira upama kowe ketemu jodho, Pratiwi uga bakal mesem seneng ana papan kelanggengan." Semaure Bu Carik nggedhekne atine Baskoro sing ditinggal mati bakal bojone merga lelarane.


"Saiki umurmu wis ngancik patangpuluh, penggawean uga wis mapan. Apa selawase Mbok Thiwuk mbok kongkon ngopeni kowe? Dheweke uga ngunduri tuwa. Mengko yen sakwayah wayah ana apa apa, banjur sapa sing arep ngancani lan ngrawati omah tinggalane bapak ibu?" Bu Carik olehe omong malah tekan ngendi ngendi.

"Iya Mbak, aku uga wis mikir. Contone saiki sikilku oleh mala kaya ngene, aku kudu ngungsi rene supaya ana sing ngrawati." Suarane Baskoro kaya nggetuni awake dhewe.

"Awakmu adhiku siji sijine, aku ora kabotan yen mung ngrawati kaya ngene Bas. Nanging sing takpikir tembe mburi, yen saya tuwa lan Mbok Thiwuk wis ora ana." Bu Carik sajak sumelang mikir adhine sing uripe mung dikancani rewang.


"Mbak, aku kepingin omong," Baskoro sajak maju mundur anggone pingin cerita.

"Mmmmh,.....Sumini ta?" Jawabe Bu Carik sajak nggodha adhine. 

Baskoro mung klecam klecem antarane isin karo seneng.

"Eheeeem....yen pancen wis niyat mbok ayo takancani mangkat," dheheme Pak Carik ngagetne Baskoro sing lungguh ing kursi rodhane.

"Kuwi lhooo...Masmu uga setuju karo pikiranmu." Imbuhe Bu Carik karo mlebu senthong mondhong tumpukan jarik sing arep digawe lomba miru.


"Kok kula ta Bu, kula isin, mboten nate tumut ngoten ngoten niku." 

Bu Carik isih kelingan nalika nari Sumini.

Dhasare bocah ayu, didandani tansaya ayu. Ora gumun yen nalika dipilih melu lomba busana oleh juwara nomer siji. Gawe unggul jeneng desane. Lomba tumpeng uga menang. Dimandhegani Yu Trimah karo Yu Sundiyah sing pancen kondhang masakane enak.

Lomba wiru jarik uga menang, amarga saking telatene Bu Carik mulangi ana kumpulan PKK.

Pak Lurah sakpamonge katon bungah, nalika disiyarne ana kecamatan yen desane dadi conto desa maju lan pakaryan. Uga wargane sing rukun lan utun. 


Bareng karo lakune waktu, ora kerasa nem wulan wis liwat. Ana desa sing adhem ayem tentrem isuk kuwi katon seje.

Wong wong desa sing kulina kenal siji lan sijine, kudu lila kalangan salah siji wargane.

Akeh sing sengaja mara menyang omahe Pak Carik lan lungguh ana mbalene.

"Titip titip Gendhuk kaliyan Thole nggih Mas Guru," suwarane Mbok Jilah karo mrembeng nyalami Baskoro sing pancen dadi kepala sekolah SD ana sawijine desa ing Yogjakarta.

"Inggih Mbok, sampun kuwatir. Kula ingkang njagi thole kaliyan Dhik Sumini kanthi ati ati," semaure Baskoro karo ngrangkul Mbok Jilah sing mulai mbrebes mili.

"Sing ati ati neng adoh paran ya Nduk, sing krasan lan sing bisa nggawa awak," pesene Yu Sundiyah karo ngrangkuli ipene.

"Pancen wis jodho Nduk, sing gati lan gemati karo wong lanang." Pesene Yu Trimah marang adhine.

"Bu, kula nyuwun pamit," Sumini marani Bu Carik sing keronto karo membik membik.

"Ora usah basa Sum, saiki aku uga dadi mbakyumu," jawabe Bu Carik sing diiyani karo Pak Carik. 

Siji siji kabeh sing ana kono disalami lan dipamiti.

Kabeh paring pesen weling marang Sumini. 

Ati ati, gemati, sing krasan, sing bisa njaga awak, muga muga langgeng bebrayan, dadi pandongane warga desa sing nduweni welas lan asih marang Sumini.


Montor rodha papat sing wis ngeteni ana latar katon resik gilap.

Baskoro sing nyetiri dhewe.

Ceritane, Sesasi saksuwene nunut ning omahe mbakyune, dheweke nglamar Sumini. Sakwise rembugan karo keluwargane.

Rampung lamaran, ora nunggu suwe antarane patang wulan, langsung dirabi pisan. 

Slametan biyasa nanging regeng lan khidmat. Kabeh padha seneng lan paring ucap selamat.

Lan dina iki, kelakon Sumini diboyong bojone menyang Yogjakarta. 

Thole sajak anteng digendhong ana pundake Baskoro, sawetara Sumini nutututi ana mburine karo nyalami wong wong sing isih padha teka lunga.

Selamat ya Sum,....Saiki kowe wis mulya kan ora kelara lara.


Nuwun πŸ™πŸ™πŸ™


Amsterdam 

25/02/2022

Komentar

  1. Sae sanget mbakyu....maturnuwun sanget nggihπŸ™πŸ™

    BalasHapus
  2. Crita ngene iki sing gawe marem. Crita alami sing pancen asring kedadeyan ana ndesa.
    Maturnuwun. Lan aku uga wis maca crita KALAP. Critane uga apik kaya dudu crita rekan.
    Kula tengga seratan sanesipun. Nuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matur nuwun sanget anggenipun paring seratanπŸ™πŸ™πŸ™

      Hapus
  3. Matur nuwun mbak .
    Dipun tengga seratan sak lajengipun.

    BalasHapus
  4. Matursuwun mbak Sita ,kula remen sanget saged damel manah adem .kula tengga cerita lintunipun njih ,Salam saking Kediri

    BalasHapus
  5. Matur nuwun kakangmbok πŸ€—menika Kula remen sanget seratanipun panjenengan lan Kula tengga salajengipun

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna