Terompah Kyai Ngabdulah


 Terompah Kyai Ngabdulah

Siji-sijine langgar sing ana ing desa wis katon sepi.

Bocah-bocah sing biyasa ngaji, dina iki padha budhal menyang pondhok pesantren gedhe.

Saperlu arep sinau olah ilmu kanuragan, kang diwulangake pendhak Jemuwah bengi.

Pencak silat sing diwulangne dene Gus Mohtar, putrane Kyai Ngabdulah.

Senajan ditempuh karo mlaku dhampyak-dhampyak sangu obor, nyatane anggone nglurug ilmu bocah-bocah kuwi ora nate kendhor.


Nanging bengi iki, mbuh kena apa Mbah Yai Dulah kok kadingaren mbaleni nginguk langgare.

"Woalah Cung, arep cerita apa kok nganti betah anggonmu  ndhepipis ana ngisor bedhug?" pitakone Mbah Yai sawise dhehem saka njabane pager.


Sanalika praupane Kojin langsung pucet. Antarane wedi, isin lan kaget. Nanging kabeh wis diniati dene dheweke, yen bengi iki kudu ngakoni kesalahane. 


"Ngapunten Mbah Yai, kula ingkang luput" kandhane karo ndhingkluk. Kopyahe sing wis mbulak lan lebus ambune diblusukne sajeru-jerune.


"Lhooo, luput kena apa Cung? Aku mung arep ngringkesi kitab-kitab, jebule santriku ana sing isih keri." Kanti sabar Kyai Ngabdulah sareh-sareh anggone nakoni.


"Kula ... kula ... kula" durung  tutug anggone kandha, Kojin enggal-enggal ngranggeh tangane Kyaine. Banjur disalami lan diambungi kanthi iluh dleweran mbrebes mili.


"Wis ... uwis Cung ... uwis ya Cung. Uwis ora usah nangis. Pendhekar kok gembengan, mengko yen konangan Gusmu gek kepiye?" 

Kandhane Kyai Dulah sinambi ngelus rambute Kojin.


"Kula ajrih Yai ... ajrih sakestu," isih karo miseg-miseg Kojin sajak arep miwiti cerita.


"Tanpa mbok kandhani, aku wis ngerti Cung, wong mung perkara terompah ... kena apa kok digawe angel lan susah?" Kandhane Kyai Dulah isih ngelus rambute Kojin.


"Panjenengan mboten duka, Yai?" pitakone Kojin isih semu wedi.


"Lha ngapa kok kudu nesu karo sampeyan ta, Cung? Wis kana, gek ndang bali. Bapak lan simbokmu wis ngenteni." Alus Kyai Dulah anggone semaur.


"Lajeng terompahipun pripun, Yi?" pitakone Kojin isih durung wani nyawang pasuryane Mbah Kyai Ngabdulah.


"Lha apa wis mbok gawa? Apa bapakmu wis ora mbutuhake?

Apa wis waras tenan, gek kepiye anggonmu nambani?" Pitakone Kyai Ngabdulah sajak kepingin ngerti.


"Ngeten Yi ... nembe mawon angsal sajangkah, bapak malah dhawah ngantos polokipun  muni maklethug" jlentrehe Kojin karo nerokne kedadean nalika bapake tiba.


Anggone crita mandheg sedhilut, amarga krungu Mbah Yai setengah ngguyu.


"Terus kepiye, Cung?" pitakone kyaine.


"Kula kaliyan emak enggal nulungi bapak, nanging bapak mboten purun. Malah langsung ngadeg lajeng mencolot-mencolot." Kandhane Kojin karo nerokne polahe bapake.


Kyai Ngabdulah saya kekelen anggone ngguyu amerga nyawang polahe santri cilik sing paling sregep ngiseni jedhing langgare.


"Bareng tiba banjur waras, Cung?" pitakone Kyai Ngabdulah saya pingin weruh tutuge cerita.


"Inggih, Yi ... kula kaliyan emak ngantos nggumun. Sakestu terompah menika mandi ugi saged dados tamba." Semaure Kojin karo ngetokne terompah sing mung sesisih saka njero gembolane.


"Woalah Cung ... Cung, kowe kuwi kok ana-ana wae" guyune Kyai Dulah gawe atine Kojin lega.


"Menika, Yi" Kojin ngelungake terompah sing mung sesisih sing digembol ana njero sarung marang guru ngajine.


Kyai Ngabdulah nampani terompahe, banjur dijejerne karo sisihe.


"Yi, panjenengan mboten duka ta? Ugi mrnapa kula taksih pareng ndherek ngaji wonten mriki?" Pitakone Kojin sing ujug-ujug mbrabak amerga samar yen ora oleh melu ngaji maneh.


"Ora Cung, nanging ngene ya Cung ... yen arep tetulung utawa tumindak becik, luwih apik uga nganggo cara sing becik.

Senajan niyatmu apik, nanging yen caramu keliru ... bisa-bisa malah nambahi perkara."

Pituture Kyai Ngabdulah.


"Inggih, Yi ... kula nyuwun ngapunten, kula ngakoni luput amargi sampun ngampil terompipun panjenengan tanpa ..." durung tutug anggone omong, tangise Kojin wis kaya disok maneh.


Isin, wedi lan getun dadi siji.


"Wis ... wis Cung, ora usah nangis. Kana enggal bali wae. Minggu mburi wae gek melu latian pencak maneh karo kanca-kancane." 

Pituture Kyai Ngabdulah.


"Matur nuwun Yi, kula pamit ... assalamualaikum." Pamite Kojin ora lali salaman lan ngambung tangane Kyaine.


"Waalaikum salam, ati-ati ya Cung.:


                    ______****_____


Pitung dina kepungkur, sikile Tolib kesleo aboh mulai polok nganti tekan driji lan dlamakan. 

Karepe ngendhani blowokan ing tengah ratan, malah kejegur kalen lan tiba glempangan.

Ora wurung sikile sing karepe digawe njagang,  malah kejengklok mergo blowokan banyu sing jebule lumayan jeru.


"Wis diboboki beras kencur, nanging kok durung suda larane iki gek piye? Aku ora bisa megawe yen terus-terusan kaya ngene." Sambate Tolib karo pringisan ngempet larane.


"Apa digawa nyang sangkal putung Mbah Gemol ya, Pak? Yu Jinem langsung waras sawise dipluruti dlamakane." Pitakone Komsiyah marang bojone.


"Sapa sing arep ngeterne? Njajal tembunga Kang Songeb, menawa bisa nulungi" kandhane Tolib sing isih eker mblonyoi sikile nganggo dheplokan beras kencur.

                      _____***_____


Nyatane sikile Tolib ora suda, malah saya aboh mentheng-mentheng.

Nyawang kahanane sikile bapake sing methentheng abang, Kojin nduweni rasa ora mentala. 

Pikirane bingung, kepingin tetulung nggolekne tamba.


Ujug-ujug dheweke kelingan sawijine cerita, nalika sikile Gus Mohtar kesleo.

Dene Mbah Kyai Ngabdulah disuwuk kanthi cara kudu gelem nganggo terompahe.

Sikil kesleo, digawe mlaku lawaran wae wis kangelan uga kelaran.

Apa maneh nganggo terompah sing nganggone mung dijepit driji lan jempolan sikil.

Nyatane senajan pringisan, ora nganti telung dina sikile Gus Mohtar wis waras.

Bregas trengginas.


Saka kedadean kuwi, Kojin nduweni kapitayan yen terompahe Kyai Ngabdulah bisa dadi tamba.

Apamaneh nyawang sikile bapake sing aboh, atine Kojin melu gupuh.

Niyate mung pingin nggolekne tamba, mangkane terompahe Kyai Ngabdulah sing ana ing pikirane.

Nanging kepiye carane? 

Saben dina terompahe ora nate cepot saka dlamakane kyaine.

Kejaba nepaki ngimami banjur ditutugne ngulangi ngaji bocah-bocah santri desane.

                          -----***----


Lan bengi kuwi, sengaja Kojin ora melu ngaji sebab nduweni niyat nyilih terompahe kyaine pinangka digawe nambani sikile bapake.


Anggone njepiping nunggu ana ngisor grumbul wit gedhang ngarep langgar nganti keroken, amerga dicokoti nyamuk.

Nanging rasa welas lan ora tega marang larane bapake, sakrenane rasa wis ora dirasa.


Terompahe Kyai Ngabdulah sing ana tritise langgar, banjur dijupuk sesisih.

Digembol nganggo sarunge, banjur bleber mlayu mulih menyang omahe.

                       -------***--------


Sewengi suwene terompahe Kyai Ngabdulah nginap ana omahe.

Tolib sing wis krungu kasiat lan mandine terompahe Kyai Ngabdulah saka anake, enggal njajal senajan pringisan kelaran.

Ora lidok ndelalah malah tiba nganti ndheprok.


Nanging nyatane, mbuh amerga saking mandine utawa merga tiba banjur malah mapan balunge. Nyatane saknalika sikile Tolib waras bergas lan trengginas.


Geschreven door Sita Aulliya 

Gambar rerengan saking ratmaya

Lisse, Nederland 

15-10-2023.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tlasah

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna