Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2022

SUKARNI #4

Gambar
 ~Sukarni~ #4 Ana terminal sing ramene ora karuwan, Sukarni mindhak-mindhik karo nyangklong bas bethot saka kayu dibendheng karet ban. Atine mangga-mana, antara wani, isin, wedi dadi siji. Sawetara mas Prayit Gembuk lan kanca liyane wis nyebar dhewe-dhewe. Klambi wedok sing digawe rasane seje. Jarik diubetne sakmathuke, kebayak kutu baru ditalekne pucuke, gelung pasangan sing ditumpangne sirahe. Durung sandal bakiak kayu karetan sing kaya dipaksakne ing sikile. Ahhh....mbuh kaya apa rupane. Sing penting nyambut gawe. Isih thenger-thenger mikir lelakone, saka sisih pojokan 'WC umum' krungu suwara lan wong mlayu grudugan. Copet...copet...copet,.... Saklebatan Sukarni nyawang mas Prayit Gembuk melu mlayu keponthalan. Sarehne playune wong-wong iku mara nyang panggonan dheweke ngadeg, tanpa diyaba dheweke melu mlayu sipat kuping. Dheg-dhegan ora karuwan campur keweden digodhag wong ngoyak copet terminalan. Nganti ora weruh yen ana kalenan.  Jarik sing mbebet awake, ndadekne jangkah

Aja kudhungan

Gambar
 Aja Kudhungan! Bola bali setelan rok sakudhunge disawangi karo bingung lan bungahe ati. Bingung merga isih wedi kepiye anggone ngawiti omong marang wong tuwane. Bungah, merga rupa jambon kuwi pancen sing dadi kesenengane. "Gusti...kenapa mesthi kaya ngene kahanane?" "Gusti...apa aku keliru, yen uga pingin nutupi awakku?" Pitakone lunga teka, mbulat-ulat ngebaki dhadha. Sawetara bayangan kanca kancane ing panggonane ngolah raga, saya katon ana ing mata. Poto-poto sing dipasang ana "medsos" yen nepaki arisan, plesiran, nekani kondangan kabeh katon ayu malah kaya-kaya ngajak jor-joran. Senajan dheweke kerep uga dijak dolan bareng-bareng, nanging mesthi wae katon seje dhewe. Kanca-kancane sing sejatine uga muride utawa "Member" ing panggonane nyambut gawe dadi "Instructeur Fitness" pancen wong wedok sing beja. Sing lanang rata-rata nduweni bayar sing gedhe. Ora nggumun yen wayah budhal "Aerobics lan Fitness" tumpakane padha rodh

SUKARNI #3

Gambar
 ~Sukarni ~ #3 Kethap-kethip, glibag-glibeg ana njero kamar mung molak-malik ora bisa turu. Pikirane bingung, sedih lan nelangsa dadi siji. Wis meh telung minggu, Sukarni manggon ana omahe Pak Bambang pegawe PJKA. Dheweke bisa manggon merga sing nitipne Lik Bagong. Lan uga keloron sajake wis kenal suwe. Jenenge wong nunut, piya-piye tetep wae sarwo ewuh. Senajan Sukarni kalebu bocah sing ngerti penggawean, nanging yen sedina methethet amung ngglibet wae ana omah. Suwe suwe sapa sing betah? "Wis telung minggu lho Le, kok likmu durung nyusul kowe ki piye karepe? Apa kowe melu aku wae, ngewangi resik resik karo nyambi nyambi golek gawean liyane?" Pitakone Pak Bambang ana ing sawijine sore. "Karo bisa ngancani mbak Dewi, yen taktinggal lunga kaya dina iki," imbuhe wong lanang sing wis macak mlipit merga arep lunga kondangan. "Kula matur nuwun sanget Pak, nanging kados ingkang sampun kula critakne. Niyat kula teng Jakarta badhe nyusul sederek. Lha kok malah angsal m

SUKARNI #2

Gambar
 ~Sukarni ~ #2 Ana njero sepur, rasa atine ora karuwan. Kelingan iluhe emake sing dleweran. Kelingan rangkulane bapake sing kaya kaya njaluk sepura amerga ora bisa ngragati sekolahe. Uga kakang lan adhine. "Ati ati ya Le, nengendi wae paranmu muga muga slamet lan ketekan apa sing dadi kekarepmu," kandhane emake karo ngusap ngusapne tangane sing bar dilebokne walike jarike nyang rai uga sirahe anake. "Inggih Mak," jawabe Sukarni karo mlaku metu.  "Le, iki takgawani lemah baturmu, ben krasan ana paran." Emake ngelunge lemah sakjimpit sing dibuntel plastik. "Matur nuwun Mak" Sukarni sepisan maneh pamitan karo wong tuwane.  Banjur digonceng bapake, budhal menyang stasiun Kediri.  Rohmat sing sengaja nyegat ana pinggir dalan, melu pisan ngeterne menyang stasiun. "Mangko yen wis penak aja lali karo aku ya Kar, " guyonane Rohmat karo ngetutne teka mburi. "Pokoke kowe, kanca sing bakal tak goleki dhisik dhewe." Jawabe Sukarni karo n

KEDIRI #1

Gambar
 ~KEDIRI~ #1 Sinimpen ana ing tlatahmu Padhang petenge lelakonku Banjir iluh perihe tangisku Uga sorak ramene gemuyuku Cerita cerita kemliwer ana ing bumimu Nalikane aku sambang pepundhenku Kaya kaya mbukak kelire dhalang beber  Tumpuk undhung, dakwiwir kidhung kidhung sing ting keleler Ana remuke tresna kang gupak ina  Kaselak merga asore raga kabulet nistha Katudhing merga regete nama kesrimpet ala Ora bakal takbelani takselaki, jembar dhadhaku paring lila Ana umube getih mbarengi udan Sawetara mendhung mentiyung sakdawane dalan Kapitnah kapalu katutu dadi sakrenane bebasan lan paribasan Dadi legine jamu bebrayane liyan Ana pucuk pucuking wengi Takdhodhog plataran agungmu kang suci Takgawa lan taksuntak uneg uneging ati Bilih suwara suwara njaba tanbisa sinikeb siji siji Gusti...Gusti, ndika ora nate sare Tulung...tulung sawangen aku sing nengkene Tulung...tulung rungokna apa sing takarepake Nglesot gupak sakrenane rasa, mundhuk ndhingkluk jiwa raga ucul takselehne  Nyata hening wen