Aja kudhungan


 Aja Kudhungan!


Bola bali setelan rok sakudhunge disawangi karo bingung lan bungahe ati.

Bingung merga isih wedi kepiye anggone ngawiti omong marang wong tuwane.

Bungah, merga rupa jambon kuwi pancen sing dadi kesenengane.


"Gusti...kenapa mesthi kaya ngene kahanane?"

"Gusti...apa aku keliru, yen uga pingin nutupi awakku?"

Pitakone lunga teka, mbulat-ulat ngebaki dhadha.

Sawetara bayangan kanca kancane ing panggonane ngolah raga, saya katon ana ing mata.

Poto-poto sing dipasang ana "medsos" yen nepaki arisan, plesiran, nekani kondangan kabeh katon ayu malah kaya-kaya ngajak jor-joran.


Senajan dheweke kerep uga dijak dolan bareng-bareng, nanging mesthi wae katon seje dhewe.

Kanca-kancane sing sejatine uga muride utawa "Member" ing panggonane nyambut gawe dadi "Instructeur Fitness" pancen wong wedok sing beja.

Sing lanang rata-rata nduweni bayar sing gedhe.

Ora nggumun yen wayah budhal "Aerobics lan Fitness" tumpakane padha rodha papat lan sandhangane uga gonta ganti kaya "bintang iklan" sing ana ing tipi.


Isih ana njero kamare, klambi setelan sing isih buntelan kuwi dibukaki maneh.

Ana rendane, ana pitane. Ing kudhunge malah komplit ana bros sing diwenehi manik-manik gilap. Persis kaya sing dikarepne lan diimpekake.

Kaine alus tur adhem, rupane uga gawe ati marem. Dhuuuh...mendah pantes lan luwese upama dheweke bisa nggawe, banjur mlaku-mlaku plesiran sakancane. 

"Bapak,...Ibu, ngapuranen anakmu!" Geges atine gupuh pakewuh dibarengi netese iluh.


Bayangan cerita sing wis liwat, kaya-kaya padha oncat.

Kelingan nalika isih umur welasan, nalika nembe wae lulus saka sekolah "SMEA"ne.

Kepiye bingunge dheweke nalika ndhelikne lipene. Kaya apa bingunge dheweke nalika ndhelikne sandhal jinjite. Kaya apa koncat-kancite dheweke nalika golek alasan tuku kotang sak kancute.

"Gusti...kena apa kok kudu aku?"

"Aku wis ora kuwat, aku ora kuwat..." jerit batine saya keranta kelara. 


Sawetara, udane saya deres.

Puh pinuh wiwit isuk ceblok kaya disok. 

Omah gendom tinggalane landa, sing dipanggoni dheweke wiwit lair nganti saiki uga wis mulai tuwa.

Bapake sing pangsiunan pabrik gula, uga ibune sing pangsiunan bidhan nduweni hak manggon ana omah gendom senajan ora melu urun tukon.

Jenggirat dheweke ngadek nyet, nalika saka njaba krungu suwarane bapake.

"Gus...Agus,...ewangana mbenakne gentheng sing trocoh Le."

"Nggih, Pak," semaure karo ndhelikne klambi anyare ana ngisor ambene.

Merga Agus yakin, yen konangan wongtuwane mesthi bakal muni "aja kudhungan!"


Nuwun🙏🙏🙏

Ouderkerk 23/03/2022

Gambar ilustrasi takjupuk saja internet.

Salah sijine artis sing saiki wis melu kudhungan. Initiaale NM

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5