Dhampar #2
*Dhampar*
#2
Omah omah sing lagi sakumur jagung kayane wis mobat mabit kudu ambruk keterak bantere angin. Ora merga Mohtar sing ngeliya, utawa Pratiwi sing ora kuwat godha. Nanging suwarane tangga sing suwe suwe nggatelne kupinge Robiyah.
"Nduk, apa ya tumon yen wong bendina saba sekolahan nanging ora dadi guru. Apa ya tumon wong bendina ngulang nanging ora diceluk guru, malah ana sing ngarani Pak Dhampar," kaya ngono kuwi sambatane Robiyah marang Pratiwi nalika tilik menyang omahe.
"Kersane mawon Mak, tiyang tiyang sagete namung alok, wong ora tombok," jawabe Pratiwi karo ngelus wetenge sing wis ketok njendhil mbobot patang wulan.
"Aku ora betah yen neng warung angger bojomu lewat, terus padha ting klesik muna muni guru dhampar, bakul obrokan, bakul donga. Arep taksauri nanging ya pancen ngono nyatane. Kok bejamen uripmu to nduk," imbuhe Robiyah isih ngalualah.
"Sing nglakoni kula kaliyan Mas Mohtar to Mak, menawi kula sampun seneng ugi ayem kaliyan piyambake, lajeng tiyang tiyang niku badhe napa?" Semaure Pratiwi karo mesem.
"Ingkang baku, kula lan bayi niki sehat Mak," semaure Pratiwi maneh karo ngonceki jeruk olehe tuku Mohtar saka pasar.
"Mpun ta Mak, mboten usah mikir omongane tiyang. Wong kula kaliyan Mas Mohtar mboten nate ngrepotne sinten mawon." Alus lan sabar anggone Pratiwi ngereh ngereh ibune.
Sakwise rabi Mohtar lan Pratiwi wis niyat metu teka omahe wongtuwane. Mbuh piye carane kelorone pingin ngadeg dewe. Ora gelem ngrepotne malah yen bisa pingin ngewangi wujud sembulihe.
Sekolahan arab sing biyene cilik, saiki dadi saya gedhi. Saka desa oleh sumbangan lan sokongan. Buku turutan, nganti al Qur'an uga kapur lan blabag kanggo sinau disokong saka desa lewat rembugane para pamong lan RT RWne.
Bocah bocah sing sekolah oleh jatah kudhung lan kopyah.
Saiki ana telung kelas. Bocah sing lagek wiwit mlebu sinau turutan, juz amma nganti al Qur'an disejekne kelase.
Sakliyane Mohtar, ana Kang Solikin lan kancane saka pondhok sing ngewangi ngulang ngaji.
Mohtar yen isuk ngewangi ngresiki sekolahan, jam pitu wis mulih terus bablas nyang pasar. Biyene mung ngewangi emakke bakulan. Suwe suwe dhuwe kenalan juragan tukang nekakne janganan utawa woh wohan apa wae.
Dhasare Mohtar pancen ukil, ora suwe dheweke bisa dadi tukang mborong ana pasar. Dagangan sing teka saka juragan, langsung didhuwiti, banjur ditukoni para bakul. Karo para bakul terus didhep didhasarne ana bedhage. Nganti limang taun suwene nyambut gawe ana pasar. Kenalane akeh tur rata, tukang karcis parkir, nganti kusir.
Grapyak jujur lan tekun ibadahe dadi wadanan saka sapa wae sing kenal dheweke.
"Mas, yen arep mbukak toko terus piye olehku momong bocah bocah?" Pitakone Pratiwi nalika Mohtar ngomongne karepe.
"Mengko takgolekne batur dhik, sing penting dijajal dhisik. Mumpung akeh kenalanku sing arep ngewangi ngisi barang yen awake dhewe nduweni panggonan." Jawabe Mohtar yakin yen usahane bakal kasil.
"Yen pancen sampean wis tekad, aku mung bisa ngewangi ndonga Mas," imbuhe Pratiwi karo ngelus wetenge sing lagi mbobot maneh.
"Pokok yen sampeyan ikhlas, insya Allah kabeh lancar dhik." Mohtar ngrangkul Pratiwi sing kalem lan nriman.
Mulai manten anyar dijak manggon ana omahe Mbah Kaji Toyib, nganti saiki nduwe omah dhewe sing gedhe lan jembar karangane. Dhurung maneh sawah lan lemah sing pirang pirang nggon cacahe.
Wong golek rejeki yen wis weruh dalane, tingarahe obah sakobah dadi dhuwit.
Saka juragan pasar, Mohtar tambah kenalan para sales sing ngisi dagangan ana pasar. Mulai barang pangan nganti kebutuwan omahan. Saka kono dheweke diwarai dadi supplier utawa sing tukang ngisi janganan lan woh wohan ana siji sijine toserba sing ana neng kuthane. Saya suwe kepinterane lan kenalane saya mundhak. Cina sing nduwe toko gedhe dadi kanca sing marai usaha dheweke.
"Wis ora usah maju mundhur Pak Tar, yen pancen wani ndang disikat wae," kandane Koh Ahong nalika Mohtar nyritakne niyate.
Sidane, ora nganti rong taun toko gedhe sing bakulan apa wae wis ngadeg ana protelon pinggir ratan desane.
Sekolahan arabe tetep dilakokne, malah saiki karo Mohtar digawekne bangunan dhewe.
Kang Solikin sing saiki dadi ipene percaya ngulang lan ngurusi sembarangane.
Bapake wis suwe dikon leren dadi kebon sekolahan. Uga emake wis ora oleh ndheprok bakul janganan neng pasar. Karo Mohtar digawekne usaha ngingu lele sing uga ora nguciwani asile. Uga nebasi panenane para tani sing ana desane lan tangga desa.
Yen wayah riyaya korban, dheweke bisa dadi juragan sapi lan wedhus.
Yen wayah idul fitri bisa dadi juragan sirup lan roti. Ternak Lele lan guramine dikongkon ngurusi ipe ipene, yen wayah panen wis ana sing nebas teka dhewe.
Uga sawahe sing digarapne wong wong desane, Mohtar mung nampa paron asil panenane.
Saiki anake wis umur sepuluh lan limang taun.
Omahe gedhe tingarahe sing apik dhewe ana desane. Toko Toserba siji sijine sing ana desane paling gedhe lan pepak dagangane. Montore rodha papat pirang pirang cacahe. Mulai sing bak mburi bukakan, sing digawe ngamot dagangan, nganti tutupan sing digawe plesiran.
Sedhulure kabeh diwarai nyambut gawe. Ndelalah kabeh pancen wong sregep lan utun, usaha apa wae mesthi metu asile. Saiki kabeh wis dhuwe omah dhewe dhewe.
Ngadhepne surub, dina kuwi sengaja Mohtar nglumpukne wongtuwa lan maratuwane.
Ana sing arep diomongne sing penting banget sajake.
"Mas, aku samar yen bapak karo emak mengko kaget," Pratiwi sajak kawatir yen wongtuwane krungu kabar teka anak mantune.
"Wis ta Dhik, mengko aku sing omong alon alon, aku yakin bakal disetujoni," jawabe Mohtar karo mbenakne sarunge anake mbarep.
"Mengko yen nyang langgar, budhal bareng karo bapak ya Le," kandhane marang anake sing sregepe persis kaya cilikane.
"Pak, Mak, sengaja kula ngengken Kang Diro muruki panjenengan sedaya sebab wonten sing badhe kula sanjangne, mugi mugi saged ditampi lan dilampahi," Mohtar miwiti omongan kanthi ati ati.
"Ana apa ta Le, wis gek ndang muni aja gawe emake ndredeg atine," pitakone emake Mohtar sajak ora kanten atine.
"Ngeten Pak, Mak....sarehne nyambut damel kula ketingale sampun mapan ugi lancar sanget. Kula nggadhai niyat pingin panjenengan sedanten sareng kula kaliyan Dhik Pratiwi lunga dhateng Mekah damel ibadah Haji," kandane Mohtar alus lan ati ati.
"Alhamdulillah Ya Allah...," semaure Pak Munir sing langsung ngrangkul mantune.
Sawetara emake lan maratuwane ora bisa omong piye piye sakliyane mung mbrebes mili iluhe merga saking senenge. Uga bapake Mohtar sing kamitenggengen merga ora ngira yen bakal bisa lunga Kaji sing saksuwene iki amung bisa dibayangne.
"Alhamdulillah Le, Bapak lan Emak seneng lan mung bisa nambahi donga muga muga kabeh sing dadi niyatmu diridhoi Gusti Allah," emake Mohtar karo isih kembeng kembeng mripate ngrangkuli anake.
"Menawi Bapak kaliyan Emak sampun ikhlas ugi purun sedaya, mangke kula enggal ngurus surat surat lan sarate." Sakniki sampun kenthong Magrib, kula takdhateng langgar rumiyin. Timbang dirantos Mbah Kaji Toyib.
Kandhane Mohtar mamiti wongtuwane karo nggandheng anake.
Ora lali nyangking dhampare.
Dhampar olehe nggawe dhewe, digrajeni lan dipaloni gawe tangane dhewe. Sing wiwit biyen nganti saiki pancen digawa ngalor ngidul lan nyang ngendi wae saklungane ngancani ngaji dheweke.
Kira kira nalika Mak Lasini muni "Mohtar juragan besar" nepaki ana wali liwat.
Nyatane saiki bocah sing diwadani "guru dhampar" saiki kelakon dadi juragan tenan.
Nuwunπππ
Lisse
27/02/2022
Gesreven door Sita Aulliya
Sae sanget mbakyu...maturnuwun nggihπ
BalasHapusSami sami
HapusKula rantos cerpen lintune Bu.
BalasHapusSiaaap
HapusSelamat ya ndes, eh...Mohtar
BalasHapusJolali aku tukokne tasbeh tak nggo ngetung nikmat peparinge Gustiπππ
Siaaap ndes
HapusTaksih wonten lanjute..?? Supados tambah penasaran bu.... Salam kangge kang mohtar
BalasHapusMpun tutug.
HapusNengga seratan lintune mawon nggih π
Judule dhampar #2, lha dhampar #1 pundi?
BalasHapusWonten laman fb siti saropah
Hapusmaturnuwun mbak, sampun kepanggih. nanging kula boten komen, namung kula waos mawon
HapusInggih Mas,
Hapus