Sukarni #5
~Sukarni~
#5
Mulih saka warunge mak Suthup, Sukarni nampa dhayoh sing lagek jagongan karo bu Bambang. Pak Bambang ora neng omah amerga nepaki mlebu bengi.
Wong lanang sing dikenal banget karo Sukarni lan keluwargane neng ndesa.
"Lhooo, Mas Puad... sampeyan kok ngerti aku manggon neng kene," pitakone Sukarni sakwise nyalami dhayohe.
"Aku wis paham ceritane, uga kedadeyane Kar. Lik Bagong uga wis cerita kanti tutug perkara dhompetmu iki," jawabe mas Puad karo ngelungne dhompete Sukarni sing isih utuh isine.
"Sepurane yen rodok telat olehku nyusul kowe Kar, warunge ora bisa taktinggal." Mas Puad nggenahne yen sejatine wis sesasi kepungkur diparani karo Lik Bagong.
Sakliyane perlu mbalekne dhompet Sukarni, uga perlu menehi alamate pak Bambang.
Saknalika Sukarni kelingan maneh marang lik Bagong.
Nalika kepethuk ana gedhung biskop, banjur ngalih klepat ora bali senajan wis muni ngongkon ngenteni.
"Ahhh....mbuh, ora urus. Sing penting dhompete lan mas Puad wis ketemu."
"Saiki terserah awakmu Kar, masmu wis teka kene. Kowe uga wis weruh alamate. Arep manggon kene lan ngewangi Mak Suthup, apa melu ngewangi warunge Mas Puad? Kabeh awakmu dhewe sing kudu mutusi."
Pituture bu Bambang alus lan sajak welas banget.
"Manggon kene wae to Kar, dadi adhiku," mbak Dewi sing lagek ndelok tipi melu celuluk.
"Kula kedah sanjang kaliyan Mak Suthup ugi Bapak rumiyin, Bu," semaure Sukarni sajak wis mantep pingin melu mas Puad.
"Yo wis, sing penting alamate masmu aja nganti ilang maneh lho!" Imbuhe bu Bambang.
Lan wengi kuwi, sakwise mas Puad pamit. Sukarni malah ora bisa turu.
Kelingan apike pak Bambang sakeluwargane.
Mak Suthup sing seneng guyon lan awehan nyang dheweke. Uga bocah telu kanca sing lagek dikenal lan uga apik banget karo dheweke.
"Aku kudu ngadeg dhewe, aku kudu golek dalan dhewe."
Suara atine kaya mlumpat saking gedhene tekat.
"Mengko yen wis kasil, aja lali karo keluwarga kene ya Le." Rangkule bu Bambang karo mrembeng.
"Yen pingin dolan, aja sungkan lho Kar," imbuhe pak Bambang.
"Waaah...bariki aku 'ujian praktik' mesthi bakal nggoleki awakmu nyang Tanah Abang iki Kar," mbak Dewi ngguyoni karo ngrangkul bocah sing wis dianggep kaya adhine dhewe.
"Iki digawe tambah numpak Kopaja, ati-ati olehmu nggawa dhompet. Aja nganti ilang maneh." Imbuhe pak Bambang karo menehi dhuwit ewon.
"Matur nuwun Pak, Buk, Mbak Dewi," pamite Sukarni karo nyalami siji-siji.
Banjur metu saka omah sing wis rong sasi ngiyupi dheweke saksuwene kelunta tanpa sanak keluwarga ing Jakarta. Bablas nyusul mas Puad nyang Tanah Abang.
Ora krasa mlaku pitung wulan anggone Sukarni ngewangi kerja neng dhepot sate gulene mas Puad. Ana bocah papat sing ngewangi. Nanging mung Sukarni sing asale padha saka Kediri.
Pelanggane akeh banget. Mangkane wiwit bukak nganti tutup kaya ora ana sepine.
Bayarane Sukarni sengaja dilumpukne kanti cara dititipne nyang mas Puad. Pendhak sasi senajan ora akeh, ana uga sing dikirimne wong tuwane. Mas Puad uga gemati marang Sukarni. Bocahe resikan, prigel tur sopan.
Mangan lan manggon turune sengaja dikon bareng.
Nganti tiba ing sawijining bengi. Wiwit sore udane grecih. Warung rodok lodhang ora kaya biyasane.
Mas Puad sakanak buahe rodok bisa guyon gegojekan.
"Jakarta jan rame tenan ya Mas," kandhane Sukarni karo nyrebeti gelas sing bar diumbah.
"Iki kutha sing ora tau turu Kar, melek terus patlikur jam," jawabe mas Puad karo ngitung dhuwit dagangan sing ana njero kotak kayu.
"Ehhh...Kar, dhuwitmu wis nglumpuk akeh. Arep mbok gawe tuku apa?" Celuluke mas Puad.
"Ahhh...ben wae Mas, sing penting emak karo bapak ben sasi wis takbagehi." Semaure Sukarni karo nyandhak payung, banjur ngabani mobil sing ketok arep golek nggon parkir.
Pancen bocah entheng sikil lan tangane.
"Lhooo....Bu Herda, mobile gantos nggih Bu," kandhane Sukarni marang wong sing ana njero mobil. Pelanggan lawas sing biyasa mampir bareng sakeluwargane. Sing wis kenal akrab karo Sukarni sakancane.
"Iyaaa...ganti Kar, sembarang yen wis elek kan yo kudu diganti. Bojo ya ngono Kar, yen wis tuwek ya tak ijolne," semaure bu Herda sakwise lungguh karo ngenteni pesenane.
"Waaah...cocog niku Bu, kersane tambah semangat," jawabe Sukarni mung mbombongi.
Merga bu Herda wengi kuwi teka karo wong lanang sing luwih gagah, enom tur gantheng rupane.
"Kar, aku arep pindahan. Lan ana omahku sing anyar, aku butuh rewang. Apa maneh usaha 'konveksiku' saya rame. Yen kowe gelem, mbok melu aku wae." Bu Herda blaka suta nawari Sukarni supaya melu dheweke.
"Pindah tebih ta Bu?" Pitakone Sukarni.
"Isih Jakarta kene wae Kar, tapi wis ora karo bapake bocah-bocah," semaure bu Herda sajak entheng banget.
"Lho..."
"Iyo....aku wis pegatan Kar, lan iki bojoku sing saiki. Jenenge Mas Hendra," bu Herda nyauri omongane Sukarni sing dhurung tutug, karo ngenalne wong lanang sing ngancani dheweke.
"Ngapunten lho Bu," age-age Sukarni njaluk sepura karo nyuguhne pesenane.
Sate kambing rong jinah karo gulene rong mangkok. Katon kemrebul keluk lan gandane lumprahe bakul saté gule.
Sedhep mantep.
Dhepot wis tutup. Ana omah kontrakan sing ora adoh saka panggonane bakulan, Sukarni kethap-kethip klisikan.
Pikirane mulai bingung maneh. Tawarane bu Herda sajak mbengung ana njero kupinge lan nguthak-athik pikirane.
"Usaha konveksi" mesthine ora adoh saka bab jait lan dondom sandhangan.
Sawetara saka atine, dheweke nduweni kesenengan marang gaweyan kuwi.
Apa maneh nyawang 'kartu nama' sing diwenehne bu Herda.
Genah ana tulisane "HERDA Butik&konveksi"
Komplit sakalamate.
Jiwane sing isih bocah, sing isih kepingin weruh apa wae. Kaya- kaya ndadekne angen-angene saya mumbul dhuwur.
"Aku kudu njajal, aku kudu budhal"
Ana candhake🙏🙏🙏
Lisse
02/04/2022
Penasaran karo lelakone Sukarni?
Klik 👉👉👉https://sita-aulliya.blogspot.com/
Matur nuwun
kok dangu boten dilajeng mbak?
BalasHapus