Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2022

Dhampar #2

Gambar
 *Dhampar* #2 Omah omah sing lagi sakumur jagung kayane wis mobat mabit kudu ambruk keterak bantere angin. Ora merga Mohtar sing ngeliya, utawa Pratiwi sing ora kuwat godha. Nanging suwarane tangga sing suwe suwe nggatelne kupinge Robiyah. "Nduk, apa ya tumon yen wong bendina saba sekolahan nanging ora dadi guru. Apa ya tumon wong bendina ngulang nanging ora diceluk guru, malah ana sing ngarani Pak Dhampar," kaya ngono kuwi sambatane Robiyah marang Pratiwi nalika tilik menyang omahe. "Kersane mawon Mak, tiyang tiyang sagete namung alok, wong ora tombok," jawabe Pratiwi karo ngelus wetenge sing wis ketok njendhil mbobot patang wulan. "Aku ora betah yen neng warung angger bojomu lewat, terus padha ting klesik muna muni guru dhampar, bakul obrokan, bakul donga. Arep taksauri nanging ya pancen ngono nyatane. Kok bejamen uripmu to nduk," imbuhe Robiyah isih ngalualah. "Sing nglakoni kula kaliyan Mas Mohtar to Mak, menawi kula sampun seneng ugi ayem kaliy

Mbah Bunder

Gambar
 *Mbah Bunder* Jeneng asline Sukoco, nanging biyasa diceluk Mbah Bunder. Apa merga potongan sing nyempluk bunder?  Embuh sapa sing ngawiti, nyatane meh kabeh wong desane madani dheweke karo jeneng "Bunder" Uripe mung karo bojone, merga pancen ora nduweni turun. Sing wedok jenenge Mbah Jainah. Wis rodok pikun, senajan awake lemu nanging lara laranen. Penggaweane mung thenguk thenguk ana teras omah karo ngeteni tekane bojone. Sawetara Mbah Bunder pendhak isuk kerja melu Cina ana kutha, dadi rewang sing dipercaya karo juragane ana ing pabrik tahu. Budhale bar subuh, jam sepuluh isuk wis oleh mulih. Merga nduweni open open sing ora bisa ditinggal suwi. Sakliyane jujur, Mbah Bunder uga sabar lan nduweni unggah ungguh. Mangkane ana ngendi wae mesthi disenengi wong akeh. Isih jam sanga isuk, srengengene dhurung pati panas hawane. Mbah Jainah kaya biyasane, lungguh ana teras omahe ora ana kancane. "Mbah, kok dhewekan....Lha Mas Bunder nyang endi?" Pitakone Marini sing biy

Randha Bingung #8

Gambar
 *Randha Bingung* #8 Bu carik katon wis dandan mlipit. Jarik wiron, kebaya kutu baru ora keri selendhange. Tambah gandhes karo sanggul lan sandhal jinjite. Dina iki ana rapat gedhen ing kecamatan. Lurah lan carik sarimbitan arep lunga nekani undhangan. "Bas, kae becakku wis teka. Aku takbudhal sik ya," kandane Bu Carik marang adhine. "Yen butuh apa apa ngongkon Gendhon wae, dibengoki sing banter. Soale kupinge rodok budheg." Tambahe karo sripat sripit mbenakne jarike. "Mas Guntur ora bareng ta Mbak?" Pitakone Baskoro saka ndhuwur kursi rodhane. "Masmu mengko nyusul, bareng karo Pak Lurah," semaure Bu Carik sing wis lungguh ana becak. Latar jembar sing kebak kembang katon seger ijo ditambahi suwara ocehe manuk. Ana ing mbale omah gedhe, Baskoro lungguh ana kursi rodhane. Mripate ora owal nyawangi sikile sing di gips merga tiba kepleset ana jedhing omahe. Pancen balung wis ora enom maneh, ndadekne dengkule mesle lan kudu dioprasi supaya bisa bali

Kisah koki dan rendang

Gambar
 *Kisah Koki Dan Rendang* Seorang kepala koki senior yang sudah termashur namanya karena kelezatan masakannya, berencana membuat rendang dan membagikan kepada seluruh anak buahnya, sebelum dia pensiun dari dapurnya. Setelah dia merenung dalam waktu yang cukup lama, maka dia mengumpulkan seluruh bahan yang sekiranya dibutuhkan. Dia ingin hasil olahannya benar benar sedap, bisa diterima dan sesuai selera yang menyantapnya. Untuk menghindari kesalahan atau ketinggalan bahan dasar, diapun membuat sebuah catatan yang dibawanya untuk belanja. Sebuah pasar khusus untuk barang barang berkualitas utamapun didatanginya.. Lorong bagian pangan adalah tempat yang menjadi tujuan utamanya. Semua bahan yang akan dibeli, dikumpulkan dan dilihatnya dengan teliti. Setelah semuanya lengkap, sang koki pun pulang dan bersiap untuk memasak. "Eeeh,...hati hati dengan dagingku, aku ini daging pilihan kelas satu lho, jangan sembarangan kau meletakkan," protes si daging ketika ditaruh didalam sebuah

Randha Bingung #7

Gambar
 Randha Bingung #7 Persis bar Magrib wong wong sing dikongkon teka menyang omahe Pak Lurah wis padha nglumpuk.  Kenthos sing dadi kongkonane Pak Lurah wiwit jam lima wis nyepakne sakrenane panganan suguhan ana ndhuwur meja. Kacang lan gedhang godhog, uwi, gothe, tela rambak, uga opak gadhung ditata kanthi tharik tharik. Meja dawa komplit sakursine sing ana mbale omahe Pak Lurah biyasane digawe rembugan yen ana kerepotan desa.  Uga kerep digawe nglumpukne pamonge yen ana perkara desa sing kudu diomongne. "Mangga...mangga pinarak, Kenthos manggakne Ponisah lan Jumangin sing teka bareng karo Klowor. "Lhooo...kok padha nglumpuk ana kene iki arep diwenehi apa ya?" Pitakone Ponisah sing kaget bareng nyawang ana Sulastri, Darmi, uga Mbah Darip. "Lha rong ndina kepungkur aku diparani Kenthos, jare dina iki bar Magrib dikon nglumpuk ana kene." Semaure Mbah Darip sing teka dikancani karo putune. "Kula ugi Mbah, sakdherenge siyange dipun kengken dhateng bale desa,&

Randha Bingung #6

Gambar
 ~Randha Bingung~ #6 "Kula nuwun....kula nuwun, Pak," Ponisah uluk salam saka njaba omahe Pak Lurah. "Kok sepi, menawa padha lunga Lik," suarane Klowor sing ngeterne uga sing mancal becake  Narto Kencig. "Ora usah ndisiki lakon yen ora weruh dhewe," semaure Ponisah karo mlirik matane. "Lha ora ana sing semaur lho Lik," Klowor isih ngeyel. "Kula nuwun Pak luuuuur," Klowor sing mulai semremet ngrasakne polahe Ponisah mulai celuluk sapenake lambene dhewe. "Heh...jaka begog, sing sopan lambemu," Ponisah rodok gregeten nyablek pundhake Klowor sing setengah cengengesan. "Balik wae Lik, karodene barang ora genah kok mbok laporne Lurah. Mengko yen keleru tiwas wirang dhewe." Klowor ngajak mulih, nanging karo ponisah ora digatekne. "Pinarak, aku sik ngasaran. Ana apa iki Yu? Kok ndengaren ngajak Klowor. Arep rabi apa piye?" Pitakone Pak Lurah sing kondhang cedhek karo wargane. "Ahhhh.. mboten Pak, kula namu

Polah

Gambar
 ~Polah~ Saka ramene papan kene, Sing ora ana sakglugut dipara pitu jembare Yen dibandhing gedhene alam donya sakisine Taksawang rupa rupa, manungsa lan polahe Seje seje uga dhewe dhewe Embuh apa sing dikarepne Lan arep menyang endi parane Saka ramene papan anggonku nunggu Taksawang ana sing melaku uga melayu Ana sing metu, nanging uga ana sing melebu Ana sing mesem, uga ana sing ngguyu Ana sing meneng, njeginggut maca buku Sing ana sisihku merem, jebule turu Aku dhewe mung mikir, urip lan lakune wektu Ana papan sing isih peteng dikancani sacingkir panase kopi ireng Keluke udud, mawut kesaput bantere angin Takumbar angenku mbarengi ramene batin Ngelingi sing teka lan sing wis lunga Sing bagas waras uga ana sing isih lara Cerita ndonya ginaris kang kuwasa Sawetara ing pucuk wit witan,  Manuk manuk ngoceh sesautan Ana sing mabur dhuwur lunga golek pangan Senajan ora weruh papan, ora duwe tujuwan Ana sing ndekem angkrem neng pasusuhan Manut mubenge lakon tanpa sesambatan Sing baku, kudu

Cerita dari Wadas

Gambar
 ~Cerita dari Wadas~ Kemarin ramai terdengar Suaramu menjadi hingar bingar  Tanpa mencari salah dan benar Semua menjejali isu isu ngawur  Media mengompori tulisan simpang siur Rakyat yang "LELAH" mudah terbentur Lalu tawur! Polisi yang mengawal Seolah pasang badan untuk dijadikan tumbal Meski Sebenarnya itu prosedural Tetapi mereka yang dicekal dan dikawal  Adalah demi menghindari tindakan brutal  Tolong jangan mudah "PECAH" gunakan akal Jangan bebal! Kemudian, Berbagai opini menyeruk ke publik Dikait kaitkan dengan politik Juga menyangking organisasi cilik Yang seringkali bermain kurang cantik Ini mega proyek "ELITE" dengan nilai fantastik Harus cerdik! Maaf Pak, Bila rakyatmu belum semuanya tahu Tentang bendungan dan batu batu Manfaat kedepan yang tak berjangka waktu Mereka hanya kurang tahu dan tidak dungu Termakan hasutan dan trauma cerita dulu  Bahwa "GANTI UNTUNG" tidak berlaku Pikir dengan jitu! Wadas,  Aku mengikuti beritamu sebagai rak

Randha Bingung#5

Gambar
 ~ Randha Bingung~ #5 Sakwise Ponisah lunga, Sundiyah mbalik marani Sumini menyang omahe Yu Trimah. "Aku tak ider dhisik Sun, adhikmu kancanana. Mengko yen Trinil ngeterne dhuwit dagangan, cekelen dhisik. Soale bocahe dina iki prei." Pesene Yu Trimah karo metu saka pawon. "Iya Yu, ati ati, laris laris," jawabe Sundiyah karo ndemeki rinjinge mbakyune ipe. "Wis ora usah nangis, mengko ben digenahne kangmu Nduk," Sundiyah nyawangi ipene sing isih miseg miseg nangis karo mondhong anake. "Gek sapa ya Yu, sing nyebar pitnah kaya ngana kuwi? Apa ya aku iki wis edan yen nglebokne Lik Jumangin nyang omah. Gek ya arep takgawe abrakan apa? Sumini nyauri karo iluhe isih dleweran. "Lha wingi sapa sing weruh nalika Jumangin neng omahmu?" Pitakone Yu Sundiyah. "Aku ora genah Yu, wong wis surup. Aku uga ora patek nyawang njaba. Butuhku ndang metu saka njero omah." Jawabe Sumini. "Ohhh iya Yu, isuk maeng aku pethuk Sulastri. Deweke takon, kene

Kapilut Rambut

Gambar
 

Randha Bingung#4

Gambar
 ~Randha Bingung~ #4 "Njanur gunung yahmenten kok marung Lik," Sulastri abang abang lambe nakoni Ponisah sing mara pancen seja arep tuku pecel. "Pingin mangan seger segeran Nduk, bendina kelan kenthel suwe suwe waleh" semaure Ponisah karo nyelehne bokonge neng lincak. "Kraaak," suarane lincak pring sajak ana sing kemriyet ora kuwat nyangga awake Ponisah sing pancen lemu ora lumprah. "Woalaaah... Lincak pring wis gapuk kok ya sik mbok pasang ta Mi...Darmi, tujune aku kok ora nggoling," Lik Ponisah ngresula karo krangkangan ngadeg karo gondhelan gawang lawan warunge Darmi. "Tak ngadeg wae Mi, timbang jepluk lincakmu tak lingguhi," Ponisah ngalahi ngadeg. "Pecele tak pangan kene Mi, Likmu ulegna pedhes sedhengan wae. Telu pisan, ben digawa mulih karo Klowor." Ponisah nggenahne pesenane. "Lha Lik Jumangin ten pundi lho Lik, kok ngajak Klowor barang," Sulastri mulai golek kriwikan. "Ngebas nyang kidul kali, ngajak K

Apa sing angel

Gambar
 "Apa Sing Angel" Ora bakal krasa abot Yen niyat ati adhem ora kebrongot Ora bakal krasa panas Yen rasa ati adhem ora kebrangas Kabeh, gumantung ing atimu! Lerem, leremen kanthi rasa sukur Sidhem, sidhemen kanthi rasa jujur Lakuning urip nalika golek panguripan Dalaning urip nalika mburu kamulyan Bener lan keliru, takona marang atimu! Donya iku, amung kaya munyering jangka Padhang peteng, wengi lan rina Arep apik utawa ala, sira dhewe sing kuwasa Akal lan nalar cementhel ana wujuding manungsa Obahna ing budidaya wujudna ing karya! Apa bisa jenak turumu? Yen amung lara gelaning ati sing mbokingu Apa bisa kerasa enak manganmu? Yen amung runtik panasing ati sing mbokulu Aja bodho, nuruti hawa umube napsu Ora ana sing angel Yen jembare dhadha wis gumelar ing raga Amarga manungsa nduweni tepa slira Ora ana sing angel Yen iklase rasa wis sumebar ing jiwa Amerga manungsa nduweni welas lan tresna Sira dhewe sing kudu bisa nata Urip ana ing donya rame iki Yen mung turu olehe amung ngi

Randha Bingung #3

Gambar
 ~ Randha Bingung~ #3 Ana tengah dalan Sumini tiba njlungub nganti klekaran. Sandhangan sing dibuntel taplak melu tiba mencelat. Watu sing sakepel gedhene nyandhung sikile nganti pedhot sandhale. Nepaki kiwa tengene lemah tegalan sing biyasa digawe bocah bocah padha dolanan. Bal balan, layangan, dhampar nganti betengan. "Sum....Sumini, kowe ora apa apa ta?" Guru Slamet cepet cepet njagang montore. Sakperlu nulungi Sumini sing babak bundhas dengkul lan sikute. Sumini ora age age nyauri, amerga ngrasakne lara neng ugel ugel sikile. Isih lungguh ndoprok merga pancen lara tenan.  Sandhangan sing mencelat dijupuk karo Pak Guru Slamet. "Kowe arep nyang ndi ta Sum, gek sikutmu getihen kaya ngono kuwi, ayo tak terne. Ora usah duwe pikiran piye piye Sum. Aku mung pingin nulungi yen kowe gelem." Pak Guru Slamet sajak welas tenan nyawang kahanane Sumini. "Badhe teng Bu Carik, ngeteraken sandhangan. Tapi kadose sikil kula keseleo Pak," karo pringasan Sumini njajal mla

Teka

Gambar
 ~Teka~ Yen wancine wis teka Sapa sing bisa endha? Yen wancine wis teka Sapa sing bisa semaya? Arepa ndelik ing dhuwure gunung Arepa slulup ing jerune kedhung Yen wis titi wancine Kabeh bakal bali menyang asale Banjur apa sing arep mbok gawa? Dudu akehe banda lan donya Banjur sapa sing arep mbok gawe kanca? Dudu sanak kadang lan keluwarga Sing digoleki rina wengi bakal mbok tinggalne Sing ditresnani lan diopeni amung ngeterne Banjur sapa sing arep melu selawase? Tangan sing seneng dana weweh Pitutur sing luhur lan ati jujur sing sumeleh Yen padha obahe, turuten dalan kang becik Yen padha mengane, ngucapa omongan kang apik Supaya dadi sangu ing alam kelanggengan Sakwayah tembe mburi yen wis ketimbalan Yen wancine wis teka Amung donga sing bisa dikirimake Lan endahe cerita sing bisa dielingake Mula, sakdurunge kedhisikan kukut Tumindak bener lan pener kudu disengkut Aja ngumbar napsu bejat sing kebacut Paribasan wong ngelak, ngombe mung nunut Sakedhepan...mung sakcegukan Sakdurunge wanci

Randha bingung #2

Gambar
 ~Randha Bingung~ #2 "Wonten napa Lik, kok ngantos krenggosan, niki mbeta napa kok dibuntel glangsing?" Pitakone Sumini sakwise mbukak lawang karo metu teka omahe. "Lawange tutupen Sum, aku arep omong karo kowe," panjaluke wong sing ndhodog lawang. "Mboten Lik, menawi wonten butuh, sampean sanjang teng njaba mawon," semaure Sumini karo ngadhoh teka lawang omahe  "Iki ana klopo sakjanjang, aku bar nebas teka etan kali. Bisa mbok gawe tambah butuh," semaure wong lanang sing jebule Lik Jumangin tukang nebasi woh wohan apa wae neng desane. "Mboten Lik, kula mboten butuh. Sampean beta wangsul mawon," semaure Sumini isih teka kadohan. "Ora apa apa Sum, timbang tuku," Lik Jumangin isih ngeyel. "Sampeyan beta wangsul Lik, kula mboten butuh klopo," semaure Sumini saya banter. Merga krungu suwara rame, bayi umur rong taun sing lagek turu angkler kuwi tangi. "Sampean metu Lik, thole kula tangi krungu suwarane sampeyan,&quo

Godhong Garing

Gambar
 ~ Godhong Garing~ Neng kene ana tetanduran gedhe Ngadeg jejeg nduduhake blegere Pang carang oyot sagodhonge Katon ngrembuyung subur nyenengake Sing katone mung mbegegeg Tingarahe kaya mata miceg kuping mbudeg Nanging sejatine kebak ngemu ilmu Kang bisa kanggo tuladha lan sinau Coba sawangen, senajanta godhong Ing mangsa ketiga gogroge godhong jati Ora merga wis ngarang banjur arep mati Yen tetanduran wae bisa nduweni ngerti Kadhingkala kudu kelangan yen pingin mukti Coba nalaren, senajanta godhong Paribasan godhong gogrog teka wit witan Senajan remuk ajur kesiram udan Nanging isih migunani kanggone liyan Dadi rabuk bisa paring panguripan Godhong kang teles antep mandhes Nyawiji karo lemah bumi lan ngrembes Katon ijo royo royo nyenengake mata Gawe seger lan ayem padhange hawa Uga bisa paring apa wae kang miguna Coba pikiren, senajanta godhong Aja nganti paribasane kaya godhong garing Sing mung diobat abitne angin sumriwing Suwarane kemresek mbrebegi kuping Katone mumbruk nanging gom