Mbah Bunder
*Mbah Bunder*
Jeneng asline Sukoco, nanging biyasa diceluk Mbah Bunder. Apa merga potongan sing nyempluk bunder?
Embuh sapa sing ngawiti, nyatane meh kabeh wong desane madani dheweke karo jeneng "Bunder"
Uripe mung karo bojone, merga pancen ora nduweni turun.
Sing wedok jenenge Mbah Jainah. Wis rodok pikun, senajan awake lemu nanging lara laranen. Penggaweane mung thenguk thenguk ana teras omah karo ngeteni tekane bojone.
Sawetara Mbah Bunder pendhak isuk kerja melu Cina ana kutha, dadi rewang sing dipercaya karo juragane ana ing pabrik tahu.
Budhale bar subuh, jam sepuluh isuk wis oleh mulih. Merga nduweni open open sing ora bisa ditinggal suwi.
Sakliyane jujur, Mbah Bunder uga sabar lan nduweni unggah ungguh.
Mangkane ana ngendi wae mesthi disenengi wong akeh.
Isih jam sanga isuk, srengengene dhurung pati panas hawane. Mbah Jainah kaya biyasane, lungguh ana teras omahe ora ana kancane.
"Mbah, kok dhewekan....Lha Mas Bunder nyang endi?" Pitakone Marini sing biyasa njaraki.
"Mas mes...Mas mes, bojomu ta?" Semaure Mbah Jainah karo mlengos tur atos.
"Lha iki anake wayah nukokne susu, mangkane takjak nyusul rene," Rukmiyati sing pancen lagek momong sambi ndulang anake melu melu ngobongi.
"Pancen begengg×k begengg×k (ngapunten saru) mangkane nggoleki bojone uwong," Mbah Jainah mulai ngomel karo mbesengut ulate. Yen wis ngono kuwi biyasane suwarane nyandak jeneng sakrenane kewan karo ditambahi sakrenane pisuhan.
Marini karo Rukmiyati saya seneng yen weruh mbah Jainah mulai ngamuk muring muring ora karuwan.
Marini karo Rukmiyati pancen nom noman rodok kosro. Asline omahe mung ngarep mburi karo Mbah Bunder. Nanging merga rodok pikun Mbah Jainah wis ora bisa ngenali maneh.
Marini bojone pegawe PJKA, anake loro wis mlebu SD kabeh. Rukmiyati bojone mandhor pabrik rokok GG. Anake telu, sing ragil lagek umur karo tengah taun. Mangkane pendhak isuk yen bar adhang kerep momong karo ndulang ana latare Mbah Bunder sing iyup merga ditanduri wit waru sing ketel, uga gedhang ijo nganti tekan kebonan mburi.
Yen panen, biyasane tangga teparo padha dibagehi.
Marini sing wis ora open open bayi, biyasane nduweni gawean nampa jaitan. Pelanggane wis akeh, nanging dheweke ora gelem masang bor "penjahit" ana omahe. Wong yen butuh mesthi marani utawa nggoleki dhewe. Iku wis dadi cekelan uripe. Mangkane kabeh dilakoni saktitahe.
Rukmiyati angger bar adang, rampung resik resik omah, terus momong karo ndulang. Yen wis rampung banjur mulih ngeloni anake, yen anake turu bablas disambi umbah umbah sakmepene pisan.
Saka wetan ketok Mbah Bunder teka numpak dhokar. Ora ketang mung tahu kuning utawa gorengan sukun senengane Mbah Jainah mesthi digawakne.
"Waaaah...Mas Nder wis teka, kene tak umbahne sarungmu Mas, ben anget yen mengko bengi digawe kemulan wong loro," Marini gaya ngrangkul karo nggoceki sarunge Mbah Bunder sing lagek mudhun saka dhokare Surip.
"Yaaa...wis oleh wedokan ayu, gek lali karo aku," Mbah Jainah lontro lontro mlebu omah.
"Mas....Mas Bunder, bariki takpijeti ben ora kemeng gegermu," Rukmiyati gaya nggandheng Mbah Bunder karo kekelen.
"Caaaah,...kowe kuwi lho kok senengmen njaraki Mbahmu to," Mbah Bunder sing wis apal karo kelakuwane tanggane, mung mesem karo nyantholne kopyahe.
Sawetara Mbah Jainah lungguh neng kursi njero omah karo nggebeg sikile nganti mlocot metu getihe.
"Mas....Mas Nder, aku bojomu sing ayu dhewe to?" Pitakone Mbah Jainah kaya bocah cilik.
"Ora...bojone aku thok, kene mas Nder...tak imbuhi mangan ben ora luwe wetenge," Marini mlebu karo gaya nyandhak piring.
Yen wis ngono kuwi biyasane Mbah Jainah nangis gero gero.
"Patenana wae aku Mas Nder, timbang mbok wayuh. Timbang mbok tandhingne karo begengge× loro kuwi, aku pilih mati," olehe nangis karo nggebeg sikil saya ndadi.
"Wis Mbahmu ki kaya ngono kuwi, kowe kok ya senengmen njaraki ta Rum," Mbah Bunder karo sabar nata sukun gorengan ana piring seng.
Ora suwe, Mbah Jainah wis leren anggone nangis. Merga tanggane wedok loro wis padha mulih.
Dina dinane Mbah Bunder mung kerja budhal peteng, banjur mulih ngopeni bojone.
Adang, resik resik, umbah umbah ditandhangi dhewe. Merga Mbah Jainah pancen wis ora bisa dirah gawene.
Umpama bisa tandang, malah mbebayani.
Amarga pikun, dheweke tau meh ngebong pawon sakomahe. Karepe cethik geni, blarak garing dibongkoki cedhek pawonan. Dhasare pawon gedhek, ora nganti suwi genine meremek mubal ngobong pawon.
Dadi ngobahne wong sakampung.
Tujune kok isih ketulung ora nganti nylomot wuwung. Sakwise kedaiyan kuwi, korek, lenga, lading, gelas piring beling kabeh didhelikne karo Mbah Bunder.
Barang barang sing mbebayani disingetne ben ora dadi gawe.
Nanging saiki ceritane seje.
Merga larane, Mbah Jainah wis kapundhut bali marang Gustine.
Mbah Bunder ora karuwan sedhihe, nanging uga bisa ngunggah ngudhukne.
"Pancen wis pesthine, arep diapakne?"
"Sing lunga amung ragane, nanging sukmane isih neng kene."
"Mbesuk yen wis wayahe, bakal dipethukne."
"Pokok bendina isih taksambat lan takpujekne muga penak papan panggonane."
Kaya ngono kuwi percayane Mbah Bunder marang lungane bojone.
Sakwise ditinggal mati bojone, Mbah Bunder tetep nglakoni urip kaya biyasane.
Kerjo sakuwate, lan tumindak apik karo sapa wae.
Nanging ana siji sing rodok nganeh nganehi.
Pendhak malem jemuwah, dheweke menyang kuburane Mbah Jainah.
Nyelehne ungkusan sate pitik sak wedang kopine.
"Mbah, saté karo wedangmu pendhak malem jemuwah kuwi disuruti karo Cempluk," kandhane Sudar nalika simpangan mulih tekan kuburan.
"Yo ora dadi ngapa Le, pancen rejekine Cempluk," semaure Mbah Bunder sapenake .
"Lha yen weruh sing mangan Cempluk, kok isih panggah mbok kirimi pancen to Mbah?" Pitakone Sudar maneh.
"Mbahmu wedok ki mung njupuk ganda karo rasa Le, yen wujute ben dipangan Cempluk. Sebab Cempluk sing isih nduweni raga," jawabe Mbah Bunder malah nggenahne babagan urip lan pati.
Yen wong sing wis kapundhut kuwi balik marang asale.
Nyatane nganti taunan Mbah Bunder isih ajeg kirim pancen lan kembang.
Setiya lan tresnane marang bojone ora susut merga bedane donya.
Nganti teka sawijine dina, ana pawongan sing enom gedhe dhuwur sakbojone. Ndelok omahe Mbah Bunder karo pathok pathoke.
Jebule, Mbah Bunder arep adol omah sakpekarangane.
"Pakdhe sampun sepuh, kersane tumut kula, badhe kula beta lunga dhateng Sumatra. Kula ajak transmigrasi bedhol desa," ponakane Mbah Bunder menehi keterangan nalika Kang Wagimin, sing manggon ana sisihe nakoni bab lemah lan omah sing arep didol.
"Lajeng pripun saté kalih pancene Mbah?" Pitakone maneh.
"Wis takpamiti, saté karo wedang pancene panggah takirimi saka Sumatra, saksuwene aku bisa nukokne, uga takomongi pisan yen menawa rasane bakal seje ora kaya biyasane." Semaure Mbah Bunder karo klepas klepus nyedot rokoke.
Ora nganti suwe, omah sakempyak sing karangane jembar mburine kuwi wis dadi nggonane Pak Suharto, pegawe kantor Agraria. Dideki omah tingkat sing magrong magrong lan rapet dhuwur pagere.
Ora ana maneh Marini lan Rukmiyati sing kerep njaraki Mbah Jainah utawa ngancani Mbah Bunder gesah.
Ora ana maneh Cempluk sing pendhak malem jemuwah ompang amping neng mburi kijing, merga ndhedepi saté karo wedange Mbah Jainah.
Ora ana maneh wong sing seneng andum gedhang saka kebonane.
Saklungane Mbah Bunder, pancen ana sing seje. Nanging urip ana ngendi wae, menungso saderma nglakoni, amarga kabeh wis diatur karo Gusti sing nduweni alam, urip lan pati.
Nuwun🙏🙏🙏
Lisse
26/02/2022
Gesreven door Sita Aulliya
Cerita "Randha Bingung" perjuangan 1 nganti 8 wis rampung kan bisa dibaca ana ini👇👇👇
https://sita-aulliya.blogspot.com/
Matur nuwun.
Komentar
Posting Komentar