Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2023

Terompah Kyai Ngabdulah

Gambar
 Terompah Kyai Ngabdulah Siji-sijine langgar sing ana ing desa wis katon sepi. Bocah-bocah sing biyasa ngaji, dina iki padha budhal menyang pondhok pesantren gedhe. Saperlu arep sinau olah ilmu kanuragan, kang diwulangake pendhak Jemuwah bengi. Pencak silat sing diwulangne dene Gus Mohtar, putrane Kyai Ngabdulah. Senajan ditempuh karo mlaku dhampyak-dhampyak sangu obor, nyatane anggone nglurug ilmu bocah-bocah kuwi ora nate kendhor. Nanging bengi iki, mbuh kena apa Mbah Yai Dulah kok kadingaren mbaleni nginguk langgare. "Woalah Cung, arep cerita apa kok nganti betah anggonmu  ndhepipis ana ngisor bedhug?" pitakone Mbah Yai sawise dhehem saka njabane pager. Sanalika praupane Kojin langsung pucet. Antarane wedi, isin lan kaget. Nanging kabeh wis diniati dene dheweke, yen bengi iki kudu ngakoni kesalahane.  "Ngapunten Mbah Yai, kula ingkang luput" kandhane karo ndhingkluk. Kopyahe sing wis mbulak lan lebus ambune diblusukne sajeru-jerune. "Lhooo, luput kena apa Cu