Teka
~Teka~
Yen wancine wis teka
Sapa sing bisa endha?
Yen wancine wis teka
Sapa sing bisa semaya?
Arepa ndelik ing dhuwure gunung
Arepa slulup ing jerune kedhung
Yen wis titi wancine
Kabeh bakal bali menyang asale
Banjur apa sing arep mbok gawa?
Dudu akehe banda lan donya
Banjur sapa sing arep mbok gawe kanca?
Dudu sanak kadang lan keluwarga
Sing digoleki rina wengi bakal mbok tinggalne
Sing ditresnani lan diopeni amung ngeterne
Banjur sapa sing arep melu selawase?
Tangan sing seneng dana weweh
Pitutur sing luhur lan ati jujur sing sumeleh
Yen padha obahe, turuten dalan kang becik
Yen padha mengane, ngucapa omongan kang apik
Supaya dadi sangu ing alam kelanggengan
Sakwayah tembe mburi yen wis ketimbalan
Yen wancine wis teka
Amung donga sing bisa dikirimake
Lan endahe cerita sing bisa dielingake
Mula, sakdurunge kedhisikan kukut
Tumindak bener lan pener kudu disengkut
Aja ngumbar napsu bejat sing kebacut
Paribasan wong ngelak, ngombe mung nunut
Sakedhepan...mung sakcegukan
Sakdurunge wancine teka tenan
Wis enggal diwiwiti
Mlaku kenceng ing dalane Gusti
Banjur nyawiji ing baguse ati
Nuwun 🙏🙏🙏
Rahayu... Rahayu....Rahayu
Lisse
03/02/2022
leres sanget
BalasHapus