Randha Bingung#5
~ Randha Bingung~
#5
Sakwise Ponisah lunga, Sundiyah mbalik marani Sumini menyang omahe Yu Trimah.
"Aku tak ider dhisik Sun, adhikmu kancanana. Mengko yen Trinil ngeterne dhuwit dagangan, cekelen dhisik. Soale bocahe dina iki prei." Pesene Yu Trimah karo metu saka pawon.
"Iya Yu, ati ati, laris laris," jawabe Sundiyah karo ndemeki rinjinge mbakyune ipe.
"Wis ora usah nangis, mengko ben digenahne kangmu Nduk," Sundiyah nyawangi ipene sing isih miseg miseg nangis karo mondhong anake.
"Gek sapa ya Yu, sing nyebar pitnah kaya ngana kuwi? Apa ya aku iki wis edan yen nglebokne Lik Jumangin nyang omah. Gek ya arep takgawe abrakan apa? Sumini nyauri karo iluhe isih dleweran.
"Lha wingi sapa sing weruh nalika Jumangin neng omahmu?" Pitakone Yu Sundiyah.
"Aku ora genah Yu, wong wis surup. Aku uga ora patek nyawang njaba. Butuhku ndang metu saka njero omah." Jawabe Sumini.
"Ohhh iya Yu, isuk maeng aku pethuk Sulastri. Deweke takon, kenengapa Jumangin kok mara nyang omah," Sumini thenger thenger mulai bisa ngira ngira sumber memalane.
"Wooooo....ya kui punjere Nduk, kok ora kapok. Biyen didhodhoki karo Ruselan sak bojone gara gara mitnah jarene nduwe sugihan. Saiki ganti mitnah kowe karo mokroli Ponisah," Yu Sundiyah getem getem karo njunjung thole sing obah nglilir ngelak njaluk ngombe.
"Yuuu, awakku kok rasane adhem panas lan kudu mutah. Gek sikilku saya aboh iki piye Yu?" Sumini nyethether kaya kadhemen.
"Sesuk isuk ben dicelukne Mbah Darip, mlanjer teka ugel ugelmu iki lho Nduk," Yu Sundiyah mboboki sikile Sumini sing ketok methek menthek aboh.
"Sesuk isuk takmara nyang Mbah Darip, saiki kowe leren ngglethak nyang senthong kana wae, thole ben diopeni mbakyumu," Kang Kasdi mara nyusul karo nggenahne perkara klapa.
Dina kuwi sidane, Sumini turu neng omahe Yu Trimah. Nganti bengi Sundiyah karo Kang Kasdi isih ngancani. Amerga bojone Yu Trimah kerja dadi tukang bangunan, sing melu mandhore nggarap menyang kutha ngendi ngendi. Mulihe paling cepet rong minggu pisan. Anake siji, wedok wis omah omah dhewe. Manten anyar lagek telung sasi olehe rabi.
"Wis ndang turu Nduk, sesuk isuk gek dipijetne." Pamite Kang Kasdi sakwise nganti jam sanga bengi gesah neng omahe mbakyune.
Isuk, isih anget angete srengenge. Kaya biasane adhate wong ndesa. Pada nyang sawah. Ana sing buruh tandur, matun, buruh ngluku,lan nggarap sawahe dhewe. Utawa mblandhong nyang alas gedhe. Sing pegawe kelurahan utawa guru uga wis polah obah kaya biyasane.
Budhal yambut gawe!!!
"Wetengmu iki kengser Nduk, mangkane awakmu adhem panas." Mbah Darip tangane ketok prigel mijeti wetenge Sumini sing ketok pringasan ngempet lara.
"Diyempet sedhilut ya Nduk, takbenakne wetengmu ben isa angglong. Iki rasane mesthi nyengkal senep ta?" Pitakone Mbah Darip.
"Inggih Mbah, soale wingi kula tiba wonten ratan kidul lapangan." Semaure Sumini.
"Sakliyane kuwi, uga kakeyan mbokgawe njunjungi abot Nduk," Mbah Darip menehi omongan supaya Sumini ora nemen nemen olehe njunjung barang abot.
"Sik,...diyempet maneh ya Nduk," komat kamit Mbah Darip mluruti sikile Sumini sing aboh.
Sumini pringasan nganti mrecing mrecing rupane.
"Klaak...klaaak,'' suarane balung ugel ugel sing dibethot karo Mbah Darip ndadekne Sumini mbengok njingkat merga kaget.
"Wiss mari...bariki wis penak Nduk, diblonyohi beras kencur terus ya Nduk. Awake rodok dijak leren dhisik. Yen dhurung penak tenan ora usah kerja dhisik." Pituture Mbah Darip karo njupuk selendhang jarike.
"Matur nuwun Mbah, sakniki mpun suda kathah. Sakniki kula sampun saged kringeten gobyos." Sumini ngrasakne awake lan sikile mulai kerasa penak.
"Ora usah mbokterne Le, aku takmlaku wae. Bariki isih arep mampir nyang Sayem toko, arep mijeti putune." Suarane Mbah Darip nggenahne nalika Kasdi arep ngeterne numpak sepedahe.
"Nggih sampun menawi ngoten Mbah, kula takbablas teng cithakan," pamite Kasdi karo mancal sepedah ngetan parane.
"Kokmlampah mawon, saking pundi Mbah?" Sulastri sing ndelalah mulih blanja janganan neng warunge Sempok nakoni Mbah Darip.
"Bar mbenakne wetenge Sumini Nduk, saiki arep nyang Sayem toko. Arepe mijeti putune."
Semaure Mbah Darip cepet cepet ngalih, merga wis dienteni karo Lik Sayem.
"Sumini sakit napa Mbah?" Pitakone Sulastri maneh.
"Meriyang, karo masuk angin barang nganti mutah mutah. Tujune kok ora kasep," semaure Mbah Darip karo mlaku.
"Takngetan sik Nduk,"
"Inggih Mbah, mangga," semaure Sulastri karo mulai muter utege.
"Mbenakne weteng, masuk angin, meriyang, mutah mutah."
"Wis genah bar mlothot bayi, genah meteng tenan ini," batine Sulastri mulai tekan ngendi ngendi.
"Aja rena rena ta Dhik, mengko yen keliru malah dadi padu lho," Darmi sajak ora seneng karo omongane Sulastri.
"Yuuu Dar,...saiki nyapo kok Mbah Darip isuk isuk wis tekan omahe Sumini? Jarene bar mbenakne wetenge Sumini, soale Sumini masuk angin karo mutah mutah. Masuk angin kok sing dipijeti wetenge. Iki mung saknomer Yu. Mesthi wis nggembol tenan." Suwarane Sulastri saya ndadi ora bisa disrekali.
"Yen ora guru Slamet mesthi Lik Jumangin sing ngetengi, Yu Ponisah kudu takabari. Mumpung dhurung kecakot." Sulastri ngadeg karo nyanking ungkusan jemblem karo tape sing arep diwenehne Ponisah.
Sepedahe sing ora ana jagange disendhekne wit waru ngarep omahe Ponisah.
"Lik...takbetakne jemblem kalih randha royal mumpung tasik anget," celuluke Sulastri nalika nyawang Ponisah lagi ngrajang kates arep digawe kelan lodeh.
"Ora usah muni rondha rondho Nduk, marai pegel atiku," jawabe Ponisah karo mleruk.
"Lhaaa randhane yahmene mpun bar mlothotne wetenge kok Lik, kula sing nyanjangi Mbah Darip kiyambak." Jawabane Sulastri gaya ora ngawaki.
"Sing bener Nduk, wingi Likmu wis sumpah sumpah yen ora ngapak ngapakne Sumini ki?"
Ponisah mulai sangsi maneh karo bojone.
"Lhaaah...lha sampean pilih nunggu mbledhose gunung napa pilih mrantasi kemladhih?" Jawabe Sulastri.
"Genahe, yen ngrungokne omongan kalih nyawang gelagate Mbah Darip ketoke kok wonten sing didhelikne. Genahe bar mlothot bayi niku Lik," Sulastri olehe gawe kriwikan saya wani.
"Aku kudu nakoni lan neter Likmu maneh iki Nduk, jolayak ndikwingi kok aku ora diuwongne. Kudune mbelani bojone, Ora malah ngluntrung mulih dhewe." Atine Ponisah saya panas mongah mongah.
"Lapor pak lurah mawon Yu, kersane diceluk ditakoni kiyambak. Yen sing nakoni sampeyan dhewe, malah ora digape. Bisa bisa malah sampeyan sing diamuk kaliyan Lik Jumangin," Sulastri anggone obong obong jan eram tenan.
"Iya... Pinter kowe Nduk, sesuk taklunga nyang omahe pak lurah. Taklaporne wae, ben dicuthik metu saka desa kene. Ben wirang merga kelakuwane dhewe."
Semaure Ponisah karo nguleni rajangan katese sing dicampur karo uyah.
Nganti alum lemes ngetokne banyu.
Ana candhake
Lisse
08/02/2022
Kula maos seratanipun kaleh mbayangaken kawontenanipun liku liku kehidupan di pedesaan sae sanget mbak. Sumangga dipun lajengaken. Matur nuwun mbak.
BalasHapusMatur nuwun sanget, kula sengaja nyerat komplit wonten blog damel ndelok minat baca cerita Jawa.
HapusYang ternyata sangat luar biasa. Dari statistiek yang muncul dalam satu setengah dibaca lebih dari 315 kali.
#4.
Membuat saya yakin, bangsa Jawa akan kembali jaya bila generasinya tidak stabiel dan yakin dengan budayanya
Bila generasinya stabiel dan yakin dengan budayanya 🙏🙏🙏
HapusRahayu.. Rahayu.. Rahayu
Maturnuwun sanget mbak🙏🙏
BalasHapusSami Sami 🙏
HapusKulo rantos lanjute.. Mbk
BalasHapusInggih...sabar sekedhap nggih
HapusWilujeng sonten mba,derek nyimak mawon
BalasHapusNyumanggaken 🙏
HapusRemen sanget
BalasHapusMatur nuwun 🙏
HapusKula tengga carios candhakipun. Teruslah berkarya. Aku suka dengan karya tulis mbak Siti Saropah..��������
BalasHapusMatur nuwun sanget 🙏🙏🙏
BalasHapusNunggu crios candakipun
BalasHapusSabar sekedhap nggih
Hapus