Randha Bingung #3


 ~ Randha Bingung~

#3


Ana tengah dalan Sumini tiba njlungub nganti klekaran.

Sandhangan sing dibuntel taplak melu tiba mencelat.

Watu sing sakepel gedhene nyandhung sikile nganti pedhot sandhale.

Nepaki kiwa tengene lemah tegalan sing biyasa digawe bocah bocah padha dolanan.

Bal balan, layangan, dhampar nganti betengan.

"Sum....Sumini, kowe ora apa apa ta?" Guru Slamet cepet cepet njagang montore. Sakperlu nulungi Sumini sing babak bundhas dengkul lan sikute.

Sumini ora age age nyauri, amerga ngrasakne lara neng ugel ugel sikile.

Isih lungguh ndoprok merga pancen lara tenan. 

Sandhangan sing mencelat dijupuk karo Pak Guru Slamet.

"Kowe arep nyang ndi ta Sum, gek sikutmu getihen kaya ngono kuwi, ayo tak terne. Ora usah duwe pikiran piye piye Sum. Aku mung pingin nulungi yen kowe gelem." Pak Guru Slamet sajak welas tenan nyawang kahanane Sumini.

"Badhe teng Bu Carik, ngeteraken sandhangan. Tapi kadose sikil kula keseleo Pak," karo pringasan Sumini njajal mlaku nanging kelaran.

"Lha piye, kowe takterne nyang Bu Carik, apa takterne mulih?" Taware Pak Guru Slamet.

"Pripun nggih Pak, kula sampun dirantos, menawi wangsul," 

"Wis ngene wae Sum, ayo tak terne nyang Bu Carik. Ngko tak genahne yen kowe tiba neng dalan." Pak Guru Slamet mutusi merga weruh yen Sumini pakewuh.

"Mboten ngrepoti to Pak?" Pitakone Sumini isih karo pringasan.

"Yungalaaaah Sum, lha dengkulmu kok ya getihen dleweran. Wis ayo nyang Bu Carik tak jalukne yodium," welase Guru Slamet tenanan.

Kula lungguhe pripun Pak," Sumini isih bingung nyeleh awake.

"Lha neng ngarep apa piye? Lungguh ndhuwur tengki," Pak Guru Slamet isih bisa ngguyoni.

"Ya neng mburiku ta Sum, buntelane diselehne kene," semaure Guru Slamet karo nyeleh buntelan taplak neng ndhuwur tengki montore.

Rodok pakewuh sidane Sumini digonceng Pak Guru Slamet nyang omahe Bu Carik.


"Niki wau kejlungub teng kidule lapangan Bu, ndelalah kula pas badhe budhal. Lajeng kula terne mriki pindah," Guru Slamet nggenahne karo nyelehne buntelane neng ndhuwu meja teras omahe Bu Carik.

"Dengkule karo sikute dilapi banyu dhisik Sum, gek mengko diobati. Kae ana yodium," Bu Carik ngelungne anduk cilik karo banyu sak rantang.

"Ngapunten, malah ngrepotne njenengan Bu," semaure Sumini karo diglag diglug merga sikile sing tengen keseleo.

"Kalih tlutuh tintir niki mawon Bu, malah gelis garing," Pak Guru Slamet nyawang ana tanduran tintir lemu lemu neng pager omahe Bu Carik.

"Sakpenake mawon Mas Guru, pokok ndang ditambani. Kok nganti mlonyoh kaya ngana kui maeng gek piye tibane ta Sum?" Bu Carik melu ewut ngopeni Sumini.

Sakwise diblonyohi tlutuh tintir lan nampa opahe setlika, Sumini pamit mulih.

"Ben diterne Pak Guru wae Sum, ngko yen wis teka omah gek nyeluk mbah Darip kon mbenakne sikilmu sing kesleo kuwi." Tuturane Bu Carik. Merga weruh yen kangelan lan bakal kelaran yen Sumini mulih mlaku dhewe.

"Yen Gendon neng omah, ya takkon ngeterne Gendon.lha saiki bocahe sik takkongkon njupuk rabuk nyang KUD," Bu Carik nggenahne yen rewange pas ora neng omah.

"Nggih Bu, mpun kuwatir. Kula sanggup ngeterne," Pak Guru Slamet kemlentheng anggone njawab.


Pancen ya paribasan kaya kutuk marani sunduk ula marani gepuk.

Sulastri sing penggaweane ngonthang ngantheng karo rol rolan rambute saknalika njenggirat mindhak mindhik inceng inceng teka walike bok gawangan omahe nalika ketok Sumini digonceng karo Pak Guru Slamet.

"Wooo....pancen ya randha gatelen tenan kok, wingi nglebokne Lik Jumangin. Lha kok saiki wis diewer ewer karo Guru Slamet. Wis genah yen Guru Slamet ki tukang medok. Kok ya nyah nyoh wae. Pancen ya butuh dikukur, ya sapa sapa wae sakpethuke," suarane Sulastri gembremeng dhewe.

"Matur nuwun sanget Pak, sampun nulungi kula," suarane Sumini karo nyangking sandhale sing pedhot.

"Gak apa apa Sum, mengko yen butuh nyang Mbah Darip takterne wae." Pak Guru Slamet kaya kaya oleh kasempatan.

"Mboten Pak, mangke kersane diterne Kang Kasdi mawon," Sumini age age nolak.


"Woalaaah Sum, gek piye iki maeng critane?" Yu Sundiyah melu bingung nyawang ipene sing babak bundhas dengkul lan sikute.

"Pancen ya apese awak Yu," semaure Sumini karo pringasan kelaran.

"Thole wis sampean dulang ta Yu? Matur suwun ya Yu," suarane Sumini karo nyawangi anake sing turu angkler wareg wetenge bar didulang jenang karo siwane.

"Yu, ngko yen nyang Yu Timah omongan yen dina iki aku ora bisa bakul. Genahno pisan sebabe ya, karo mengko Kang Kasdi kon ndang ngeterne abrakane Lik Jumangin. Marai ndadekne perkara wae," Sumini ketok yen gela banget karo Jumangin.

"Iya, ngko tak omong karo kangmu, saiki aku tak ngulon dhisik, ngewangi Yu Trimah."

Yu Trimah manggon neng kulon dhewe.

Omah cilik cilik jejer papat tunggal pager kuwi pancen dipanggoni sakdulure.

Trimah mbarepe, trus Kaseno, Kasdi, trus Sumini ragile.

Wong tuwane wis ora ana ket Sumini isih prawan. Dadi bocah kuwi pancen wiwit cilik wis ngenger ngenger uripe.

Senajan diopeni karo mbakyune dhewe.


"Kula nuwun.... kula nuwun... Lik, Lik Nanging," celuluke Kang Kasdi karo nrengguluk klapa.

"Wonge tas budhal ngebas nyang kidul kali Kang, nggawa apa kuwi?" Semaure Lik Ponisah bojone Jumangin.

"Niki klapane kakehan angsale ngitung Lik, ndik wingi Yu Trimah ken nempilne mumpung bar tebasan. Tapi leh nyukani kakehan," alasane Kang Kasdi nyang wong wedok sing lemu tur kondhang galake.

Timbang ditakoni rena rena malah isa ndadekne perkara.

"Ya sendhekna latar kana Kang, mengko tak omongane karo likmu," semaure Ponisah.

"Nggih mpun Lik, kula tak pamit." Kasdi enggal enggal ngalih merga sakjane awan kui wayahe laut teka gaweane nyithak boto.


"Heh Yu, tak omongi aja kaget ya. Awan maeng ki aki weruh karo mripatku dhewe. Sumini digonceng karo Guru Slamet leh ngamplok neng gegere nungkul nungkuli tas rangsele kentara kae," Sulastri mulai dadi juru siar.

"Lhaaah...awan awan gek teka ngendi lho?" Darmi sengaja takon ben saya dawa critane.

"Paling ya mulih semayan yu, wong aku ya krungu yen Guru Slamet muni pokok yen butuh deweke siap," Sulastri saya Ora karuwan olehe obong obong.

"Lha Jumangin wae paling isih durung garing pacule, kok wis golek ganti garan anyar," Darmi gawe paribasan anggone nyauri omongane Sulastri.

"Pokok Lik Ponisah kudu krungu. Aja sampe wong lanang lanang sakdesa pada gendra.

Semaure Sulastri kaya kaya arep ngebong kasur.

Mubal mubal mongal mongal.

"Lha apa kowe arep nyang Ponisah, yen trima arep obong obong barang sing dhurung genah?" Darmi nduweni kuwatir yen Sulastri bakal wadul tenan.

"Kok dhurung genah piye to Yu? Aku iki nyawang dhewe gawe mataku. Apa mbok kira aku iki tukang adu adu?" Sulastri sajak dhuwur omongane merga setengah nesu.

"Pokok aja nganti gawe padu, yen ngomongi Ponisah sing ati ati, merga wonge kae ya kethul arit nanging jeru kalenan," semaure Darmi karo nguleg rujak.

"Dipangan kene lombok pitu, sing diungkusi lombok pira Dhik Las?" Pitakone Darmi.

"Gawe bocahku lombok siji wae Yu, tahune sing akeh. Sijine lombok lima gawe pak'e. Krupuke dewekne ya." Semaure Sulastri karo ingak inguk nyawang njabane warung.

"Eeeeee...lha dalaaa, sembarang yen wis jodhone, ora usah tak parani ya teka dhewe. Gusti Allah kuwi rak ora sare ta Yu?" Sulastri sajak bungah, merga ketok lakonane Lik Ponisah teka kidul karo egah egah.

"Waaah iki, tumbu oleh tutup. Hawane bakal ana rame gedhen," batine Darmi karo panggah nguleg bumbu rujake.


Ana candhak

"Semua karya tulis di fb Sita Aulliya atau Siti Saropah bisa di share"

https://sita-aulliya.blogspot.com/

Amsterdam

04/02/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna