Randha Bingung #6


 ~Randha Bingung~

#6


"Kula nuwun....kula nuwun, Pak," Ponisah uluk salam saka njaba omahe Pak Lurah.

"Kok sepi, menawa padha lunga Lik," suarane Klowor sing ngeterne uga sing mancal becake 

Narto Kencig.

"Ora usah ndisiki lakon yen ora weruh dhewe," semaure Ponisah karo mlirik matane.

"Lha ora ana sing semaur lho Lik," Klowor isih ngeyel.

"Kula nuwun Pak luuuuur," Klowor sing mulai semremet ngrasakne polahe Ponisah mulai celuluk sapenake lambene dhewe.

"Heh...jaka begog, sing sopan lambemu," Ponisah rodok gregeten nyablek pundhake Klowor sing setengah cengengesan.

"Balik wae Lik, karodene barang ora genah kok mbok laporne Lurah. Mengko yen keleru tiwas wirang dhewe." Klowor ngajak mulih, nanging karo ponisah ora digatekne.


"Pinarak, aku sik ngasaran. Ana apa iki Yu? Kok ndengaren ngajak Klowor. Arep rabi apa piye?" Pitakone Pak Lurah sing kondhang cedhek karo wargane.

"Ahhhh.. mboten Pak, kula namung ngeteraken Bulik Pon. Tirose badhe nglaporne tiyang meteng," Klowor ngecipris dhewe nggenahne karepe bulike.

"Sing mbok tengi sapa Wor?" Pitakone Pak Lurah sawise Mangkane dhayohe lungguh ana kursi mbalene.

"Sanes Klowor Pak, nanging Sumini" Yu Ponisah age age nyauri. 

"Lhooo...randhane Giman? Kok meteng, piye critane?" Pitakone Pak Lurah maneh .


Saknalika Ponisah nggenahne runtutan ceritane. Mulai pethuk Sulastri ana warunge Darmi, Jumangin ngeterne klapa menyang omahe, nglabrak nyang omahe Sumini nganti mbalik Sulastri mara nggawa cerita pethuk Mbah Darip bar mlothot bayi.

Karo Ponisah kabeh diomongne kanthi cetha.

"Ya, saiki aku wis genah ceritamu. Mengko takrampungne. Saiki wis ameh Magrib. Sampeyan balik wae. Sakwayah wayah yen takceluk mrene, kudu teka ya," Pak Lurah karo manthuk manthuk manggakne dhayohe supaya enggal balik.

"Inggih Pak, pokok sumini kudu ditokne saking desa mriki." Semaure Ponisah karo egah egah pamitan nyalami lurahe.

"Wis, pokok rampung ayem tentrem Yu," jawabe pak Lurah karo mesem.

"Kula pamit rumiyin Pak, pareng," suarane Klowor karo nyurung becake. 

Ponisah sing wis lungguhmbegogok neng nduwure mung ngguyu sajak marem atine.

"Ngko takblanja, aja omong Likmu yen bar teka pak Lurah. Yen ditakoni muniya bar ngeterne tuku jamu," pesene ponisah menyang Klowor. 

"Nggih Lik," jawabe Klowor karo mancal becake.


"Lhaaaa kae...bengi bengi kok ana jago kluruk kluruk. Mesthi ana perawan apa randha meteng iki," Karijo gembremeng dhewe karo ngudeg kopine. 

"Lha ana pirang randha neng desa iki Kang?" Semaure Jan Dheyog sing nglepus menakne olehe ngrokok.

"Mosok mbah Palisah barang ya arep mbok itung Kang? Celuluke guru slamet sing ujug ujug teka nyang warung sing ana ing pinggir desa.

"Lhooh...Mas Guru, nggih mboten menawi Mbah Palisah. Wong mpun umur wolongpuluhan, napa nggih saged meteng," Karijo semaur karo kekelen dhewe. 

"Lha sing isa meteng kira kira sapa wae Kang Jan?" Pitakone guru slamet sajak penasaran.

"Kados Sumini menika tasih saged Mas guru," jawabe Jan Dheyog karo nyumet rokoke maneh.

"Emake bocah bocah sore maeng ya gemberah, klesak klesik cerita yen Sumini meteng," Parji sing lagek teka uga nambahi cerita perkara Sumini.

"Meteng pokok genah sing ngetengi ya ora apa apa ta Kang," Guru Slamet semaur karo nyruput kopine.

"Lha sajake sampean semerep sing ngetengi napa pripun Mas Guru?" Karijo malah balik nakoni guru Slamet.

"Lhaaa....Yen aku weruh nyapo kok ndadak takon barang Jo," Guru Slamet ngguyu karo gedheg gedheg ngrasakne suarane wong lanang lanang sing ngomongne sumini neng warunge Sujan.


Wis limang dina olehe Sumini prei ora bakulan uga ora njupuk setrikan.

Bu carik wis krungu yen Sumini lara.

Nanging sore iki Sumini wis mulai bakulan maneh. Anake dititipne maratuwane kaya biyasane. 

Jam telunan, mubeng desa bengak bengok karo nggendong rinjinge.

"Gethuk...cenil...klepon,"

"Gethuk.....cenil...klepooooon," Suwarane karo nginguki latar latare omah sing diliwati.

Nanging sajake kok sepi, ora kaya biyasane.

Lawang lawang padha tutupan.

"Gethuk. ...cenil....klepooon," suwarane njajal dibanterne.

"Pethuk...njawil...Keloooon," krungu sauran suwara saka njero omahe Parji Blantik.

Sumini sing ora rumangsa yen disemoni malah arep mlebu marani.

"Gorengane Lik....mumpung tasih anget anget, gethuk ungkusane tasik pepak Lik," taware Sumini karo ngadeg neng ngarep omahe Lik Parji.

Bojone Parji sing kamikisinen metu karo nyawangi wetenge Sumini senajan mung nyolong nyolong.

"Sik akeh dagangane Sum," pitakone karo mbukaki rinjinge.

"Inggih Lik, lawang padha tutupan," semaure Sumini. 

Sakwise nukoni dagangan merga kecengkeg, bojone Parji cepet cepet ndang mlebu omahe.

Sumini bablas budhal ngiderne dagangane.


Ngliwati ngarep warunge Darmi, Sumini nawakne dagangane maneh.

Ana wong wedok wedok sing lagek mulih teka sawah padha tuku dhawet. 

"Jajane Lik....," Sumini njajal nawari. 

"Ora Nduk, sik waleh mangan gethuk," semaure mbokdhe Tarni.

"Lhooo....wis ider ta Sum, wetengmu piye? Wis resik saiki?" Sulastri sing ujug ujug teka celuluk nakoni Sumini.

"Wis penak Yu, saiki wis isa nyambut gawe maneh," semaure Sumini rodok nggumun karo pitakonane sulastri. 

"Iya...wis kempis kok Sum?" Jawabe sulastri karo nyawangi wetenge Sumini. 

"Jajane sing isih apa wae sik?" Sulastri ngendheg lakune Sumini sing wis arep ngalih.

"Sik akeh Yu, butuh apa piye?" Sumini isih njajal ngedhem bingunge atine.

Sidane sulastri sing pancen keplek ilat, nukoni dagangane Sumini nganti sakreseg akehe. 

Sumini sing ora weruh jawane yen lagi dadi kembang lambe uwong sakdesane, panggah grapyak sumeh aruh aruh sapa wae sak pethuke.


"Menawa kesuwen prei Sum, dadi dikira ora bakulan," Yu Sundiyah menehi alasan ipene merga isih turah akeh dagangane. 

"Lha neng nggone Lik Parji malah bojone semaur "pethuk,njawil, kelon" tekan njero omahe.

"Gek arepe ngapa, wis gerang kok seman semon, iya yen sing disemoni weruh. Yen ora weruh rak kaya nguyahi segara tanpa guna," Yu Sundiyah setengah ngresula ngrungokne ceritane Sumini. 

"Sarehne sepi, aku bablas marani thole. Ndelalah neng omahe Mbok Jilah ana Mbokdhe Mariyatun karo Mbokdhe Ranti marah. Jarene Pak Hari juragan beras arep mantu. Lumayan, ungkusane diborong kabeh."

Ceritane Sumini karo mbakyune ipe.

"Yen wis rejeki, bakal panggah ana sing nukoni Nduk, sing penting ikhlas lan nerima, " pituture Yu Sundiyah karo mangku thole sing mulai lucu krencalan dikudang karo pakdhene.

Dina kuwi bojone Yu Trima pas teka. Dadi hawane regeng kabeh padha nglumpuk. 

Trimah sabojone, Kasdi karo Sundiyah, uga Kaseno sabojone sing nyambut gawe buruh tenun ana seje desane.


Gesah bareng karo dhulur tinggal adah pancen nyenengne lan regeng hawane.

Cerita nalika jaman cilikan.

Nalika isih ketunggonan Wongtuwa, nganti cerita nalika ditinggal Wongtuwa. 

Ngombe kopi karo gedheg goreng pancen enak tenan.

Nganti ujug ujug krungu wong ndhodhog lawang.

"Kula nuwun....kula nuwun," suarane pawongan lanang,sing sanalika karo Yu Trimah dibukakne lawang.


Ana candhake

13/02/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna