Randha Bingung #7
Randha Bingung
#7
Persis bar Magrib wong wong sing dikongkon teka menyang omahe Pak Lurah wis padha nglumpuk.
Kenthos sing dadi kongkonane Pak Lurah wiwit jam lima wis nyepakne sakrenane panganan suguhan ana ndhuwur meja.
Kacang lan gedhang godhog, uwi, gothe, tela rambak, uga opak gadhung ditata kanthi tharik tharik.
Meja dawa komplit sakursine sing ana mbale omahe Pak Lurah biyasane digawe rembugan yen ana kerepotan desa.
Uga kerep digawe nglumpukne pamonge yen ana perkara desa sing kudu diomongne.
"Mangga...mangga pinarak, Kenthos manggakne Ponisah lan Jumangin sing teka bareng karo Klowor.
"Lhooo...kok padha nglumpuk ana kene iki arep diwenehi apa ya?" Pitakone Ponisah sing kaget bareng nyawang ana Sulastri, Darmi, uga Mbah Darip.
"Lha rong ndina kepungkur aku diparani Kenthos, jare dina iki bar Magrib dikon nglumpuk ana kene." Semaure Mbah Darip sing teka dikancani karo putune.
"Kula ugi Mbah, sakdherenge siyange dipun kengken dhateng bale desa," imbuhe Darmi sing sajak bingung.
Sawetara Sulastri mung meneng wae.
Sajak ora jenak lungguhe.
Ora let suwe bojone Parji, Kang Kasdi sakbojone, uga Sumini sing ngarep mburi tekane.
Weruh ana Sumini uga teka, saknalika kaya dikropok rasane wulu lan kulite Ponisah.
Kemropok mongah mongah getihe munggah.
"Ora usah polah, aja ngisin ngisini, iki ana omahe Lurah," Jumangin mbisiki bojone sing wis mulai ketok plirak plirik karo mencap mencep lambene.
Kenthos sing sajake paham, age age manggakne rombongane Kang Kasdi lungguh ana sisih wetan, rodok adoh karo lungguhe Jumangin lan bojone.
"Ditengga sekedhap nggih, kersane pepak. Kaliyan nengga Pak Lurah, mangga disambi," Kenthos manggakne para dhayohe niliki suguhane karo ngedumne kopi.
Ora suwe, krungu suwara montor mandeg ana mburi kentongan sing digantung neng wit pelem sing ana latar omahe Pak Lurah.
Jebule sing teka Mas Guru Slamet lan Bu carik sing numpak montor dhewe dhewe.
Kabeh sajak bingung nalika pada kepethuk ana omahe pak Lurahe.
"Kok sami dilumpukne, jane badhe didumi napa nggih kaliyan lurahe?" Guru Slamet celuluk karo nyumet rokoke.
Kabeh meneng, ora ana sing semaur senajan sakecap wae.
Sarehne kabeh wis nglumpuk, Pak Lurah metu saka njero omahe, mesem grapyak semanak kaya biyasane.
"Matur nuwun anggone padha nglumpuk, sengaja sampeyan sedaya kula timbali dugi mriki sebab wonten laporan saking Yu Ponisah. Ugi saking katerangan sampeyan ingkang sengaja kula timbali kiyambak kiyambak. Saged kula putusi menawi sedanten namung salah paham saking omongan ingkang dasare namung manuti pikirane dhewe ," Pak Lurah sajak mandeg sedhilut anggone omong. Mripate nyawang Sulastri sing mung ndhingkluk.
Saknalika kabeh sing ana kono nyawang Sulastri.
"Sakniki mangga Lik Jumangin, sampeyan genahne kenengapa kok ngeteri klapa menyang omahe Sumini. Jujur wae, sebab kabeh wis tak takoni siji siji." Pak Lurah nggenahne supaya ora ana sing apus anggone menehi katerangan.
"Inggih Pak, pancen kula sing kurang ajar. Ndodog lawange Sumini. Nanging sakestu kula mboten tumindak napa napa," Jumangin plegak pleguk menehi keterangan semu wedi karo Ponisah sing wis mencereng ulate peteng.
"Sebabe Sumini malah mlayu metu nalika sampeyan mblusuk mlebu," Yu Sundiyah celuluk merga ora bisa ngempet nesu.
"Iya ngono tenan Sum?" Pitakone Pak Lurah.
"Inggih, leres Pak, kula ngadeg teng latar amargi Lik Mangin mboten purun medal. Lajeng kula mlebet amargi thole tangi. Lajeng kula pendhet. Kula beta mlajeng teng griyane Yu Sundiyah." Sumini kanthi genah menehi katerangan bab Jumangin.
"Trus klapane piye Kang Kasdi?" Pitakone Pak Lurah marang Kasdi.
"Sengaja kula terne balik, kula sanjang menawi kakehan ngitunge. Sebab kula mboten pingin wonten gegeran," Kang Kasdi nggenahne ceritane karo nyawang Ponisah sing wis abang ireng mencereng.
"Lha kok sampeyan surup surup marani Sumini merga apa Yu?" Pak Lurah ganti nakoni Ponisah.
"Kula disanjangi Sulastri menawi bojo kula nembe medal saking griyane Sumini, lajeng kula......,"
"Arep nawur, arep nglabrak. Sembarang yen durung genah, mbok ya aja brangasan ta Yu. Sampean kuwi ora picak nanging kok ladak," Klowor sing pancen rodok klejingan malah nugel omongane Ponisah.
"Bagianmu omong mengko ana dhewe Wor," Pak Lurah ngelingne Klowor kon meneng lambene.
"Ngapunten Pak, kula gregeten," jawabe Klowor.
"Inggih Pak, nalika Yu Pon bengok bengok, kula ingkang medal manggihi. Sebabe Sumini sikile keseleo sakwise tiba kejlungub wonten dalan kidul lapangan," Yu Sundiyah wis ora betah ngempet omongan.
"Sakjane, dugi mriki kula sampun genah sumber perkarane," Guru Slamet sing wiwit maeng meneng mulai melu omong.
"Pripun Mas Guru?" Pitakone Pak Lurah.
"Enjing niku, kula sing nulungi Sumini ngantos ngeterne dhateng Bu Carik. Lajeng kula ugi ingkang ngeterne wangsul sebab sikile keseleo ugi babak bundhas sikut kaliyan dhengkule." Keterangane Guru Slamet dibenerne karo Bu Carik.
"Inggih Pak, sedanten ingkang disanjangne Mas Guru leres, kula ingkang ngengken ngeterne amargi Gendhon nembe lunga mendhet rabuk teng KUD." Keterangane Bu Carik ndadekne Sulastri kaya bekicot didhuleg ndhase.
"Berati sedanten ingkang disanjangne Sulastri teng warung kula namung pitnah Pak?" Pitakone Darmi marang Guru Slamet.
"Lha Sulastri omong apa karo sampeyan Yu?" Pitakone Guru Slamet.
"Tirose sampeyan bar mulih semayan gendakan," Darmi semaur karo mencep lambene nyawang Sulastri sing kamikakon.
"Berarti kula ugi kenging pitnahan, sanjange Sumini meteng bar diplothot bayine kaliyan Mbah Darip," bojone Parji melu ngimbuhi omongan.
"Sepurane ya Sum, aku wis nyemoni awakmu," bojone Parji saknalika nyalami sumini sing lungguh neng sisihe.
"Woalaaaaah, mlothot bayi piye ta Nduk? Aku mbenakne wetenge merga kengser kakean njunjungi barang abot karo mijeti sikile sing keseleo," Mbah Darip menehi keterangan sing ndadekne Yu Ponisah langsung mbengok.
"Lha kula lapor mriki diterne Klowor merga diwaduli ugi dikongkon kaliyan piyambake menawi Sumini meteng, lha sing ngetengi antarane Guru Slamet kaliyan bojo kula," suarane Ponisah karo ngadeg nduding Sulastri sing meneng klakep.
"Woalah Tri. ..lastri, wong sumini taktulungi ki karepe arep ora gelem, kok mendahmen gelem semayan," Guru Slamet gedheg gedheg ngrasakne lambene Sulastri.
Kabeh sing ana kono mung bisa meneng ngempet gela, getun lan gumun karo lambene Sulastri sing tumbak cucukan.
"Sakniki sedaya sampun padhang nggih, terus sampeyan piye Sum?" Pitakone Pak Lurah.
"Kula niki tiyang mboten gadhah Pak, nyambut damel sakwontene damel ngopeni thole. Mboten wonten teng pikiran kula kok badhe ngrusak pager ayu tanggane. Nanging kok ya wonten sing tega nyebar pitnah sing ora nggenah nganti kula dadi guneman rasanan wong sakdesa. Kula mboten trima menawi jeneng dielek elek kados ngeten Pak." Sumini sing maune meneng wae, isa muni banter ngetokne uneg uneg batine.
"Lha sampeyan piye Las, yen wis kaya ngene iki critane, jebule kabeh teka pikiranmu dhewe ndadekne brahala wong sakmene akehe." Pak Lurah nakoni Sulastri sing isih ndingkluk kamikisinen lan uga kamikakon.
"Kula nyuwun ngapunten Pak," Sulastri nyuwara lirih ora cemprah kaya biyasane.
"Njaluk sepurane karo wong wong kabeh iki, luwih luwih nyang Sumini," Pak Lurah menehi pituturan.
"Menawi nyuwun ngapura,lumprahe tiyang tetanggan mesthi dipunngapura Pak, nanging warta ingkang kadhung nyebar teng desa kedah dipun resiki Pak. Kula mboten lila menawi tiyang desa ngarani kula randha gatelen," Sumini ngadeg karo teges nggenahne karepe.
"Saiki kabeh disalami, njaluk sepura lan minggu isuk kabeh warga taklumpukne neng bale desa, sakperlu kowe kudu nggenahne salah pahame ceritamu nyang wong wong sing wis kadhung kepangan omonganmu," Pak Lurah mutusi yen Sulastri kudu ngakoni lamise lambene neng ngarepe warga desane.
"Inggih Pak, kula sanggup," semaure Sulastri karo ngadeg.
Banjur siji siji disalami.
Ponisah uga njaluk sepura marang Sumini lan Yu Sundiyah.
Kabeh wis rampung ,dipetung ana omahe Pak Lurah.
Sakwise padha salaman, kabeh mulih dhewe dhewe.
Kejaba Sumini sing dijak Bu Carik menyang omahe gawe njupuk sandhangan sing kudu disetlika karo arep diwenehi beras panenan.
Dikancani karo kang Kasdi sebab kudu nggawa beras seprapat kintal sing bisa digonceng sepedahe.
Merga numpak montor bebek, Bu Carik luwih cepet sampe tekan omahe.
Nanging Bu Carik kaget banget, merga ana Wong sing ketok lungguh ana teras, ketok omong omongan penting karo bojone.
Penasaran, sapa sing lagi omong omongan karo Pak Carik?
Tunggu ana cerita candhake🙏🙏🙏
Lisse 18/02/2022
ditengga lajenge mbak...
BalasHapusSiaaaap
HapusKulo tenggo candaknipun mbak...maturnuwun sanget🙏
HapusSabar rumiyin
Hapus