Randha Bingung#4
~Randha Bingung~
#4
"Njanur gunung yahmenten kok marung Lik," Sulastri abang abang lambe nakoni Ponisah sing mara pancen seja arep tuku pecel.
"Pingin mangan seger segeran Nduk, bendina kelan kenthel suwe suwe waleh" semaure Ponisah karo nyelehne bokonge neng lincak.
"Kraaak," suarane lincak pring sajak ana sing kemriyet ora kuwat nyangga awake Ponisah sing pancen lemu ora lumprah.
"Woalaaah... Lincak pring wis gapuk kok ya sik mbok pasang ta Mi...Darmi, tujune aku kok ora nggoling," Lik Ponisah ngresula karo krangkangan ngadeg karo gondhelan gawang lawan warunge Darmi.
"Tak ngadeg wae Mi, timbang jepluk lincakmu tak lingguhi," Ponisah ngalahi ngadeg.
"Pecele tak pangan kene Mi, Likmu ulegna pedhes sedhengan wae. Telu pisan, ben digawa mulih karo Klowor." Ponisah nggenahne pesenane.
"Lha Lik Jumangin ten pundi lho Lik, kok ngajak Klowor barang," Sulastri mulai golek kriwikan.
"Ngebas nyang kidul kali, ngajak Klowor. Soale ana pirang pirang nggon," semaur Ponisah.
"Pelem napa klapa Lik?" Pitakone Darmi.
"Mbuh aku ora genah, pokok mulih dadi dhuwit," semaure Ponisah karo glethusi lombok gawe lalap tempene.
"Mbenjing malem jemuwah pendhake Simbok, menawa tasih gadah turahan klapa teng griya lik, taktempile," tembunge Darmi.
"Kae maeng enek sakampli teka nggone Kasdi, mbuh isine pira. Lek gelem jupuken," semaure Ponisah.
"Lhaaah, kok saking Lik Kasdi?" Darmi sajak bingung merga weruh yen Kasdi ora dhuwe wit klapa.
"Jarene wingi Trimah sing butuh, tapi kakean. Mangkane, klajukane karo Kasdi diterne nyang omah," Ponisah nggenahne nganti gamblang.
Saknalika Sulastri karo Darmi sawang sawangen.
"Lha napa sanes lik Jumangin dewe sing ngitung. Kok nganti keliru Lik?" Pitakon Sulastri isih penasaran.
"Ya karo Klowor, sing bendina dijak ngebasi apa wae." Jawabe Ponisah karo ora leren anggone mamah.
"Lha surup wingi kula nyawang dhewe, Lik Jumangin metu teka omahe Sumini," Sulastri mulai ngambakne kriwikane.
Sanalika Ponisah mandeg anggone nglethusi lombok karo tempe mendoane.
"Lhaaah... Sing bener Nduk, jam pira? Trus karo sapa?" Pitakone Ponisah wis mulai prinding prinding wulune.
Panas!!!
Darmi sing maune wis krasa bakal rame, saiki wis klakep meneng wae.
Niyate takon arep nempil klapa, ben Sulastri ora omong rena rena, malah dadi dalan gawe mbukak omongan.
"Sakngerti kula kiyambakan Lik, ngadhepne surup nika lho, trus kula sawang rodok suwe kok Sumini medal kalih mondhong yogane." Sulastri dawa olehe njlentrehne.
"Wong omah dhep dhepan Lik, mosok arep salah deleng?" Imbuhe Sulastri karo mesam mesem.
Praupane Ponisah sanalika abang ireng.
"Digenahne riyin Lik, mbok menawa wonten petung liya," Darmi nyoba ngedhemne suwasana.
"Ya kudu diparani sakniki Lik, mumpung dereng suwi kedadeyane." Sulastri saya ora srantan anggone nyebuli geni.
"Sik ta Dhik las, ben digenahne karo Lik Mangin dhisik. Aja grusa grusu nglabrak Sumini," Darmi isih ngadhangi.
"Ora arep nglabrak Yu Dar, mung arep nggenahne. Kenengapa surup surup wingi kok Lik Jumangin metu teka omahe Sumini." Sulastri saya cetha anggone mbeber cerita.
"Niki rujake sampun Lik Pon, tambah napa malih," pitakone Darmi karo ngelungne rujak pesenane Ponisah.
"Wis, kuwi wae. Itungen kabeh Dar, tambah mendhoane papat dhawete siji karo krupuk rambak telu," semaure Ponisah karo mencereng abang ireng raine.
"Aku ya takmulih pisan Yu, itungen kabeh ntek pira pesenanku karo sing takpangan pisan" Sulastri melu omong arep ngalih pisan.
"Sik...sik Nduk, aku bareng. Ayo melu pisan, pinangka saksine," Ponisah ngajak Sulastri nyang omahe Sumini.
"Sampean genahne kiyambak Lik, kula sik badhe nyepakne mangane pak'e kaliyan bocah kula. Pokok sing kula semerep, ndikwingi Lik Jumangin medhal saking griyane Sumini," saurane Sulastri ora gelem ngancani Ponisah sing wis kadhung murup atine.
Sawetara ning omahe Yu Trimah, Sumini ngancani mbakyune karo ipene gesah.
Ana pawon sambi nyuweki godhong sing arep digawe ngungkusi dagangane.
Kabeh wis mateng pepak, kari ngungkusi.
"Sikilmu aboh Sum, ketoke tibamu kok banter ta Nduk?" Pitakone Yu Trimah karo nyawangi adhine sing ragil.
"Iya Yu, nganti bundhas kabeh kaya ngene. Saiki awakku njarem lan krasa adhem. Mosok aku kesambet dhemit lapangan ya Yu?" Pitakone Sumini merga krasa awake ora penak.
Rodok meriyang, adhem panas.
"Mengko ben dicelukne Mbah Darip, kongkon mbenakne sikilmu. Menawa teka keseleo kuwi ndadekne ora penake awakmu," saurane Yu Trimah sing dhasare pancen wong meneng tur ora akeh nduweni omongan.
"Iki tak boboki nganggo beras kencur teka Yu Sundiyah, krasa anget nanging isih aboh," Sumini pringasan ngempet lara ning ugel ugel sikile tengen.
Dhurung rampung olehe nyrebeti godhong, saka njaba krungu suwara wong bengok bengok nyeluki jenenge Sumini.
"Summum ... Sumini, metuwa...aku arep omong."
"Suuuum....aja ndelik yen wis wani ngrusuhi bojone uwong,"
"Suuuuum ....metuwa Nduk, tak tunggu nganti sakmetumu," suwarane Lik Ponisah gemberah kaya babon bar ngendog.
Petrek petrek karo ngantheng neng ngarep lawang omahe Sumini.
"Waaah...kae suarane Lik Ponisah. Iki mesthi gara gara klapane Jumangin," Yu Sundiyah ngadeg karo mbenakne jarike.
"Taktemonane Nduk, kowe ning kene wae ora usah metu," Sundiyah menging ipene supaya ning pawon wae.
"Ora usah muni rena rena Sun, marai dadi mala," pesene Yu Trimah karo gedheg gedheg ora percaya.
"Sing sabar ya Nduk," mung iku sing bisa diomong nyang adhine.
"Larene mboten wonten Lik, kesah teng marasepuhe. Wonten perlu napa nggih?" Yu Sundiyah marani Lik Ponisah sing wis katon murup diobong omongan karo Sulastri.
"Mengko yen wis balik, omongana yen takgoleki. Aku arep petung penting karo deweke." Mandhes lan pedhes semaure Ponisah tanpa esem lan ulate peteng njenggureng.
"Woooo..inggih Lik, mangke kula omongne," jawabe Sundiyah ora patek nggatekne karo methili lombok sing sengaja ditandhur neng pager omahe.
Isih panas panase merga rumangsa ora digape, saka wetan ketok Jumangin karo Klowor numpak sepedah sing kiwi tengen ana obroge.
Katon beg melep melep isine.
Ketoke mulih nebas klapa teka liya desa.
"Ayoh mulih, aja ngisin ngisini wong lanang," suarane Lik Jumangin karo nggandeng tangane bojone.
"Ora...ora sudik aku mulih yen dhurung pethuk wedokan gatelen kuwi?" Semaure Ponisah karo ngipatne tangane sing lanang.
Tangane ngruweg, sikile mancal polah kaya sapi arep dikelah.
Rujak sing dienthil enthil karep diwenehne bojone, diuncalne nyang tengah ndalan.
Mawut dadi ora karuwan.
"Wor, sepedahmu tinggalen kene, iki Likmu openana, terna mulih. Aku tak dhisik. Isin disawang tangga." Suarane Lik Jumangin karo nglentreng nuntun sepedahe.
Yu Sundiyah babar belas ora ngreken.
Malah ditinggal mlebu omahe.
Ponisah sing kadhung kamikakon, nglabrak nanging ora ketemon. Kapeksa mulih ngluntrung dikancani karo Klowor.
Sawetara Sulastri, njeginggut nginceng teka cendela omahe.
Ana candhake 🙏🙏🙏
Amstelveen
06/02/2022
lanjut mbak, ditengga lajengipun
BalasHapusSiaaaap Mas
HapusMulai panas dipun tengga seratan sak lajengipun mbak.
BalasHapusSiaaaap geraaak
HapusNeng ga candak e
BalasHapusSiaaaaap
HapusKulo rantos candaknipun mbak...maturnuwun sanget...🙏
BalasHapusSami Sami 🙏
HapusKula nderek nyimak
BalasHapusSumangga
Hapus