~ Randha Bingung~ #5 Sakwise Ponisah lunga, Sundiyah mbalik marani Sumini menyang omahe Yu Trimah. "Aku tak ider dhisik Sun, adhikmu kancanana. Mengko yen Trinil ngeterne dhuwit dagangan, cekelen dhisik. Soale bocahe dina iki prei." Pesene Yu Trimah karo metu saka pawon. "Iya Yu, ati ati, laris laris," jawabe Sundiyah karo ndemeki rinjinge mbakyune ipe. "Wis ora usah nangis, mengko ben digenahne kangmu Nduk," Sundiyah nyawangi ipene sing isih miseg miseg nangis karo mondhong anake. "Gek sapa ya Yu, sing nyebar pitnah kaya ngana kuwi? Apa ya aku iki wis edan yen nglebokne Lik Jumangin nyang omah. Gek ya arep takgawe abrakan apa? Sumini nyauri karo iluhe isih dleweran. "Lha wingi sapa sing weruh nalika Jumangin neng omahmu?" Pitakone Yu Sundiyah. "Aku ora genah Yu, wong wis surup. Aku uga ora patek nyawang njaba. Butuhku ndang metu saka njero omah." Jawabe Sumini. "Ohhh iya Yu, isuk maeng aku pethuk Sulastri. Deweke takon, kene...
Komentar
Posting Komentar