Godhong Garing
~ Godhong Garing~
Neng kene ana tetanduran gedhe
Ngadeg jejeg nduduhake blegere
Pang carang oyot sagodhonge
Katon ngrembuyung subur nyenengake
Sing katone mung mbegegeg
Tingarahe kaya mata miceg kuping mbudeg
Nanging sejatine kebak ngemu ilmu
Kang bisa kanggo tuladha lan sinau
Coba sawangen, senajanta godhong
Ing mangsa ketiga gogroge godhong jati
Ora merga wis ngarang banjur arep mati
Yen tetanduran wae bisa nduweni ngerti
Kadhingkala kudu kelangan yen pingin mukti
Coba nalaren, senajanta godhong
Paribasan godhong gogrog teka wit witan
Senajan remuk ajur kesiram udan
Nanging isih migunani kanggone liyan
Dadi rabuk bisa paring panguripan
Godhong kang teles antep mandhes
Nyawiji karo lemah bumi lan ngrembes
Katon ijo royo royo nyenengake mata
Gawe seger lan ayem padhange hawa
Uga bisa paring apa wae kang miguna
Coba pikiren, senajanta godhong
Aja nganti paribasane kaya godhong garing
Sing mung diobat abitne angin sumriwing
Suwarane kemresek mbrebegi kuping
Katone mumbruk nanging gombong enthing
Yen diceluk, gampang banget anggone nglumpuk
Yen disenggol, uga gampang banget anggone remuk
Yen diobong, ora nunggu suwe wis mubal geni lan keluk
Sejatine urip mung ana loro pilihan
Arep mlaku ing petengan apa ing padhangan
Arep tumindak ala apa nandur kabecikan
Kabeh gumantung manggon ing resiking ati
Kang tansah ora bisa goroh lan ngapusi
Saiki, coba dirasa lan grahita
Godhong apa sing mbok pondhong lan gawa
Aja nganti kaya godhong sing garing
Cungkring mekingking senajan saka jati aking!!!
Nuwun 🙏🙏🙏
Lisse
01/02/2022
"godhong apa sing mbok gendhong lan gawa" niku mujudne menapa mbak?
BalasHapus