Apa sing angel


 "Apa Sing Angel"


Ora bakal krasa abot

Yen niyat ati adhem ora kebrongot

Ora bakal krasa panas

Yen rasa ati adhem ora kebrangas

Kabeh, gumantung ing atimu!


Lerem, leremen kanthi rasa sukur

Sidhem, sidhemen kanthi rasa jujur

Lakuning urip nalika golek panguripan

Dalaning urip nalika mburu kamulyan

Bener lan keliru, takona marang atimu!


Donya iku, amung kaya munyering jangka

Padhang peteng, wengi lan rina

Arep apik utawa ala, sira dhewe sing kuwasa

Akal lan nalar cementhel ana wujuding manungsa

Obahna ing budidaya wujudna ing karya!


Apa bisa jenak turumu?

Yen amung lara gelaning ati sing mbokingu

Apa bisa kerasa enak manganmu?

Yen amung runtik panasing ati sing mbokulu

Aja bodho, nuruti hawa umube napsu


Ora ana sing angel

Yen jembare dhadha wis gumelar ing raga

Amarga manungsa nduweni tepa slira

Ora ana sing angel

Yen iklase rasa wis sumebar ing jiwa

Amerga manungsa nduweni welas lan tresna

Sira dhewe sing kudu bisa nata


Urip ana ing donya rame iki

Yen mung turu olehe amung ngipi

Mula enggal enggal padha tangi

Melek mata uga melek ati

Jembare alam donya pinangka piranti

Sing paring urip lan nguripi


Ora usah keminter pinter

Uga aja gemedhe gedhe

Dhasare manungsa padha wae

Ora usah ndhisiki senajan playune banter

Dijaga tumindak lan unggah ungguhe

Aja nganti natoni nglarani sapa wae

Kabeh wis nduweni garis saka Gustine

Nuwun πŸ™πŸ™πŸ™


Hoofddorp

05/02/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna