Polah


 ~Polah~


Saka ramene papan kene,

Sing ora ana sakglugut dipara pitu jembare

Yen dibandhing gedhene alam donya sakisine

Taksawang rupa rupa, manungsa lan polahe

Seje seje uga dhewe dhewe

Embuh apa sing dikarepne

Lan arep menyang endi parane


Saka ramene papan anggonku nunggu

Taksawang ana sing melaku uga melayu

Ana sing metu, nanging uga ana sing melebu

Ana sing mesem, uga ana sing ngguyu

Ana sing meneng, njeginggut maca buku

Sing ana sisihku merem, jebule turu

Aku dhewe mung mikir, urip lan lakune wektu


Ana papan sing isih peteng

dikancani sacingkir panase kopi ireng

Keluke udud, mawut kesaput bantere angin

Takumbar angenku mbarengi ramene batin

Ngelingi sing teka lan sing wis lunga

Sing bagas waras uga ana sing isih lara

Cerita ndonya ginaris kang kuwasa


Sawetara ing pucuk wit witan, 

Manuk manuk ngoceh sesautan

Ana sing mabur dhuwur lunga golek pangan

Senajan ora weruh papan, ora duwe tujuwan

Ana sing ndekem angkrem neng pasusuhan

Manut mubenge lakon tanpa sesambatan

Sing baku, kudu polah obah golek panguripan


Isih saka papan panggonku nyawang

Aku, kewan tetanduran jebul mung wayang

Sing moncat mancit manuti dhalang

Pengeran, Gusti Allah utawa Sang Hyang

Kanggo njangkepi butuh lumprahe gesang

Sing kudu dilambari ubet lan polah

Sregep lan utun pinangka ngibadah

Nuwun 🙏🙏🙏


Amsterdam

09/02/2022

By Sita Aulliya 


(Adheme isuk ing negara Landa, lungguh ana halte bis nalika udan gerimis)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna