Randha bingung #2


 ~Randha Bingung~

#2


"Wonten napa Lik, kok ngantos krenggosan, niki mbeta napa kok dibuntel glangsing?" Pitakone Sumini sakwise mbukak lawang karo metu teka omahe.

"Lawange tutupen Sum, aku arep omong karo kowe," panjaluke wong sing ndhodog lawang.

"Mboten Lik, menawi wonten butuh, sampean sanjang teng njaba mawon," semaure Sumini karo ngadhoh teka lawang omahe 

"Iki ana klopo sakjanjang, aku bar nebas teka etan kali. Bisa mbok gawe tambah butuh," semaure wong lanang sing jebule Lik Jumangin tukang nebasi woh wohan apa wae neng desane.

"Mboten Lik, kula mboten butuh. Sampean beta wangsul mawon," semaure Sumini isih teka kadohan.

"Ora apa apa Sum, timbang tuku," Lik Jumangin isih ngeyel.

"Sampeyan beta wangsul Lik, kula mboten butuh klopo," semaure Sumini saya banter.


Merga krungu suwara rame, bayi umur rong taun sing lagek turu angkler kuwi tangi.

"Sampean metu Lik, thole kula tangi krungu suwarane sampeyan," karo rodok kasar Sumini ngongkon Lik Jumangin ngalih.

Dhasare wong lanang wis kadhung peteng, dikasar malah rumangsa kaya ditantang.

Sumini sing bingung antarane samar yen anake gludhung tekan amben, karo Lik Jumangin sing isih mbegegeg neng njero omahe. 

"Lik, tulung sampeyan medhal, kula badhe nyandak thole," Sumini kanthi nyirig nyirig miringne awake supaya ora nyenggol bangkotan lanang sing kedanan karepe dewe.

"Kula saged njerit yen sampeyan arep kurang ajar Lik," Sumini rapet ngekep anake karo mlayu metu merga Lik Jumangin arep nututi mlebu nyang senthonge.

Omah sing paribasane mung sakilan jembare, ndadekne awake senggolan karo pundhake Jumangin sing pancen gedhe mbedhogol pawakane.


"Kowe iki ora takapak apakne kok kaya dirawe polahmu," Lik Jumangin ketok nesu merga Sumini bisa mlayu metu.

"Mboten pantes disawang wong Lik, mangke sing mboten ngerti, dikira kula sing ora Ora," semaure Sumini karo nginthig nyang omahe kakange sing jejer ana kulone.

"Ora usah kemayu, aku iki mung ngesakne. Ora arep kurang ajar karo kowe," semaure Jumangin merga kamikisinan.

"Kula mboten butuh disakne lik, kula tasik saged ceker dewe," Sumini teka kadohan isih semaur merga saking pegele atine.

"Sampeyan beta wangsul klopone, trima klopo kula saged tumbas kiyambak," suarane Sumini sakdurunge mlebu omahe kakange.


"Suk maneh, sakdurunge mbukak lawang diinceng dhisik to Sum, aja angger mbukakne lawangmu," pituture Sundiyah mbakyune ipe.

"Aku ora ngira yen Lik Jumangin, takira Bu Carik arep nambahi setlikan," semaure Sumini karo ngepug ngepug bokonge anake sing mbalik turu angkler neng gendhongane.

"Lha kae maeng Jumangin ngetan kok lembeyan tangane, klopone diguwak nyang endi?" Suarane Kasdi sing lagek teko megawe. Buruh nyithak boto neng tanggane.

"Yen klopone isih neng omahmu, mengko tak junjunge mrene Sum, sesuk Lik Jumangin tak temonane." Kasdi sing wis apal karo kelakuane Jumangin nyemayani adhike yen bakal ngrampungi urusane.


Bengi kui, klopo sakglangsing isih semende neng mburi lawang. Sakwise nurokne anake, Sumini cethik geni gawe nyetlikani sandhangane Bu Carik sing ana sakbak melep melep akehe.

"Kang Giman, kok cepet men lehmu ninggal aku karo anakmu, kok ya mung semene dawane umurmu," batine Sumini karo dleweran iluhe ngrasakne perih lan nelangsane atine.

Bocah ndesa sing polos ora weruh apa apa kuwi mung bisa ngunjal ambegan.

Bolak balik ngadek nginguki karo ngebuti anake sing turu ketok anteng lan angkler.

"Ndang gelis gedhe ya Le, oja panas aja ngelu," sambatane karo nyawangi bayek lemu tur ketok nggantheng rupane.


Ora desa ora kutha, tingarahe ana godhong ceblok wae. Wong sakdesa padha krungu kabare. Apamaneh suarane Sumini nalika padu karo Lik Jumangin.

Muni tela dadi tape. Muni dele dadi tempé.

"Rung genep limang sasi ditinggal mati, kok ya wis gatelen golek kukuran," bisik bisike Sulastri sing kondang lamis lan wasis lambene neng warunge rujak pecele Darmi.

"Laaah, apa iya ta Yu?" Pitakone Kencus.

"Aku krungu lan weruh dhewe, omah dhep dhepan mosok ta yen aku iki ngarang," Sulastri saya ndadra kenyihe.

"Aja omong wae, iki njaluk lombok pira?" Darmi sing wis apal karo kelakuane Sulastri sajak ngguyoni.

"Biasa, sing pedhes kaya biasane Yu Dar," semaure Sulastri karo ngemplok ote-ote banjur nglethus lomboke.

"Byuhhh...lhawong doyan pedhes kaya ngono, jolayak lambene uga melu pedhes." Kencus sing kawit maeng eker ngewangi nyrebeti godhong malah melu moyoki.

"Iki tenan lho Cus, aku weruh dhewe. Embuh Lik Jumangin nrengguluk apa, sing genah mlebu omahe Sumini," Sulastri malah nggenahne luwih cetha.

"Yen pancen tenan, Lik Gimah kudu diomongi. Ben ora kebablasen leh arep nguriki dhuwite Lik Jumangin," Darmi sing kudune meneng malah ngobongi tanggane.

"Ooooh....ya kudu, Lik Gimah kudu taklapori. Ben weruh yen sing lanang wis kudu nyrudug randha anyaran," Sulastri saya mbledhos anggone arep obong obong.


"Yu, aku takngeterne klambi nyang Bu Carik dhisik, klopone Jumangin konjunjung Kang Kasdi," pamite Sumini karo nyanking sandhangan sing dibuntel taplak.

"Iya Sum, thole ben karo aku wae," Yu Sundiyah ngadeg karo nguculi gendhongane.

"Matur nuwun Yu, mengko yen wis rampung gek ndang tak bali. Mugo mugo wae ora ditambahi kon umbah umbah pisan," jawabe Sumini karo ngelungne jarike gendhongan.

"Yen kon umbah umbah yo dicandhak to Sum, wong aku yo nganggur. Ngko rodok awan tak ewang ewang nyang Yu Timah.

"Aku tak budhal sik Yu," pamite Sumini.

"Sing sabar ya Nduk," suwarane Yu Sundiyah sajak melas karo nyawang bayek neng gendhongane.


Karo nyangking buntelane Sumini nginthig ngetan arep nyang omahe Bu Carik.

Rambute digelung bayake ditalekne pucuke.

Pancen bocah wiwit cilik kulina kelara, nyambuta gawe abot kaya apa. Ora tau sambat lan ngresula.

Amung yen bengi lan pas dhewean karo anake biasane krungu sambat suarane.

Yen nyawang anake banjur kelingan jenate bojone.

Yen wis ngono kuwi, biasane tangise ora bisa diempet maneh. Nelangsa segak seguk nganti keturon, tangi tangi wis isuk.


"Lhooo...kok dhewe Sum, arep nyang endi? Anakmu neng endi?" Sulastri sing bar andhok rujak sajak aruh aruh karo mesem gemrapyak.

"Ngeterne sandhangan Bu Carik Yu, thole dimongne Yu Sundiyah neng omah," jawabe Sumini.

"Ehhh...Sum, ndik wingi surub Lik Jumangin ngeteri apa nyang omahmu, tak sawang ketok genah teka latarku," watak pingine weruh urusane wong liya mulai ora bisa diempet.

"Wong ora beneh kuwi Yu, kok isa isane nrengguluk klopo sakjanjang, jarene ngesakne karo aku, yo tak tolak ta Yu. Rumasane apa aku ki ora kuwat tuku klopo," semaure Sumini tanpa curiga.

"Wooo...yo bener Sum, pancen Lik Jumangin wong ora isanan, seneng danaweweh karo liya, apa maneh kowe randha," Sulastri sengaja ngenggokne omongane.

"Aku tak dhisik Yu, iki selak di enteni karo Bu Carik," cuthel omongane Sumini karo nduding buntelane.

Sumini wis apal karo kelakuane Sulastri. Merga wis bolak balik ketatalan padu karo sapa wae merga saking lamise lambene.

Tumbak cucukan!!!


"Muga muga wae perkara klopo wingi ora nganti mbabrah tekan ngendi ngendi," batine Sumini sing mulai sumelang.

Upama nganti dadi omongan, mendah kaya apa isine yen kudu nangung wirang.

Pikirane Sumini malih dadi ora karu karuan.

Saking jerune anggone mikir, nganti ora weruh yen ana watu gedhe ana tengah dalan.

Bocah cilik cilik sing mari dolanan dampar, watune ora disisihne. Malah dijarne neng pinggir dalan, lan bisa nyandung sikile wong lewat.

Ora lidok silite kodok,.

"Bruuuuk".... Sumini kesandhung tiba njlungub nganti klekaran dhewekan.


Ana candhake


Lisse

02/02/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna