KEDIRI #1


 ~KEDIRI~

#1


Sinimpen ana ing tlatahmu

Padhang petenge lelakonku

Banjir iluh perihe tangisku

Uga sorak ramene gemuyuku


Cerita cerita kemliwer ana ing bumimu

Nalikane aku sambang pepundhenku

Kaya kaya mbukak kelire dhalang beber 

Tumpuk undhung, dakwiwir kidhung kidhung sing ting keleler


Ana remuke tresna kang gupak ina 

Kaselak merga asore raga kabulet nistha

Katudhing merga regete nama kesrimpet ala

Ora bakal takbelani takselaki, jembar dhadhaku paring lila


Ana umube getih mbarengi udan

Sawetara mendhung mentiyung sakdawane dalan

Kapitnah kapalu katutu dadi sakrenane bebasan lan paribasan

Dadi legine jamu bebrayane liyan


Ana pucuk pucuking wengi

Takdhodhog plataran agungmu kang suci

Takgawa lan taksuntak uneg uneging ati

Bilih suwara suwara njaba tanbisa sinikeb siji siji


Gusti...Gusti, ndika ora nate sare

Tulung...tulung sawangen aku sing nengkene

Tulung...tulung rungokna apa sing takarepake

Nglesot gupak sakrenane rasa, mundhuk ndhingkluk jiwa raga ucul takselehne 


Nyata hening weninge dalu kang lumaku

Mbarengi ringkihe sambat lan sebutku

Nuntun jembar lan dawa jangkah sikilku

Limolas taun kepungkur, sakwise wulan kawolu

Taktinggal sakabehing burem lan gumebyare Kediri kuthaku

Aku....oncat lunga metu!!!


Ana candhake 

https://sita-aulliya.blogspot.com/


Amstelveen

07/03/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5