SUKARNI #4


 ~Sukarni~

#4


Ana terminal sing ramene ora karuwan, Sukarni mindhak-mindhik karo nyangklong bas bethot saka kayu dibendheng karet ban.

Atine mangga-mana, antara wani, isin, wedi dadi siji. Sawetara mas Prayit Gembuk lan kanca liyane wis nyebar dhewe-dhewe.

Klambi wedok sing digawe rasane seje.

Jarik diubetne sakmathuke, kebayak kutu baru ditalekne pucuke, gelung pasangan sing ditumpangne sirahe. Durung sandal bakiak kayu karetan sing kaya dipaksakne ing sikile.

Ahhh....mbuh kaya apa rupane. Sing penting nyambut gawe.


Isih thenger-thenger mikir lelakone, saka sisih pojokan 'WC umum' krungu suwara lan wong mlayu grudugan.

Copet...copet...copet,....

Saklebatan Sukarni nyawang mas Prayit Gembuk melu mlayu keponthalan.

Sarehne playune wong-wong iku mara nyang panggonan dheweke ngadeg, tanpa diyaba dheweke melu mlayu sipat kuping.

Dheg-dhegan ora karuwan campur keweden digodhag wong ngoyak copet terminalan. Nganti ora weruh yen ana kalenan. 

Jarik sing mbebet awake, ndadekne jangkahe ora bisa dawa kaya biyasane.

Ora lidok silite kodhok, gerang gaplok ora bisa cewok. 

Byuuuur....Sukarni kecemplung kalenan nganti keploh sakojur awak lan bas bethote!


"Bluuug"

Suwara barang ceblok saka kamare Sukarni.

"Alhamdulillah Ya Allah...Alhamdulillah jebule mung ngipi," karo krangkangan Sukarni ngucek mripate. Kringete dleweran merga sumuk ungkep hawane Jakarta.

Sajake tawarane mas Prayit  Gembuk isih ngganggu pikirane.

Apa maneh krungu yen sakancane padha kasil numpuk bandha ana desane.

Mendah senenge atine wongtuwane yen nganti bisa nduweni sawah, omah, sapi, wedhus kaya Mas Parji Gembuk sakancane. 

Bayangan pingin bisa nyembulih wong tuwane nganti kegawa teka impene.

Lan glundhung saka ndhuwur amben sing dadi jawabane.

Dhuuuh, Le...kok melasmen uripmu!!


Nanging, kabeh malih seje lelakone lan kepinginane. Nalika niyate melu mas Prayit Gembuk diyomongne karo Pak Bambang lan bojone.

"Kar, nyambut gawe mbarang kuwi ora gampang. Kowe isih bocah banget. Mengko yen ana apa-apa, sapa sing bisa nulungi?" Pituture pak Bambang kanthi sabar.

"Jakarta kuwi mbebayani uga nyemanaki, Kar." Imbuhe bu Bambang karo ngelus pundhake Sukarni. 

"Inggih Pak...Buk," jawabe Sukarni karo ndhingkluk. 

"Aku weruh sapa iku Lik Bagong, dene nganti saiki durung marani kowe. Menawa pancen isih durung kober," pak Bambang njajal nggedhekne atine Sukarni sing sajak mulai bingung lan sungkan yen mung thengak thenguk durung oleh penggaweyan.

"Kar...yen kowe gelem, sesuk taktembungne Mak Suthup sing nduwe 'kantin' neng Stasiun. Menawa butuh rewang adang utawa isah-isah," imbuhe pak Bambang maneh. 

"Inggih Pak, kula purun," jawabe Sukarni katon bungah.

"Dene mengko kowe disusul karo dulurmu, kuwi terserah awakmu. Sing mesthi, lawang omah iki mbukak kanggo awakmu." Alus bu Bambang ngomongi yen keluwargane ora kabotan yen kanggonan Sukarni. 

Apa maneh bolak-balik pakaryane mbak Dewi oleh biji apik merga direwangi karo Sukarni. 

"Matur nuwun sanget Buk," mripate bocah lanang kuwi mulai mrembeng banjur ketes iluhe merga saking nelangsane. 

Dudu sanak dudu kadang, nanging gelem nerima dheweke kaya batihe dhewe.


"Betah melu warung, Le?" Pitakone mas Prayit Gembuk nalika pethuk Sukarni ing stasiun pas arep sambang desa. 

"Alhamdulillah, betah Mas," jawabe Sukarni sing wis seminggu melu mak Suthup ngewangi sembarang gaweyan neng 'kantin' stasiun.

"Karni iki bocah sregep Mas, prigel tur resikan pisan," mak Suthup semaur saka njero pawone.

"Wooo...inggih Mak," jawabe mas Prayit  Gembuk karo mbayar mangane.

Merga sepur sing ditunggu wis meh wayahe teka.

"Ati-ati nggih Mas," pesene Sukarni nalika wong lanang sing kerja mbarang kanti cara macak wandu kuwi pamit metu.


Mak Suthup seneng karo tandang gawene Sukarni.

Karo wong tuku grapyak sugih guyu, karo gaweyan uga sregep ora nggegem tangan. 

Mangkane ora nggumun yen mak Suthup uga ora eman nambahi dhuwit bayaran.

"Niki badhe kula weselne bapak kaliyan emak teng ndesa Pak," kandane Sukarni nalika nampa bayare sing pisanan.

"Kar, sesuk ben diterne mbak Dewi nyang Kantor Pos. Lha manggonmu ana kene ora usah nyewa. Aku seneng nyawang bektimu karo wong tuwamu. Uga pintermu njait marai 'tugas' sekolahe mbakyumu," pak Bambang nggenahne nalika Sukarni takon pira sewane kamare. 

"Matur nuwun sanget Pak," Sukarni saknalika nyalami lan ngambung tangane pak Bambang lan bojone. 

Wong loro kuwi mung mesem karo gedheg- gedheg.

Bocah kok lehmu lugu tur polos tenan to Le!!


Malem Minggu, hawane padhang dibarengi karo sorote mbulan lan lintang.

Sukarni wis nduweni kanca lan kenalan. 

Sakliyane Mas Parji Gembuk sakbalane, uga bocah nom-noman sakumurane sing manggon ana kiwa tengene stasiun Senen.

"Sakmene tuwekku, aku dhurung tau ndelok biskop lho cah," kandhane Sukarni karo ngrangkul kancane.

Bocah telu kuwi tanggane pak Bambang. Umar, Priyadi lan Juki, dadi kanca sing nambahi betahe Sukarni.

Lan bengi kuwi, sakwise pamit bu Bambang.

Sukarni dijak golek hiburan. Ndelok pilem neng gedhung biskop Mulia Agung ngarep pasar Senen.

Budhal numpak oplet, bocah papat kuwi ketok macak kenceng, celanan komprang klambine ketat.

Sukarni seneng banget bisa weruh kutha Jakarta sing rame lan nyawang wong sing ayu tur gantheng.

Sakwise tuku karcis, sambi ngenteni pileme diputer. Sukarni sakancane nunggu ana ing ngarepe loket nggon bakul karcis. Panggonan jembar lan akeh gambar gambar. 'Poster' pilem sing arep diputer didadekne nggumun sing ora umum kanggone Sukarni. Apa maneh weruh wong sing padha gandhengan nyangklong tas. Ana sing mung nggrumbul guyon karo rokokan.

Uga ana sing lungguh dhewe ora ana kancane.

Saya suwe, wong sing teka saya akeh. 


"Awas Copet" tulisan pepenget ketok ditemplekne ana pirang-pirang panggonan.

Tulisan sing ndadekne dheweke kelingan lelakone rong sasi kepungkur.

Kenalan karo Lik Bagong, banjur kecopetan ana njero sepur. Banjur dititipne neng omahe pak Bambang, nganti ngewangi neng kantine mak Suthup. 

Lagi enak-enake nglamun, ujug-ujug mripate Sukarni nyawang pawongan sing kaya tau diweruhi.

Mloka-mlaku lan ketok melu uyel-uyelan ana tengah tengahe wong sing lagi antri karcis lan malem minggonan.

Senajan pawongan kuwi nutupi sirahe nganggo kethu, nanging saka dedeg lan gondrong rambute Sukarni ora kira lali.

"Lik Bagong...arep ngapa kok ana kene?" Batine sajak mulai ora kepenak atine.


"Heh, cah...ati-ati dhompete dicekeli sing rapet," kandhane marang kanca-kancane.

"Ana apa Kar?" Pitakone Umar tanpa samar.

"Pokok dicekeli sing rapet, sebab "awas copet"

Kandhane Sukarni setengah mbisiki.

Saknalika bocah telu kuwi nggrayahi dompete dhewe-dhewe.

"Tunggu sedhilut ya, aku tak marani wong kae," kandhane Sukarni marang kancane.

"Kenal apa piye, Kar?" Pitakone Priyadi sajak ora ngerti tenan.

"Ketoke kae wong sing biyen tau mbarengi aku numpak sepur nyang Jakarta," jawabe Sukarni karo ngadeg.

"Aja suwi-suwi, bariki pileme wis main!" Imbuhe Juki.

"Beres...beres," jawabe Sukarni mulai kemlinthi.


"Lik...Lik Bagong," suwarane Sukarni karo njawil wong lanang gedhe dhuwur sing wiwit maeng ndeplak-ndeplek lan wira-wiri melu uleng-ulengan. 

"Lhooo....Le, kok bisa tekan kene?" Jawabe wong lanang kuwi semu kaget lan nggumun.

"Sik, Le...tunggunen sedhilut. Bariki tak omongi." Kandhane Lik Bagong Sakdurunge nginthik lunga.


Ana candhake.

Lisse 27/03/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5