SUKARNI #2
~Sukarni ~
#2
Ana njero sepur, rasa atine ora karuwan. Kelingan iluhe emake sing dleweran. Kelingan rangkulane bapake sing kaya kaya njaluk sepura amerga ora bisa ngragati sekolahe.
Uga kakang lan adhine.
"Ati ati ya Le, nengendi wae paranmu muga muga slamet lan ketekan apa sing dadi kekarepmu," kandhane emake karo ngusap ngusapne tangane sing bar dilebokne walike jarike nyang rai uga sirahe anake.
"Inggih Mak," jawabe Sukarni karo mlaku metu.
"Le, iki takgawani lemah baturmu, ben krasan ana paran." Emake ngelunge lemah sakjimpit sing dibuntel plastik.
"Matur nuwun Mak" Sukarni sepisan maneh pamitan karo wong tuwane.
Banjur digonceng bapake, budhal menyang stasiun Kediri.
Rohmat sing sengaja nyegat ana pinggir dalan, melu pisan ngeterne menyang stasiun.
"Mangko yen wis penak aja lali karo aku ya Kar, " guyonane Rohmat karo ngetutne teka mburi.
"Pokoke kowe, kanca sing bakal tak goleki dhisik dhewe." Jawabe Sukarni karo nggoceki bangkekane bapake.
Kedadiyan sing durung ana setengah dina, rasane kabeh nemplek ana ing mata.
Saking penake anggone nglamun, ora krasa siat siut dheweke bablas keturon.
Balapan...Balapan...Balapan...suara celuluke wong saka njaba krungu kating cruwet, ndadekne Sukarni jenggirat tangi.
Sakrenane bakul padha munggah.
Kopi, wedang jahe, sega pecel, tahu kripik tempe. Uga ana jajanan lan bakul batik.
Kabeh padha nawakne dagangane. Dlongab dlongob Sukarni nginguki njaba. Jebule wis teka Stasiun Balapan Sala. Munggah mudhun polahe wong sing arep lunga.
Nyangking tas, nrengguluk kerdus nganti nyunggi buntelan wong padha sliweran.
Kursi sisihe sing maune kothong saiki ana sing nglungguhi.
Uga ngarep lan mburine. Mulai Kediri, Kertosono, nganti Sala ramene ora sepira.
"Arep nyang ngendi Le," pitakone wong lanang gedhe dhuwur dhempal awake sing lungguh ana sisihe.
"Badhe nyusul sedherek teng Jakarta Paklik," jawabe Sukarni karo setengah keweden.
Merga tatto gambar tengkorak lan naga sing ana lengene wong sing nakoni dheweke.
"Dhewekan apa ana kancane?" Pitakone wong kuwi maneh.
"Kiyambakan Paklik," jawabe Sukarni semu wedi.
"Lha omahmu ngendi Le?" Wong lanang sing dhempal gondrong iku karo nyowang nyawangi Sukarni.
"Kula saking Kediri Paklik," Sukarni saya musret wedi.
"Woalah, sakutha karo aku Le, asliku ya teka Kediri. Nanging wis suwe aku meranto lunga tekan ngendi ngendi," wong lanang sing ketoke medeni kuwi setengah ngguyu banter karo ngrangkul pundhake Sukarni.
"Isih sekolah Le?"
"Nembe lulus Paklik, teng Jakarta badhe tumut nyambut damel," Sukarni saya wedi merga wong lanang kuwi sajake juweh lan takon ora ana enteke.
"Kok ora nerusne Le?"
"Umurmu pira saiki?"
"Mboten wonten ragate Paklik, bapak kalih emak namung buruh tani," jawabe Sukarni lirih merga wetenge mulai krasa luwe.
"Jenengku Subeno, nanging biasa diceluk No Bagong."
"Inggih Paklik, kula Sukarni," semaure Sukarni karo ngelungne tangane arep nyalami.
"Lik Bagong,... ngono ya Le yen ngundang," imbuhe karo nyawangi Sukarni.
"Inggih Lik," Sukarni manthuk karo ndhingkluk.
"Kedirine pundi Lik?" Pitakone maneh.
"Ana ngendi ngendi, kantor polisi, terminal, pasar nganti stasiun kuwi omahku kabeh." Semaure Lik Bagong gawe Sukarni ndhomblong.
Sakdurunge sepur mlaku, wong lanang sing potongane medeni kuwi tuku banyu botolan loro. Siji diumbe dhewe, sijine diwenehne Sukarni.
"Kowe luwe ta Le?" Pitakone Lik Bagong merga krungu suwara kemrucuk saka wetenge Sukarni.
"Inggih Lik, ket wingi sonten dereng nedho," semaure Sukarni kamikisinen karo kemrucuge wetenge.
"Takgolekne mangan Le, isih suwe tekane. Yen masuk angin malah dadi gawe," kandhane Lik Bagong karo ngadeg.
"Sampun...sampun Lik, kula sampun disangoni kalih emak." Sukarni melu ngadeg ngranggeh tas sing diseleh ana ndhuwure.
Sepur wis mulai mlaku.
Saya suwe saya banter. Penumpange wis akeh nanging durung kebak. Ana sing turu, ana sing melek. Ana sing omong omongan uga ana sing rokokan. Ambune sepur kelas ekonomi kuwi ora karuwan. Wong sing padha njajan, anggone mbuwang buntele panganan sembarangan. Plastik buntel kripik, godhong buntel sega pecel, tegesan lan liya liyane kating blesar kaya pasar.
Ana panggonane lungguh, Sukarni ndhekur nyakoti lonthong karo dicuwili sambel pecel.
Sajake enak tenan anggone mangan.
Nanging nalika dheweke mecah godhogan ndoge, kabeh mata sing melek padha ngambus ngambus sajak ana ambu sing seje.
"Dobol,...ana wong ngentut ambune ngaleg aleg kaya ngene," celuluke wong lanang sing lungguh sandhing lawang karo mbukak cendelane.
Lik Bagong mung mesem karo gedheg nyawang bocah jemaka sing sajake keluwen. Nganti ora krasa yen ambune ndoge muleg kaya entut kecampuran ambune kringet, lenga wangi, colonyet Mandom,lenga rambut uga ganda liyane.
"Wis wareg Le, nyohhh iki gek diombe," kandhane Lik Bagong karo ngelungne banyune.
"Matur nuwun Lik," semaure Sukarni.
Lik Bagong isih nyawangi karo nggumun. Mbuh apa sing ana pikirane.
Nyawang Sukarni sing kemulan sarung sing maune amung dikalungne ana gulune. Banjur ngorok senggar senggur keturon saking kesele.
Senin.....Senin....Senin.
Isuk antarane jam sanga, sepure wis tekan Jakarta.
Wong sing numpak jejel riyel golek dalan metu.
Semono uga Sukarni. Melu uleng ulengan ana ngarep lawang.
Dhurung nate weruh poncotane Jakarta, pokok melu metu wae kaya wong liyane.
Tas rangsele dikampluk ana pundhake.
Sepatu marmut ireng tanpa kasut, ditambah kalung sarung ana gulune ngetokne yen teka ndesa banget asale.
Isih prejah prejeh matane merga ulap lan nggumun nyawang bangunan sing gedhe dhuwur ana ngarep Stasiun Senin.
Sukarni enggal enggal njupuk alamat sing disimpen ana dompete.
"Gusti Allah....endi dompetku?" Kandhane karo bingung ngrogohi kanthonge, banjur mbukaki rangsele sajak ana sing digoleki.
"Ya Allah....dompetku ilang," lemes theklok awake ora tekan mikir kepiye mengko urip lan lakone.
Saking bingunge ora krasa nganti netes iluhe.
"Ana apa Le, kok isih njepiping ing kene?" Pitakone Lik Bagong sing ujug ujug teka ana mburine.
"Dompet kula ilang Lik," jawabe Sukarni karo membik membik.
"Gentho gentho bajing@n," getem getem Lik Bagong gembremeng dhewean.
"Ana isine apa wae Le?" Pitakone Lik Bagong.
"Arto kalih KTP kalih alamate Mas puad," Sukarni njawab karo nrawang mripate.
Ngeling ngeling tulisan apa sing ana ing kertase.
"Alamate eling apa ora?"
"Namung kelingan Tanah Abang mawon Lik, tirose piyambake sadeyan sate gule wonten celake peken ageng." Semaure Sukarni.
"Wis genah Le, jenengmu Sukarni, saka Kediri. Anake Paiman karo Sulik. Nyang Jakarta arep nyusul puad sing bakulan sate gule neng pasar tanah abang." Kandane Lik Bagong karo maca tulisane sakwise nakoni asal usul lan tujuwane Sukarni.
"Saiki unggunen sedhilut Le, aja nyang ngendi ngendi ya," kandhane Lik Bagong karo nginthig mlebu mbalik nyang njero peron.
Mbuh apa sing dipetung karo satpam stasiun, nyatane ora suwe kelorone balik marani Sukarni.
"Le, kowe sawetara manggon omahe pak Bambang iki ya, cedhek kok. Ana mburi stasiun." Kandhane Lik Bagong.
"Lajeng,..."
"Ora nganti seminggu mengko tak parani maneh karo dulurmu ya," imbuhe Lik Bagong sakdurunge Sukarni rampung pitakone.
"Inggih Lik," semaure karo ndhingkluk mondhong tas rangsele.
"Heh...sing tegak, cah lanang kok plungkar plungker," imbuhe Lik Bagong karo ndeglegne pundhake Sukarni.
Ana candhake
Amsterdam
11/03/2022
Isih penasaran karo lelakone Sukarni?
Mangga klik 👇
Komentar
Posting Komentar