Dhukun Tiban 2

 Dhukun Tiban 2


     Kabar yen Darso bisa nambani wong lara, saknalika gethok tular kondhang nganti tekan njabane desa. Darso dhewe sakjane ora ngrumangsani yen dheweke bisa nambani. Nanging saka mbah Juwari sing kesleo nganti aboh sikile, yu Paijah Sithip sing gudhigen garese, anake Kusenan pandhe sing gondhangen merga bar sunat ora gelem sarungan. Nganti Kusmiyati jebrak sing bolak-balik kumat ayane. Tundha reta akeh wong melu teka merga arep golek tamba.

Apa maneh bar riyaya, wong sing sambang sedulure ana ndesa yen mbalik boro padha ndawakne cerita.


       "Sakjane kula mboten niat ndhapuk dhukun lho Pak, nanging pripun yen disuwuni tangga supados nyuwuk," kandhane Darso nalika diparani pak Lurah dan carike nyang omahe.

"Lha kawitane piye, kok saben dina wong-wong padha nglumpuk njaluk suwuk," pitakone pak Lurah melu penasaran.

"Kula wangsul janggol, kudanan campur luwe setengah masuk angin. Lajeng kemutan watu ingkang kula temu nalika ngiyup, kula kanthongi kok krasa anget. Lajeng kula gegem, saya rapet kok raose awak kula kepenak ugi entheng. Lajeng jajal kula kum teng toya pethak, kula ombe. Lha kok raose padhang, keju linu saknalika ilang." Jlentrehe Darso karo manggakne lurahe supaya ngombe wedang.

"Sik ... sik Dar, watumu kuwi oleh saka ngendi?" Pitakone lurahe isih durung ngerti juntrunge.

"Waaah...niku ceritane dawa Pak, menawi percados nggih mangga. Mboten percados ugi boten dados perkara." Semaure Darso karo nglepus nyedhot rokoke.

Sidane Lurah karo Carik mung mathuk-mathuk ngrungokne ceritane Darso sing ndhakik-ndhakik.

Nyatane Darso ora ngrugekne sapa-sapa, malah nyenengake sapa wae sing teka lan waras merga oleh tamba.

Malah pak Carik sing pirang-pirang dina sambat njarem merga boyok'e kecethit, saknalika iso mlaku karo jinjit sakwise diblonyohi uyah grasak sing dipendhemi watune Darso.

"Waaah ... edan Dar, boyokku entheng tenan," Pak Carik Kasmijo olehe bungah ora karuwan.

Krungu lan nyawang bukti nyata saka carike, Pak Lurah uga pingin mbuktekne dhewe.

Darso dijawil banjur dijak nyisih sedhilut menyang latar.

Darso dibisiki karo bola-bali drijine lurahe kaya menehi kodhe nduding, banjur ditekuk maneh.

"Inggih ... inggih Pak, kula pun paham," semaure Darso karo mesem sajak tenanan.

Sakwise dhayohe pamitan, kaya biyasane anak-anake Darso dhisik-dhisikan ngentekne wedang turahan.

"Mar ... jajane saka pak Lurah ndang dibukak gek didumne bocah-bocah," perintahe Darso marang bojone.


       Sesasi sakwise riyaya, kondhange Darso dadi dhukun tiban kaya bisa mbethot wong teka saka adoh paran. Omah sakempyak sing dipanggoni sakanak bojone, nganti ora bisa nerima dhayoh sing bendina atusan cacahe. Saka jogan omah sakempyak, pindah nyang latare Pakdhe Sampir. Sebab dawane antrian saya uyel-uyelan.

Mung sarana uyah, wong sing golek tamba bisa waras. Mbuh merga saking percaya utawa pancen mandine watu ireng gembolane Darso, nyatane tambah  dina dhayohe saya ngrembaka.

"Sida ndhuwiti omahe Sarkum to Mar?" Pitakone budhe Sampir nalika ngewangi Marsiti ngitung dhuwit sing ana njero rinjing.

"Karepe Pak'e lare-lare nggih ngaten Budhe, mumpung wonten arta," semaure Marsiti sing saiki nganggo anggen-anggen emas gedhi.

"Ora ngira ya Mar, sembarang yen wis rejeki ora kurang dalan. Saiki dhuwit juta-jutaan bisa kecekel tangan," imbuhe budhe Sampir sing pancen weruh dhewe sepira bendina olehe dhuwit.

Senajan Darso ora ngregani, nanging wong sing mertamba mesti ngamplopi lan dicemplungne rinjing sing diseleh ana ndhuwur amben.

Ora mung dhuwit, ana uga sing gawa beras, gula, rokok, kopi, nganti woh-wohan.

Saking akehe, Darso lan Marsiti ngedumne barang gawan marang tangga-tanggane.


        Latare pakdhe Sampir wis ora bisa nampa rejane wong teka sing seja golek tamba. Saka rembugan desa sidane praktek dhukun tiban Darso dipindah menyang lapangan. Digawekne tarup gawe ngiyup, diwenehi kursi  lan dipasang nomer antrian. Dadi kabeh bisa rapi ora uleng-ulengan. Tukang parkir nganti bakul panganan kabeh komanan rejeki dhukun tiban. Omah-omah sandhing lapangan uga akeh sing dadi pondokan sawetara. Pendhak jam wolu isuk nganti jam lima sore, lapangan desa ora ana sepine. Sawetara Darso dijaga lan disubya kaya raja. Turune sakanak bojone ana ing balai desa lan dijaga Hansip. Panganan mandhung. Pokok kaya wong ketiban pulung, saknalika kabeh dadi sarwo penak lan agung.

"Pak, jane jimatmu oleh teka ngendi? Kok ujug-ujug dadi wong sekti." Pitakone Marsiti marang Darso sing saiki katon resik, lemu lan brewoke diingu dawa.

"Hush ... ora usah takon rena-rena, sing penting saiki uripmu bisa mulya to?" Semaure Darso sajak ora pingin akeh cerita.

"Ndang mapan turu, sesuk isuk gek ndang nyepakne uyah gawe wong sing arep mertamba," perintahe Darso marang bojone.


      "Ingkang sakit napane Mbah?" Pitakone Darso marang wong tuwek sing mlaku karo mekeh-mekeh nggoceki sarunge.

"Selakanganku udunen kok ora njebrot meh sesasi iki Le, rasane mlanjer  tekan tepong nganti nyang bangkekan," semaure simbah karo mrecing kelaran.

"Niki kula betani uyah, lajeng  pados godhong tela rambak dipusus ditemplekne udune nggih. Menawi mpun njebrot lajeng dipusus kaliyan suruh." Kandhane Darso banter tur cetha.

"Lha uyahe digawe apa Le?" Pitakone simbah maneh.

"Disukani banyu, lajeng dibobokne ngantos saknjebrote nggih," semaure Darso.

Uyah sak sendok dibuntel godhong gedhang, banjur diwenehne simbah.

"Antri ... antri ... antri ... aja oyok-oyokan, kabeh kebageyan tamba teka lara lunga," suwarane Hansip Saipul saka corong mikropon. Sawetara Hansip liyane nata parkiran lan wong sing mlebu metu ora karuwan.

"Lara apa Lik?" Pitakone Karimin perot.

"Ketoke digawe wong, wetenge gedhi tur atos,"  semaure Gudel sakwise ngeterne "pasien" sing rodok nemen mlebu kamar. Ana ngisor tarup sengaja digawekne kamar cilik sakambene.  Supaya wong sing lara nemen, iso njujurne balung.


        "Arep nyalahne Darso? Salahe apa? Wong sing teka yo ora ana sing ngundang, nyatane akeh sing waras tenan. Dene perkara mbayar, kuwi mung sukarela. Darso uga ora tau menehi rega, ora tau njaluk apa-apa." Belane pakdhe Sampir nalika lamat-lamat krungu berita sing sajak ora kepenak.

"Lha inggih to Pakdhe, pancen sipate menungsa niku nggembol ala. Ora adoh saking sipat iren, menawi wonten tiyang lintu ingkang kasil lan kajen." Semaure Hansip Saipul.

"Pokok kabeh kudu kompak maju, yen nganti ana sing arep gawe kisruh," semaure Karimin perot.

Saya rame lan kondhang jenenge Darso, nyatane ana uga suwara sing ala. Direwangi jin, ngingu dhemit perewangan, golek tumbal lan sakpiturute.

Nanging Darso ora nganggep, sebab niyat mung nulung sakisane. Lantaran watu ireng sing dadi cekelane.

Sakpintere bajing mencolot, mesti ana mblesete. Ora beda karo Darso lan praktek dhukune. Saiki kelakon sugih mubra-mubru bebasan kabeh karep bisa dituku.

Nanging apa iya yen bakal langgeng selawase?

Ana candhake.


Geschreven door Sita Aulliya 

Epe

15-01-2023


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5