Dhukun Tiban 1

 Dhukun Tiban 


Udane ngrecih ndadekake atine Darso saya sedih. Wiwit Magrib nganti Subuh bebasan wong mangan ora ana warege.

Imbah-imbuh, mandheg sedhilut banjur teka  maneh.

Hawane jan ngepenakne wong turu, apa maneh kanggone sing manten anyar. 

Bisa memetne klasa lan njeplukne galar.


Nanging seje sing dilakoni Darso, turune malah singkuran karo bojone.

Mripate kethap-kethip nyawang tembok kamare  sing durung kober dilepa. 

"Huuuft" ... Darso ngunja ambegan dawa, pikirane bingung ngelingi akehe butuh sing durung oleh petung.

"Dhuwit listrik wis ditakokne karo lik Sarmi."

"Tangga-tangga wis padha maleman, aku isin yen mung nampani rantangan."

"Ngadhepne pasa lan riyaya, saline bocah-bocah, suguh, daringane kothong."

Lan sakrenane sambatane Marsiti kaya-kaya isih mbengung ana kupinge.

Ndadekne wengi kuwi ora bisa jenak turune.

"Dhuuuh ... Gusti, mugi dipun paringi rejeki." 

Batine Darso tanpa krasa dibarengi nggrantese ati.


     "Dengaren kok isih neng omah, apa ora manjing to Dar?" Pitakone pakdhe Sampir karo nyangking buntelan.

"Tasik nenggo Emak'e lare-lare Pakdhe" jawabe Darso.

"Dengaren kok enten-entenan, arep padha nyangendi ta?" Pitakone pakdhe Sampir rodok gumun, sebab ora biasane isih isuk Marsiti arep lunga.

"Badhe nyade melik-melik niki lo, damel maleman kalih nempur." Marsiti semaur karo nyemiteni klambine sing prothol benike.

"Woalah Ndhuk, yen mung beras mbok kono tembung mbokdhemu. Wingi rasan-rasan arep ngumbahi selambu."

"Mangke kula takmrika Pakdhe," semaure Marsiti.

"Ora usah engka-engko, saiki ndang budhal. Duwe  anggen-anggen sakmenir wae kok arep didol pisan. Gek payu pira?" 

"Wis ayo Dar, aku terna menyang Kantor Pos. Wayahe  njupuk dhuwit  pensiun."

Sidane Marsiti pancen manut apa jare pakdhe Sampir. Banjur budhal ngrewangi tandang gawe ana omahe. Tanggane sing blater lan pensiunan pegawe kantor  kecamatan.


     Srengenge wis ora panjer ana ing tengah, nanging hawane ungkeb ora lumprah. Sajake pancen arep udan. Darso anggone mancal becake nganti krenggosan. Kringete dleweran, telake nganti krasa garing. Sangune banyu ana gendul plastik wis entek diglogak-glogok sambi mancal pedhal.

Dhuwit rongatus seket repes, opah saka Pakdhe Sampir dienthil-enthil ana kanthongan.

Pikirane mongga-manggu antara arep mulih utawa nerusne janggol golek tambahan.

Yen mulih kok isih jam loro awan, nanging yen ora mulih kok sajak mendhunge peteng kaya kudu udan.

Anggone mancal becak alon-alon, ora genah arep ngetan utawa ngulon.

Sakrenane pikiran  tanggungan lan butuhe anak bojone ndadekne pikirane bingung. Penggaweane mung mbecak, ora duwe bayar minggon utawa sasen. 

Nalika pikirane ngelamun teka ngendi-ngendi, ora lidok silite kodhok.

Bressssss.....udane ceblok kaya disok.


          Age-age Darso nginggirne becake. 

Ngiyup ana tritise Cina. Bronjong plastik gulungan ana ndhuwur setir becak enggal dibukak, dikrukupne supaya ora teles lan kudanan yen ana sing numpak.

"Udan-udan kok turut ratan, kaya ora enek sing dipangan," aloke wong lanang rambut gimbal sing nyethuthur ngrokoti tebu ana pojokan.

Darso ora semaur, sebab saka sandhangan lan reget awake wis genah yen kuwi wong edan.

Suwale bedhah sigar tengah, klambine ting gedhagleg angger nyampir awak. Rupane ora bedha adoh karo lemah. Awake nglengo reget kileng-kileng, kukune dawa-dawa tur ireng.

"Gek wong endi kuwi, sedulure apa ora bingung nggoleki," batine Darso karo nyawangi wong lanang sing ngrokoti tebu lan ndremimil lambene. Embuh apa sing diomongne, mung bola-bali ketok  ngguyu dhewe.

"Heh ... plilak-plilik matane, kene njaluk dhuwite!" Sentake wong edan kuwi karo ngathongne tangane.

Dhuwit mung rongatus seket, atusan loro karo eketan siji. Yen kelong diwenehne wong edan, butuhe blanjan bojone mesthi bakal kecingkrangan.

Nanging yen ora diwenehi, mengko yen ngamuk banjur kepiye?

Pikire Darso karo ngrogoh kanthongane.


Sawetara udane saya deres kaya diperes. Uga gludguge gemblegar lan bledheg lap-lapan medeni wong tenan.

"Dijak omong mbisu, apa pingin taksuwek cangkemu!" Sentake wong edan kuwi karo ngadek marani Darso.

Darso rodok kaget, krungu kasar lan galake.

Banjur ngelungi dhuwit eketan klithik.

"Wegah, abrakan apa iki? Ora kena gawe andhok saté!" Kandhane karo nguncalne dhuwite mbalik nyang Darso.

"Sing abang ... sing abang, dadi wong aja mleki," suwarane wong edan kuwi karo nyabet-nyabetne lonjoran tebune.


           Ing panggonan ngiyup ora  ana wong liya kejaba Darso lan si edan. Bantere gludhug lan derese udan ndadekne wong loro kuwi ora duwe pilihan, kejaba mandheg golek iyup-iyupan.

Nanging yen musuh wong edan, kepiye leh arep omong-omongan?

Dhuwit rongatus neng njero kanthongan dijupuk siji, banjur dilungne nyang wong edan sing isih ndremimil lambene kuwi.

Nalika tangane wis nampani dhuwite, ujug-ujug bledhege banter banget dibarengi kaya metune geni saka langit.

Blaaaaar.....Darso enggal ndlosor saktibane karo nutupi kupinge. Sawetara sing edan saknalika njingkat menyat meh nubruk Darso sing ngringkuk ana ngisor becak nganti keploh klambine.

Ana ambu kobong, nanging ora ana sing gosong. Mung ana watu ireng sakjempolan sikil, sing kaya-kaya diuncalne bareng samberan bledheg sing gedhe.


Sawetara sepi, mung suwara udan sing mulai suda derese.

Krangkangan wong loro kuwi tangi bareng karo sawang-sawangan.

Antara wedi, kaget lan bingung sing dirasakne Darso.

"Nyoooh watu iki lho untalen, ben wadhukmu wareg. Gembolen ben awakmu gak ndhredheg, ojo mbok gembol jero suwal, timbang bandhamu kari klasa bantal." Kandhane sing edan karo ngelungne watu sing isih krasa anget.

Darso bingung plonga-plongo, nanging uga nampani watune.

Dasare wong edan, karo nggoceli suwale sing bedhah  lan ora ana sandhate tur ora karuwan rupane. Nglentreng lunga karo nggegem dhuwit atusan abang.

"Andhok saté ... andhok saté ..." bengoke karo nginthig.

Banjur kepiye nasipe Darso?

Ana candhake.

Geschreven door Sita Aulliya 


Amsterdam 

13-01-2022


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5