Peri Grumbul Mangkokan

Peri Grumbul Mangkokan
#CermisBasaJawa

Kepuh Tunggal ing mangsa taun 80-an.
Kanggone warga desa Kepuh Tunggal, wis ora dadi rahasia maneh yen omah suwung adu arep kuwi kondhang angker lan wingite.
Omah gedhe sing meh ambruk, tembok gempal uga gentheng, cagak, usuk lan blandare wis ora karuwan alang ujure.
Mlorot lan pecah keterak mangsa, uga nyonyot lan gapuk dipangan rayap.
Latare wis kaya alas ngalih. Suket gajah lan sakrenane thukulan dadi grumbul kang nambahi sintrung  lan medenine kahanane. 
Jedhing lan sumur sing ana poncotan ngarep omah kerep dadi sumbere cerita.
Amarga saking kerepe wong-wong sing dipethuki medi memba-memba menungsa, utawa amung semrebete ganda.
Kang Paidi tenun nate keplayon sipat kuping, nalika nyemplah godhong pandhan sing thukul subur jejer karo kembang mangkokan.
Ujug-ujug mambu wangi lenga cem-ceman lan krungu suwara wong wedok ngguyu cekikikan senajan bedhug ndhrandhang.

           Ora beda kahanane karo omah ngarepe.
Senajan wis diwatesi ratan, nanging hawa lan wujute ora seje. Omah suwung lan wingit sing puluhan taun ora diurusi. Yen sing kidul ratan latare amung ana sumur lan jedhing, nanging sing sisih lor ana wit jambu lan wit sawo sing gedhe. Bola-bali yen ana kedaden bocah digondhol genderuwo, ketemune ana ngisor wit sawo utawa sakiwa tengene omah "lor ratan". 
Malah nate ana kedaden bocah cilik-cilik sing pada mlaku bareng mulih saka sekolah, dibandhem jambu senajan ora tumon menungsa sing menek.
Playune kathing blesar keconthalan karo mbengok.
"Dhemiiiiiit ... dhemit ... dhemiiiiiiiit."
Apamaneh yen wayah pasa, wong sing padha arep traweh mesthi milih budhal grudugan.
Amarga siji-sijine mejid desa ana sakwetane omah "lor lan kidul."
Dadi, gelem utawa ora gelem kabeh kudu ngliwati dalan kuwi.
Peteng, sintrung lan sukete rumbuk rata saklatar.

         Sakjane kuwi omahe sapa? Lan kepiye ceritane kok nganti bisa dadi susuh memedi?
Rongpuluh taun kepungkur ing jaman Gestok utawa Gestapu, Suro Karmidin kondhang nduweni kasekten. Nanging dudu kasekten putihan. Penggaweane maling utawa ngundhuhi tandurane para tani tanpa ana sing wani ngaruh-ngaruhi. Upama kelakon ana sing wani alok, ora suwe mesti oleh mala lelara.
Wetenge mlembung, gulune thelonen, sikile dhingklang lan sakrenane memalan. Malah ana sing mati barang. Dhukun ngelmu ireng, kelakuwane bejat ora nggenah.
Karan bromocorah!!!

         Embuh pancen wis pesthine utawa merga "digawe" dene Suro Karmidin, nyatane ceritane wis sumebar nganti tekan ngendi-ngendi. Yen Suro Karmidin kuwi dhukun sing mandi lan sekti, mangkane kabeh padha wedi. Senajan dhudho nanging Suro Karmidin nduwe anak wedok siji. Jenenge Lasimah, pawakane gedhe dhuwur kulitane ireng matane nyengkureng. Cocog yen dadi anake Suro Karmidin. Wiwit bayi procot, simboke mati merga nglairake. Dadi sing ngrupakara cilik temekane gedhe, ya Suro Karmidin dhewe!!!

               Cekak cerita, Suro Karmidin sakbalane katut dibeleh merga diarani melu grubyuk satu lebune PKI.
Ndhas pitu dijejer ana pinggir dalan, banjur diurug pendhem bareng lawaran tanpa donga utawa slametan ing joglangan sisih kuburan desa.Tanpa ana bukti bener lan salahe, nyatane kaya mengkono kuwi kedadeyane.
Lasimah sing rikala kedaden isih umur enem taun bisa slamet ora katut dipateni. Merga dene Suro Karmidin  dicemplungne glangsing, lan disendhekne awor tundhunan gedhang.
Menawa saking keweden, Lasimah dadi ora kaya bocah saklumprahe. Ngguyu, nangis, njerit-njerit dhewekan senajan nduweni omah loro tinggalane wong tuwane. Kebonane ana tanduran tela, sukun, jagung, lombok lan woh-wohan mblasah tanpa ana sing wani muthil lan nyaba.
"Bendina aku dibaturi karo simbok, lan diwarai gawe lenga cem-ceman saka godhong pandhan lan mangkokan."
"Simbokku rupane ayu lan rambute dawa."
Kaya mengkono kuwi kandhane Lasimah yen ditanggap karo tanggane.
Senajan isih ana batih adoh sing welas lan gelem ngopeni, nanging Lasimah ora gelem ngenger.
Dheweke pilih urip dhewe karo "simboke."
Nganti sawijine dina, Lasimah ketemon mati ngendhat gemantung ana blandar omahe. Rambute kemrembyah dawa awut-awutan lan isih mambu cem-ceman mangkokan sing digawe lengan.

               Kreteg sing dadi dalanan mlebu desa nembe wae dilewati. Kemricik banyu kali lan kemriyete pring kaya-kaya nambahi tintrime kahanan.
Suwara kenthong Magrib ditabuh persis nalika  Supali lewat  ing ndhuwure.
Senajan sepedhah 'phoenix' jengki biru sing durung genep sesasi anggone tuku krasa entheng lan penak tumpakane, nanging ana rasa grundel njero atine.

          "Kok ya ora ono wong babar pisan to yooo," batine karo tolah-toleh golek barengan.
Pancen uripe wong ndesa, yen surub nganti Magrib wis padha ngomah kanggo ngibadah.
"Koh Lim kae maeng gek ya ngapa, kok ndadak nyela-nyela kon mbenakne lawang barang. Ngene iki ndadekne mulihku telat, tekan omah uga telat" Batine supali ngatut-ngatutne juragane sing wis taunan dieloni nyambut gawe.
"Gek Rokim barang ki yo ngapa, kok gawe acara lara barang." Kancane manjing sing bendina budhal mulih bareng uga katut dicandhak.
"Gek dalane iki rampung kapan, nganti seprene kok panggah makadaman. Ngene iki marai ngangel-ngangeli wong liwat." Ratan makadam sing ora weruh jawane, ora wurung katut disalahne karo dheweke.
"Cagak listrik ya mung didekne nganti seprene, gek ya kapan murupe?" Ati yen pegel campur wedi, kabeh dadi ora ana sing pener.
Ora let suwe, anggone mancal sepedhah wis tekan ngarep mejid. Senajan ora ketok akeh sing melu jama'ah, nanging nyawang sepine ketara yen wis munggah.

          Pikirane Supali saya ora karuwan, nalika eling yen wengi kuwi pas malem Jumat pisan.
"Jolayak ratane kok sepi," batine karo noleh mburi. Ngarep-arep mbokmenawa ana wong sing bisa dibarengi lan digawe kanca.
"Warunge Kotrik kok ya durung bukak maneh to ya?" Batine Supali marang siji-sijine warung sing manggon kulon mejid. 
"Mosok arep nunggu bar selapan, jane niat golek pangan apa ora?" Bojone Kotrik sing bar nglairne ora wurung katut disalahne.
"Ndengaren kok telat Le?" Aruhe mbah Karyo sing thunak-thunuk mlaku ing pinggir dalan, nembe mulih saka omahe anake.
"Nggih Mbah, niki wau kedalon," semaure Supali sing wis apal karo suwarane simbah.

        Sawetara gerumbul "omah lor lan kidul" wis saya cedhek.
Wates pager kembang mangkokan lan pandhan kang ngrembuyung sakdawane latar kiwa tengen ndadekne kahanane saya peteng.
Ketambahan sumur lan jedhing sing ana ngarep pojokan. Ana cerita yen bola-bali nyirati banyu wong sing liwat sandhinge.
Ndadekne pikiran lan atine Supali kebulet wedi. 
Arep mbalik ora wani, merga treteg mlebu desa uga kondhang wingite.
"Woalah ... gek aku maeng kakehan mangan apa kok nganti wetengku mules seneb kaya ngene rasane. Gek ya lombok apa sing digawe nyambel Cik Lan maeng?" Batine Supali karo pringisan, kringete  gobyos antara lara weteng lan keweden dadi siji.
Dlamakan tangane nganti  melu teles, kringet dleweran saka sirah mudhun nyang pilingan.
Ketes nganti tekan gulu, kroso anyep nganti krenggosan rasane ora karuwan.
Senepe wong lara weteng merga kebelet karo kakean mangan sambel kuwi pancen seje.
Saking larane, Supali nekat ngalahne wedine.
Sing ana pikirane mung sakcepete njujug kakus yen wis tekan omahe.

        Nembe wae oleh rong ubengan anggone mancal pedhal, ganda cem-ceman mangkokan kaya ngliwati irunge. Saknalika wulu githoke mengkereg, rasane dhadhane kaya disendhal nalika krasa ana sing nyengklak saka mburine.
"Kang ... aku nunut nyang kulon gardu ya," suwarane wong wedok sing tanpo disetujoni Supali, ujug-ujug wis nyengklak lan nggoceki bangkekane.
Ndremimil lambene Supali anggone maca donga sakisane, nganti ora krasa ana sing mbrojol metu saka sela-selane bokonge.
Jemek, teles lan ambune ngaleg-aleg.
Brooot ... brooooot ... broooot ... saya banter anggone mancal saya akeh sing metu mbrojol jibrat ana suwal.
"Wis ... aku ora sida bareng kowe Kang, timbang mbok isingi kaya ngene iki," suwarane wong wedok sing dene Supali  ora diweruhi kaya apa rupane.
Banjur mudhun jlug, embuh menyangendi parane. Supali ora ngendhegne sepedhae.
Dipancal nginthig ngulon sakbantere.
Tekan omah, sepedhah dibrukne, nyandhak sarung neng sampiran banjur bablas nyang kakus mburitan.
Suwal dicepot, sempake diplorot lan dicemplungne nyang njero kakus pisan.
Banjur njujug jedhing, adus kramas pinangka ngresiki awak lan ngguwak sengkala.
Nuwun.
Geschreven door Sita Aulliya 

Lisse
02-02-2023

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5