Tlasah
Tlasah
"Dlogok njaran," suwarane Bakri Genjik karo nyawatne tegesan klobot mbakone.
"Kowe kuwi gek nyapo lho? Apa dhuwitmu wis gusis?" pitakone Kardi Bongkeng sing lingguh ana sisihe.
"Wong wis ora gableg apa-apa, Tomblok ndandak godha njaluk jarik karo bayak. Jan asu tenan kok," gembranggange gentho desa sing isih nglepus nyumet lan nyedhot rokok klobote.
"Lhaaah, wingi jegek'e bar ngukuti bangkone Supar. Malah Lurah Keplek jare mbok edhel-edhel," pitakone Kardi Bongkeng pingin nggenahne perkara sing lagi diadhepi balane.
"Cok ... ora usah nyemoni, ngedhel-ngedhel matamu kuwi. Malah kene sing digawe remuk-remukan karo Bandi sakbalane" semaure Kardi ngempet nesu nganti abang ireng praupane.
Nyawang kancane sing lagek keneson, ora ndadekne Kardi Bongkeng saya alon anggone moyoki ngajak guyon.
Sebab dheweke wis paham karo watake balane, sing wiwit piyik wis kondhang nakal, tambeng lan ndablege.
Nganti dadi jaka cilik, bocah loro kuwi runtang-runtung kaya sedulur dhewe. Nanging mbuh kepiye kawitane, nyatane nganti tuwa malah kondhang kurang ajar lan mrusale.
Saba bangkon sakrenane model mainan judi kartu lan dhadhu kaya-kaya dadi panggone mangan lan turu.
Saba komplek begenggek, kaya-kaya wis ngomah kenal mulai sing enom nganti tekan sing tuwek.
Durung maneh mlebu metu pakunjaran amerga bola-bali konangan nggangsir omahe tangga sing bar panenan.
Klapa sajanjang, gedhang imbon satundhun uga pari saglangsing nganti panci blirik gone tanggane wis tau dimaling kabeh.
Kanti cara nggansir ndhudhuk ris bata utawa sing mung gedheg nyel, banjur mblusuk mlebu pawon lan ngusungi sembarang sakpethuke.
Sing baku isih payu lan dadi dhuwit. Banjur digawe nglurug bangkon-bangkon sing ana pirang-pirang nggon ing desane.
Yen nepaki menang, digawe budhal mbegenggek lan mendem -mendeman.
Wong loro jan kaya tumbu oleh tutup, Kardi Bongkeng lan Bakri Genjik wis kondhang genthone desa. Kekarone duwe gendhakan ledhek tayub. Tomblok randha etan bulak kedanan karo Bakri sing awake gothot lan kulitane ireng.
Dene Kardi Bongkeng sing potongane dhuwur ngancut duweni open-open Jiyem Sablah, ledhek tayub prawan tuwek sing bokonge ambane satampah.
Sing keri sajake tiba apese awak, nyolong sepedhahe Ponadi Pelo. Kadhung dituntun tekan ratan jebul konangan wong nyuluh kodhok. Dioyak keplayon mlebu tebon, banjur ditapel kudha dene wong desa. Kecekel lan dikeler menyang kelurahan, nganti diganjar telung sasi mlebu pakunjaran.
Lan jenenge kondhang maling gangsir!!!
------------***----------
Ana ing warunge Sujan, wong-wong padha ngomongne Makdhe Lasiman sing bar nemu tlasah pitung untu.
"Juru kunci desa ketiban rejeki, saknalika tuku wedhus" kandhane Miseran sambi ngudheg wedange.
"Ya pancen bejane Lasiman, wiwit nom dadi kuncen ora oleh bengkok." Mbah guru Teguh melu semaur urun imbuh.
"Kinten-kinten wajanipun sinten nggih, Mbah?" pitakone Slamet sajak pingin weruh banget.
"Lha ya mbuh, wong jarene gemblethak neng sisihe kuburane mbah Mariyah," semaure Mbah Guru Teguh.
"Nanging jenate mbah Mariyah nika mboten tlasahan lo Mas Guru," kandhane Sujan sing isih batih adoh karo mbah Mariyah.
"Halah mbok ya uwis, gek bathi apa ngomongne tlasahe wong modar" ujug-ujug Kardi Bongkeng celuluk.
Sawetara Genjik isih menakne awak sendhen gedheg karo nglepus nyedhot klobot mbako banjur ditokne bunder-bunder bentuke beluk.
"Ora ana bathine Kang, nanging kok ya beja men. Nemu untu emas kok pitu cacahe," semaure Slamet.
"Kabeh kok padha percaya cocote Kuncen, apa iya untu pitu gemblethak jejer-jejer kaya srinthil wedhus?" pitakone Bakri Genjik sing dhasare pancen gentho ora enak iwake.
Saknalika kabeh sing ana warung meneng klakep. Pikirane mosak-masik dhewe-dhewe.
Bisa uga Genjik ana benere, amerga wong yen kulina maling mesthi paham kahanan.
Nanging apa iya yen Kuncen Lasiman wani ndhudhuki kuburan???
---------***----------
Udan ngrecih wiwit isuk, nanging adate wong desa ora ana critane yen lumuh banjur ora budhal megawe. Sing tani wis gupak ndhut nggaru ngluku ana sawahe, sing tukang wis palon-palon ngobahne palune. Sing guru uga wis mulang muride, sing bakulan uga wis ngedhep dagangane.
Nanging kepiye karo sing kondhang karan dadi gentho lan maling?
Apa uga wis clilang-clileng golek padikan?
Apa uga wis budhal ngedhep meja lan dhadhu banjur mbeber mainan?
Ora!!!
Jebule Genjik lan Bongkeng lagi rembugan.
Ana ing gardhon ngarep gapura desa, wong loro katon njeginggut omong-omongan sajak penting tenan.
"Njik ... piye? isih tatag karo rencana sing wingi?" pitakone Bongkeng marang balane nggangsir.
"Apa sing tawedeni? Karo wong urip wae aku ora mundur, apa maneh karo wong sing wis bangka" semaure Genjik sajak kemlinthi.
"Gok ... cangkemu aja banter-banter. Yen krungu wong liya, awake dhewe bisa cilaka!" imbuhe Bongkeng semu semremet karo bantere suwarane Genjik.
"Sapa wani nyilakani bakri genjik? Apa pingin takideg-ideg takepruk takremet kaya kripik" suwarane Genjik saya dibanterne.
"Asuuuuu ... diomongi malah ngece, njaluk disapih Tomblok apa piye?" gojloge Bongkeng mulai nyandhak gendhakane kancane.
"Diancok, ora usah ngelingne genggek gendheng kuwi, cok" semaure Genjik karo matane mlilik.
"Sik ta Njik, kowe ki panggonane wis weruh tenan apa isih kira-kira?" pitakone Bongkeng sajak ora percaya karo balane sing pirang-pirang ndina kudu ngamuk wae.
"Kowe ki jan ganjingi njaran tenan, Keng ... ana pirang wong bangka sing jenenge Mukini? Siji-sijine kuburan sing pathokane jeneng Mukini ya sing ana ngisor ringin kidul kulon kae. Apa mbok kira aku buta hurup, nganti ora godag maca aksara Mukini?"
Bengoke Bakri Genjik karo ngadeg lan tangane malang kerik.
"Ssst ... cangkemu aja banter-banter, cok" Yen krungu wong awake dhewe bisa cilaka," kandhane Bongkeng karo menehi tanda driji ing lambene.
"Sapa sing wani nyilakani bakri genjik? Apa pingin takepruk linggis ndhase" jawabe Genjik sing sakal ngadeg nyet saka lungguhe.
"Aku ora Lik ... aku ora krungu apa-apa lho."
Ujug-ujug krungu suwarane bocah lanang saka grumbul mburi gardhon.
"Asu cilik, ngapa kowe kuwi?" pitakone Bongkeng saking kagete.
"Golek bekicot, Lik" semaure Cempluk karo ndhingkluk.
"Ora ndang ngalih taksampluk ndhasmu tenan lho," imbuhe Genjik karo matane sing isih plilak-plilik.
Saknalika bocah sing omahe pinggir kuburan, kuwi mlayu plencing sipat kuping.
"Bocah koclog, turunane wong gendheng ... mangkane sabane nrutus turut kebonan, jan asu tenan" gunemane Genjik mbegung gembranggang kaya kumbang.
"Halaaah, ora usah dipikir! Cempluk kuwi mung bocah kenthir sing ora genep pikir" kandhane Bongkeng karo ndemek bathuke maneh.
"Iyo...cah edan, kaya kowe kuwi ya padha dancok njaran pisan" semaure Genjik isih pegel lan nesu tenan.
"Wis, ora usah ngamuk! Sing baku rencana iki sida digarap apa ora?" pitakone Bongkeng sambi ngongkek bangkekan.
"Kreeeek"
Sakecap wae Genjik ora semaur, amung menehi tandha kepelan tangan lan nduduhne otot lengene.
--------***--------
Wayangan ana latare bale desa ndadekne warga padha nglumpuk rana.
Wiwit sore sakwise slametan bersih desa, andum brekat lan mangan bareng lurah pamong sakwargane.
Bocah cilik temekan wong tuwa tumpleg bleg dadi siji.
Nanging beda karo Bakri lan Kardi.
Keloron wis pepak anggone macak. Komboran lan klambi sarwo ireng, komplit blonsong rai sing biyasa dinggo buruh tebang tebu.
Ora keri nggawa pacul lan cikrak.
"Matane piceg, jane kelakuwane sapa iki? Ndadak ngebong larahan nganti pirang-pirang panggonan" guneme Genjik nalika panggonan sing dituju mbuleg kebak beluk.
"Cangkemu aja banter-banter, Gok!" Suwarane Bongkeng bisik-bisik karo getem-getem.
Sawetara hawane kuburan desa tintrim lan peteng. Mung krungu suwara kemlontheng saka wit pelem gadhung sing ana ngarep omahe Cempluk.
Cempluk lan simboke pancen manggon ana lemah gendhom pinggir kuburan. Penggaweane dadi kongkonan sapa wae sing butuh tenagane.
Ana ing pang-pang wit pelem ngarep omahe digantungi kumplung, gendul lan ditaleni digandhuli watu. Sing ndadekne muni kemlontheng yen keterak angin.
Kuburane Mukini wis cetha ana ngarep mata.
Genjik menehi kodhe supaya mulai macul.
"Aja ngantheng thok kaya lanjaran kencur, age gek diobahne pacule," perintahe marang Bongkeng sing mulai ketok wani-wani angas.
"Njik, lerena sik" bisike Bongkeng karo lingak-linguk sajak keweden.
"Macul sik jeru dhengkul kok wis arep leren, apa nunggu konangan wong mulih wayangan?"
Pitakone Genjik setengah ngresula.
"Atiku ora penak Cok, samarku..."
"Dlogok tenan kowe, Keng. Kadhung tekan kene malah mandheg dalan. Yen ra mbok terusne pingin tak oklek-oklek tanganmu," amuke Bakri Genjik saya ndadi.
"Dhooooor"
Ujug-ujug ana suwara kaya barang mbledhos mbuh saka sisih ngendi asale.
Saknalika wong loro mandheg anggone macul.
Banjur sawang-sawangan tanpa guneman.
"Terus-terusna lehmu maculi kuburan, yen ora pingin takprotholi tangan sakdrijimu pisan."
Saka walik wit ringin ujug-ujug krungu suwara abot sing gedhe.
Kaya suearane wong omong neng njero genthong.
Tanpa diaba, gentho desa kuwi mlayu keponthal-pobthal nganti kejungkel njlungub nyandhung maesan.
Ora kober nulungi kancane lan ora kober ngrasakne larane.
Nalika nyandhung maesan lan nubruk kijingan.
"Auwhhhhhhh........"
-------***-----
Isih thenger-thenger karo mopoki sikil nganggo tlutuh tintir, Bakri Genjik lan Kardi Bongkeng ketok pringas-pringis ngempet lara karo kudu ngguyu.
"Cok, raimu kaya silit dandang sing ra ana kupinge," kandhane Genjik nyawang rupane kancane.
"Rumasamu dhapuranmu apa ra kaya tompo kelangan jejet?" Semaure Bongkeng karo kekelen.
"Ya iki sing jenenge arep maling untu malah kelangan untu," imbuhe Bongkeng isih ora leren anggone ngguyu.
-------**------
Jebul nalika keplayon ana kuburan, loro lorone kesandhung maesan lan kejlungub cangkeme natap kijingan.
Ndadekne untune Bakri Genjik sing ngarep ndhuwur sak kal prothol telu.
Sawetara Kardi Bongkeng uga kelangan untu papat sing ngisor prothol merga tiba nyosop nganti ndlosor.
"Asuuuu ... asu, gara-gara arep maling tlasah malah kelangan untu" bengoke Genjik karo ngelus-ngelus raine sing nyonyor abang biru.
Uga lambene sing moncrot merga dimusuhne watu.
Sawetara ana latar omah pinggir kuburan, katon Cempluk sing njeginggut anggone dolanan timba plastik.
Kala-kala didhepne raine banjur muni
"Grontol jagung, untu prothol merga kesandhung"
-----**------
Cathetan :
Cerita ing ndhuwur akeh nganggo ukara-ukara utawa basa sing kasar.
Ora nduweni niyat menehi tuladha sing ala, nanging sengaja ditulis kanggo nguripne isi cerita.
Nuwun.
Geschreven door Sita Aulliya
Lisse
30-08-2023

Komentar
Posting Komentar