Kalap #2


 ~Kalap~

#2


Ngetutne lakune wong wedok sing nukoni dagangane, atine Supatmo krasa mongkog.

Piya piye yen krupuke ora nganti entek, bayarane deweke uga ora akeh. Kerja melu Cina pancen ya rekasa. Nanging arep kepiye maneh, urip neng desane malah ora ana penggawean sakliyane ngaritne wedhuse wongtuwane, karo buruh buruh neng sawah yen pas ana panenan utawa wiwitan.

Buruh tebang tebu, ndaut nganti tandhur uga nggaru mluku kabeh dilakoni.

Sing asile digawe mangan wae kudu nyukup nyukupne.


"Ya kene iki omahku Le," suarane wong wedok sing mlakune cepet banget ngageti Supatmo sing lagi nglamunke uripe.

"Ohhh.... inggih Mak, kok kathah tiyang dhateng ngajeng," pitakone Supatmo rodok nggumun.

"Iya Le, iki wong kondangan. Kowe bablas nyang mburi wae, itungen kabeh pira sing kudu takbayar." Suarane wong wedok sing umure antarane seketan.

"Medal lawang pawon mriki, Mak?" Pitakone Supatmo karo nyelehne pikulane.

"Mlebowa pawon Le, neng kana ana wong nata panganan, krupukmu kui arep digawe tambah lawuhan," suarane Emak teka mburine.

"Ohhh... inggih Mak," semaure Supatmo karo mlebu nyang pawon.


Ana pawon sing jembar kuwi jebule akeh wong rewang. Ana loro pawonan sing digawe ngedang sega lan nggodhog wedang.

Ana sing nuggoni geni, ana sing nata sega ingon, ana sing nata jajanan. Ngiris wajik lan jadah. Ana uga sing nyrebeti panci dandang lan sakrenane gawean wedok ana kono.

"Niki krupuke Mak," Supatmo menehne krupuke nyang wong wedok sing bagian nata ingon.

"Kowe sapa Le?" Pitakone wong wedok iku rodok nggumun.

"Kuwi bakul krupuk langganane wong desa Mak."

"Ohhh...iya, aku Mak Sukanti. Lagi seminggu manggon desa iki," suarane wong wedok sing nukoni dagangane sajak grapyak.

"Kula Supatmo, Mak," semaure bakul krupuk iku.

"Sing nunggu geni kae jenenge Mak Suweng, sing nata panganan kae Mak Kuning, sing neng pojokan kae Mak Engkik.

Siji kan sijine kabeh dikenalne karo sing dhuwe omah.

Grapyak semanak uga murah esem lan gemuyu.


"Lhooo, ana dhayoh ta? Kok ora melu sila neng ngarep?" Pitakone wong lanang brengos kandel nalika nginguk pawon saperlu njupuk rokok kanggo wong sing kondangan.

"Kula namung sadeyan krupuk Pak," semaure Supatmo.

"Woalaaah, yen gelem melu jagongan ora apa apa lho Le," Pak Brengos sing ketoke kereng jebule uga semanak.

"Inggih matur nuwun Pak, kula tak langsung wangsul mawon," semaure Supatmo.

"Iki wis wengi, dalane peteng yen mbok tempuh mlaku. Mengko bar kondangan ben diterne Kang Sukar ngawa dokar Le, tunggunen sedhilut ya," tawarane Pak Brengos sajak ngesakne.

"Wes, manut wae...neng mburi omah kae ana jaran sak dokare. Dimare kiwa tengen uga wis diisi lenga," suarane Mak Sukanti ngatasi Supatmo.

"Ya wis, kono mangan mangan dhisik ben ora masuk angin," suarane pak Brengos sing jebule bojone Mak Sukanti karo mlebu nyang omah tengah.


Sega brekat pepak sakpiring munjung diduguhne Supatmo.

Dasar wetenge wis krasa luwe, sega sak kopine dirasa jan enak sedhep tenan kae.

Guyonan lan srawungr wong wong neng pawon sajak guyup lan regeng.

Ambune cam caman wedhang lan sega sing dikukus, uga keluk geni lan mawa dadi siji karo godhong gedhang kang alum digawe tatakan tumpeng lan lemek sakrenane lawuhan.

Ingkung pitik utuh uga banyu kembang ndadekne suwasana regeng tenan.


"Aku sakeluwarga wis seminggu boyong nyang desa kene Le," suarane Mak Sukanti nggenahne.

"Maune saking pundi Mak? Pitakone Supatmo.

"Teka Kedhung Bajul, oleh walike gunung cilik" semaure Mak Sukanti karo njejeri Supatmo.

"Kok boyong mriki kenging napa Mak?" Pitakone Supatmo maneh sajak pingin weruh.

"Critane dawa Le, nutupi wirang teka tangga teparo," Mak Sukanti semaur karo nyawang senthong sing ana sisihe lawang jutulan.

"Maksute pripun Mak?" Supatmo saya penasaran.

"Anakku wedok wis ditembung karo anake lurah, nanging tiba dina singsetan, bakal mantuku malah lunga kepikat bocah wedok liya," Mak Sukanti crita karo mbrabak raine.

"Anakku lara ati, timbang bocah gondel ontang anting nandang lara lan wirang," tanpama tak boyong metu teka desa kana.


Dheeeeg....rasa atine Supatmo kaya kaya dielingne karo lelakone.

Ditinggal rabi nalika lunga nyambut gawe.

"Lha sakniki yogane sampean ten pundi Mak?" Pitakone Supatmo.

"Ana neng kamare, malih ora gelem metu yen ora butuh nyang jedhing. Saking isin lan gela atine," semaure Mak Sukanti karo nyowang nyawang senthonge anake.

Supatmo sing wiwit maeng nggatekne, suwe suwe katut melu nyawangi senthong sing mung ditutupi selambu kembangan abang.


Isih durung nganti entek separo kopi neng gelase. Teka njero senthong metu bocah wedok sing ngagetne atine Supatmo.

Mripate ora bisa endha naliko tempuk karo mripate cah wedok kuwi.

"Ayu banget, kok isane ditinggal rabi karo bakal bojone" mbuh kenengapa ujug ujug batine Supatmo muni mengkana.

"Iki Sariti anakku sing ayu dhewe Le," Mak Sukanti ngenalne anake.

"Ora usah isin, iki ana dhayoh teka adoh," imbuhe Mak Sukanti karo nggandeng tangane anake amprih nyalami Supatmo.

"Kula Sariti Kang," suarane cah wedok sing kulite resik kuning mrusuh kuwi karo ndingkluk .

"Aku Supatmo," semaure Supatmo semu gugup ndredek uga nggumun marang aluse epek epek tangan uga ayune bocah wedok sing rambute ireng lurus dawa sak bangkekan.

Irunge mbangir pawakane lencir.

"Yen kebengen mbok nginep kene wae Kang" tawane cah wedok sing ayu rupane ndadekne Supatmo kaya kaya blangkemen saknalika.

"Aku kudu setor krupuk nyang juraganku, yen telat aku isa kelangan gawean," semaure Supatmo jujur tenanan.

"Yen butuh gawean, neng kene ana jaran lan sapi uga sawah jembar. Mbok menawa kowe gelem ewang ewang to Le, sawah sakmono ambane, sapi jaran uga ora ana sing ngopeni," ujug ujug Mak Sukanti sing nyauri teka njero omah.

Amargo wong wong sing kondangan wis andum brekat lan ingkung.

Ora suwi kondangane bakale ndang rampung.


Ana candhake

Lisse

23/01/2022

Menawi kersa maos seratan-seratan lintune mangga cek fb Sita Aulliya Utawi klik 👇

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sukarni #5

Abot

Entah Berapa Purnama