Kalap #3


 ~Kalap~

#3


Isih kaya kamidlongopen anggone Supatmo nyawang praupane uga gandane Sariti sing ayu tur wangi.

Wis lumprah kanggone wong lanang normal yen nduweni pikiran sing rodok kurang ajar. Tapi age age disingkirne amerga bocah wedok kuwi ketok ndingkluk mesem semu isin.


"Le, yen kowe gelem ewang ewang neng omah kene, aja samar yen ora tak bayar," suarane Mak Sukanti ngepasi liwat karo ngusungi piring sing bardigawe ingon wong kondangan.

"Sawah, tegalan, raja brana sapirang pirang. Yen kowe gelem ngewangi aku, opahmu luweh akeh timbang olehmu bakulan krupuk. Yen gelem malah takpek mantu pisan Le." Pak Brengos teka mburi muni karo ndemek pundhake Supatmo.

"Ahhh...mpun guyon to Pak, kula namung lare dusun yogane tiyang mboten gadhah pindah," jawabe Supatmo antarane kaget karo bingung.

"Tenan Le, yen kowe gelem sesuk langsung takijabne," jawabe Pak Brengos sajak tenanan.

"Sakestu napa goyon to niki Mak?" Pitakone Supatmo nyang Mak Sukanti sing isih inthak inthik ngusungi sembarang kalir teka njero omah.

"Pak Brengos yen omong ora nate goroh Le, mesthi tenanan kuwi," semaure Mak Sukanti.

"Yen kowe gelem, takwenehi wektu sewengi gawe mikir, sesuk isuk tak tunggu jawabanmu Le," pak Brengos kaya kaya mepet Supatmo supaya enggal semaur.

"Menawi mbenjing enjing, berarti kula..," 

"Iya, mengko bengi nginepa neng omahe Mak Engkik. Dheweke duwe anak lanang sapantaranmu. Isa mbok ajak omong omongan."

"Lajeng dagangan kula pripun?" Pitakone Supatmo.

"Bariki ben diterne wongku nyang omahe juraganmu." Jawabane Pak Brengos karo mesem sajak seneng.

"Napa semerep griyane?" Pitakone Supatmo maneh.

"Wong kutha kana gek sepira gedhene ta Le, kusirku kabeh wes apal panggonan kiwa tengene kali brantas Le," Pak Brengos menehi katerangan sing gamblang.

"Niki artone sadeyan Pak, menawi blek sakpikulane badhe diteraken kaliyan kusir," Supatmo ngelungne duwit asile dodolan.

"Wis kana gek barenga Mak Engkik numpak dhokar nyang omahe Le, sesuk isuk tak tunggu jawabanmu," pak Brengos nggenahne maneh.

"Kula purun Pak, nanging kedah pamitan ugi ngabari kaliyan tiyang sepah rumiyin," semaure Supatmo.

"Pokok kowe gelem, mengko urusan butuhe wong tuwamu ben diurusi wongku Le," semaure pak Brengos.

"Maksute pripun Pak?" Supatmo saya bingung.

"Ngene lho Le, yen kowe gelem takpek mantu. Urusan digawe mantu mengko ben dikirim karo bapakmu tekan kene." Mak Sukanti enggal nggenahne.

"Omahmu Jombang ta Le? Oleh sisihe Ngoro?"

Pitakone Pak Brengos nggenahne persise asale Supatmo kaya sing wis diomongne nalika teka.

"Inggih leres Pak, ndusun sanget mlebete saking embong gedhe," jawabe Supatmo.

"Kakangku biyen Demang ana salah sijine dusun neng daerah kana Le, dadi aku ya wis tau dolan mrana," Pak Brengos nambahi katerangan.

"Ya wis, bengi iki pikiren sing tenan. Kae wis ditunggu Mak Engkik neng ngarepan," Pak Brengos ngomongi Supatmo supaya enggal budhal.


Bengi kui sidane Supatmo nginap neng omah Mak Engkik. Sing isih batih karo Mak Sukanti.

Omahe rodok adoh. Ngliwati bulak lan alas cilik. Tapi merga wis kulina, dhokar sakusire ora arep kesasar.

"Yen kowe manut, bakal penak uripmu Le. Sariti bocah manut tur ayu ora duwe tunggal." Mak Engkik ngelungne sarung nyang dhayohe supaya digawe kemulan.

"Matur nuwun Mak," Supatmo nampani karo mlebu senthong amarga wis kesel, ngantuk lan uga wis wengi.


Sawetara ana ing sawijining desa ing daerah Jombang.

Ngadhepne surub hawane mendhung peteng ameh udan.

"Kulanuwun... kulanuwun, leres mriki griyane tiyang sepahe Supatmo?" Pitakone wong lanang sing mudhun saka cikar.

"Inggih, sampean sinten?" Pitakone wong wedok sing umure antarane suwidakan.

"Kula kengkenanipun Demang Kedhung Buntung, yogane sampean arep dipek mantu. Lha niki kula mbeta sakrenane butuh damel ewuh," wong sing gawe suwal klambi komboran ireng ireng nggenahne niyate.

Sakwise kabeh wis genah, cikar sing isine munjung sakrenane butuh kuwi mulai didhukne.

Pari, beras, beras ketan ireng putih, jagung palawija, uyah gula nganti godhong gedhang, bumbon wedok pepak sakjanur. Tingarahe mung ninggal banyu. 

Sakwise kabeh didhukne, wong lanang kuwi maeng banjur pamitan.

Olehe ngeteri akeh banget nganti latar omah gedheg kui kebak butuhan kaya arep mantu gedhen gedhenan.


"Kang, aja bali dhisik. Aku Samar yen sampeyan mulih terus ora sida ngrabi aku. Aku samar yen sampeyan kecanthol wong wedok liya," alemane Sariti karo nggondheli tangane Supatmo.

"Wong lanang ijab ora kudu nggawa saksi to Le, sesuk tak celukne naib yen pancen wis mantep tenan," Pak Brengos menehi pituturan.

"Yen kula sampun seneng lan mantep tenan Pak Mak, Sariti sing dhisike isinan saiki malih kenes ethes ndadekne atine Supatmo saya ora kuwat kepingin ndang ngrabi.

Ayune, pawakane sembarangane luwih luwih tinimbang Sudartik.

Apamaneh anak tunggal tur sugih pisan.

Tanpa mikir dawa Supatmo nyetujoni karepe Pak Brengos supaya enggal ijab karo anake wedok.


Ati kang wis oleh tamba lan kasmaran, ndadekne Supatmo kaya lali sembarangan.

Apamaneh Sariti kaya ora gelem owal lan Ora bisa ditinggal.

Gocekan tangan karo sendenan pundak wae tingarahe.

Mak Sukanti karo Pak Brengos mung nyawang karo mesem guyu.

Sidane pancen ora nunggu suwe cah loro maeng kelakon diijabne.


"Kang, aku pingin dolan menyang kutha. Aku pingin tuku sandhal, jarik lan kebayak. Uga pingin nukokne sandhangan sing apik kanggo sampeyan," alemane Sariti karo glandhotan neng gegere bojone.

"Ya...budhalo ta Le, bojomu kuwi yen njaluk sembarang pancen dek saknyet ora bisa disemayani. Mengko takwenehi dhuwit digawe sangune. Karo ngenteni kusir njupuk pakan jaran, iki gek ndang sarapan,"Mak Sukanti teka pawon sing nyauri ajakane Sariti nyang mantune.

"Inggih Mak, matur nuwun," Supatmo krasa ujug ujug kaya dadi raja. Mangan dicepakne. Lunga wis cepak dhokar sakusire. Apamaneh ana bojo ayu kinyis kinyis neng sandhinge. Durung dhuwit sakanthongan sing wis dicepakne karo maratuwane.

Atine kang kelakon susah nalika ditinggal rabi karo Sudartik, saiki kaya kaya oleh tamba kang luwih luwih saka sing dikarepne.

Ayu rupa uga sugih banda.

Isih ditambahi sugih tresna.

Kurang apa maneh jal?


Sawetara kuwi,

Isuk antarane jam sanga ana ing kelurahan desa. Ketok bocah lanang loro numpak sepedah goncengan mara menyang kana.

"Kulanuwun, badhe nderek tangklet Pak, kula badhe nyuwun tulung madosi rencang kula. Piyambake sadean krupuk dipikul. Sanjange idere biyasa wonten dusun mriki. Nanging sampun seminggu niki kok dereng wonten bali teng pondokan. Kula sampun dugi pundi pundi angsale tangklet, lajeng wonten rencang ingkang sanjang menawi piyambak sadean wonten daerah mriki." 

"Bariki ditakokne nyang wong kampung wae ya Mas, bener yen aku iki lurahe. Nanging perkara kancane sampean sing durung mulih, luwih becik mudhun langsung nyang dusun wae." Pak lurah sing ketok semanak ngajak bocah loro kuwi menyang dusun.


"Inggih leres Pak, namine Supatmo. Kula kinten napa wangsul teng Jombang kok pirang pirang ndinten mboten sadeyan," Mak Yem menehi katerangan amarga dheweke wis langganan.

"Biasane yen balik ngetan mesti aruh-aruh, tapi aku kok ora patek eling. Bar taktakoni kok rodok nglentuk kae wis bali apa dhurung ya?" Mak Yem njajal ngeling eling .

Nanging ya panggah ora kelingan. Amarga dikira Supatmo mulih nyang Jombang.


Berita ilange Supatmo saknalika dadi kondang.

Wong wong dusun sing biasa dadi langganane pada umek melu ngertakne.

Klesak klesike suwara ana sing weruh Supatmo surub kuwi lungguh ana bok cedhak kedhung karo nglamun.

Tanpa diaba, akeh wong wong sing ngrewangi nggoleki.

Kedhung lan gunung cilik bolak balik dilewati.

Dalanan sing biasane digawe trabasan tukang golek kayu wis mlebu metu dilewati.

Nanging Supatmo ora ditemoni.


Nganti ujug ujug teka kidul ana suara wong celuluk.

"Neng kene....neng kene...iki ana blek lan pikulane." Celuluke Wong sing padha melu nggoleki Supatmo.

Gruduk... saknalika kabeh padha nglumpuk.

"Lha maeng ping suwidak jaran olehku liwat kene, kok ora ketok ana blek mbegogok samene gedhene." Kang Kurdi nyowang nyawang karo gedheg gedheg.

"Kula malah lenggah dhateng bok mriki, kok ya mboten weruh napa napa," suarane Sukarni sajak nggumun.

Sanalika kabeh wong sing ana kana, padha umeg usreg karo blek lan pikulane. Uga duwit asile bakulan sing dilebokne ana ing njerone.

"Lha iki duwit sakblek lan pikulane ana, nanging bocahe menyang ngendi?" Suarane Pak Lurah nggumun karo batine krasa ora kepenak.

Aja aja gek......


Wektu saya awan, srengenge kaya neng ndhuwur sirah.

Wong sing padha clilang clileng, bengak bengok nyeluki jenenge Supatmo suwe suwe krasa luwe lan ora betah.

"Moooo.....patmoooo....metuwa, ngetokaaaa..Mooooo," kating bengok suarane wong sing saka sisih kulone kedhung.

Nganti ujug ujug ana sing celuluk karo mlayu sipat kuping.

"Bajul...bajul....ana bajul loro mlakune ngadeg kaya manungsa."  

"Ana Bajul memba memba dadi manungsa." Wong lanang sing keplayon saknalika pucet lemes dhempes niba bleg.

Semaput...!!!!!!


Nuwun 🙏🙏🙏


Seratan menika namung rekadaya saking pangripta piyambak. Menawi wonten nami ugi panggenan ingkang sami, menika namung kaleresan blaka. Matur nuwun.


Lisse

29/01/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sukarni #5

Abot

Entah Berapa Purnama