Mat Kuncung


 ~Mat Kuncung~


Jedhing sing diiseni wis meh oleh separo luwih. Kemriyek suarane kerekan sumur sajak njaluk digemuki.

"Mat, katrole mbok digemuki dhisik, kawet maeng kriyak kriyek kok betahmen kupingmu," suarane Mak Yem karo nduleg githoke Mat Kuncung teka mburi.

"Wegah, ben ngene wae. Wong ya ora ngganggu kowe," semaure Mat Kuncung ora ngawaki.

"Wooo....wong ya kowe ki cah koclok kok Mat," suarane Mak Yem nginthik mlebu pawon.

"Koclok tapi kan putih kaya cina," semaure Mat Kuncung karo rodok mesem nggodha Mak Yem.

"Rupamu Mat, kaya ngana kui putih? Gek sing putih kui lho apamu?" Mak Yem mbengok teka njero pawon karo kekelen.

"Rumasamu sing putih apa cina thok? Masia aku ya ana sing putih," Suarane Mat Kuncung kaya kumbang mbengung.

"Karepmu Mat, ngko yen jedhinge wis beg gek mangano ya," teka njero pawon suarane Mak Yem ngomongi jaka tuwek sing dadi kongkonane wong sak desa.

"Emoh, wetengku sik wareg," semaure Mat Kuncung karo ngesokne banyu teka timba nyang grojokan sing dipasang persis oleh sisihe jedhing.

"Bar diingoni sapa kok wis wareg? Pitakone Mak Yem karo nyekel gendhul isi gemuk.

"Kene, tak gemukane dhewe, timbang jetheh tekan ngendi ngendi," suarane Mat Kuncung karo njaluk gendhule gemuk.

"Ditakoni lek mbisu wae," suarane Mak Yem saya gregeten karo Mat Kuncung.

"Bar mepe gabah nggone Mbah Ibu," semaure Mat Kuncung karo ngelungne gendhul gemuke.

"Dilawuhi apa?" Pitakone Mak Yem.

"Jangan kenthel," jawabe Mat.

"Iwake apa?" Mak Yem sajake isih juweh.

"Iwak ilat," Mat Kuncung semaur karo ngempet ngguyu sajak sengaja nggudha Mak Yem.

"Wooo...pancen koclok ditakoni semaure yo sokor mangap," Mak Yem ngengkag ngalih mlebu pawon.

"Lha uwong kok ngoceh wae kaya bethet sewu." Jawabe Mat Kuncung karo nyandak radione.

Siji sijine barang sing paling disenengi, sing wis dibendheng karo karet meh rong njinah cacahe.

Radio transistor 2 band sing ngalor ngidul dikalungne gulune. Sing dadi kanca setiane. Isuk awan bengi lan sore.

Merga ra gelem mangan, karo Lek Sardi dilungi rokok sakpak sakdurunge ditinggal mbalik nyang sawah arep ngelepi parine.


Sakwise ngiseni jedhinge Lek Sardi, Mat Kuncung nginthik ngetan kalungan radio karo sarunge dibebetne bangkek'an. Kopyahe sing wis mbulak rupane, ora lali ditutupne neng kuncunge.

Jaka tuwek umur 30an taun kui diarani ora genep pancen ya kaya ngana nyatane.

Tapi sregepe tenanan uga jujure ora karuan.

Tangane enthengan, ora duweni pamrih yen nulungi liyan.


Sakjane sik nduwe Mbok, tapi diopeni karo mbakyune neng seje desa. Omahe dipanggoni karo batih adoh saka mbok'e. Amarga Mat Kuncung ora gelem lan uga ora betah yen manggon neng omahe dhewe. Sakliyane adoh saka desa, omahe Mat Kuncung oleh tapel wates desa sing adu arep karo tegalan lan kuburan.


Senajan arang mulih, nanging Mat Kuncung isa turu sak nggon nggon.

Sakliyane dipasrahi gembok sosi omah mbalene Kaji Soleh sing suwe disuwungne.

Langgar desa sing ana papat cacahe uga mejidte, kaya kaya kabeh dadi omahe Mat Kuncung.

Joko tuwek kuwi ora nggegem tangan yen nyawang jedhingane langgar apa mejid ketok lodhang. Senajan saka sumur kerekan, karo telaten diiseni nganti kebak.

Ngana maneh sok sok isih nyaponi jogan lan latare barang.

Ora ana sing ngongkon uga ora ana sing ngopahi. Tapi yen ana wong sing ndelalah liwat arep nunut ngibadah, Mat Kuncung kerep diwenehi rokok senajan mung sak uthil.

Nanging, umpama deweke nepaki sik nduwe, wewehane wong kuwi maeng bakal ditolak.

"Ahh...sampun, sampun Mas.. kula taksih wonten ses," ngono kuwi biasane jawabe Mat Kuncung.


Apa Mat Kuncung pinter ngaji kok sabane langgar?

Ora, babar belas deweke ora bisa tulis lan maca. Pancen ya bocah ora tau sekolah. Nanging pinter banget maca kahanan.

Yen ana tanggane sing kerepotan nduwe gawe mantu apa sunatan, ora ketang ngewangi isuh isuh apa dadi tukang nggodhog wedang.

Yen krungu tanggane apa sapa wae sing kesripahan, tanpa diaba Mat Kuncung age age budhal nyang kuburan ngewangi ndudhuk lemah kuburan. Mangkane senajan ora tau mangan sekolahan nanging tumindake isa dadi tuladhan.


"Mat,..arep nyangendi? Kok nginthik wae ora noleh blas," suarane Kang Sarto teka njero warunge Sujan.

Mat Kuncung sing maune arep nyang omahe Mbah Kyai Jaelani, sidane marani wong sing mbengoki dheweke.

"Wis ngopi apa durung?" Pitakone Sujan.

"Yen digawekne ya takombe ta Lek," semaure karo mijeti pundhake Kang Sarto.

"Nyang Mbah Kyai Jaelani arep dikon ngapa to Mat?" Pitakone Sujan karo nyelehne kopine.

"Dikon ngewangi ngricik kayu, jarene nangka ngarepe kae bar dipaprasi merga pang karo godhonge nerak ndhuwur genthenge langgar," jawabe Mat Kuncung karo nyruput wedang.

"Aja banter banter Lek, ngko marai ndang entek batreine." Kandane Mat Kuncung menging Lek Sarto nalika muter radione.

"Lha kowe ki ngrungkokne radio kok ora oleh didum karo kancane ki kepiye?" Semaure Kang Sarto.

"Jarene Pak mentri Harmoko, ngadhepne pasa regane sandhang pangan aman, tegese ora mundhak. Yen ana sing gawe rega larang berarti kui bakule ora jujur alias curang," jawabe Mat Kuncung karo panggah njeginggut mijeti pundhake Kang Sarto.

"Lhaaah....kowe ki jebule ya paham Pak mentri barang ta Mat? Sujan celuluk teka mburi karo nyrebeti cingkir.

"Tanganmu jan penak tenan Mat, sirahku rasane padhang entheng tenan, nyoh digawe tuku batrei," suarane Kang Sarto karo ngelungi dhuit klithik atusan.

"Matur nuwun Lek, tak ngetan sik. Ngko bengen bengen tak mampir maneh," semaure Mat Kuncung karo nyincingne sarunge sing meh ucul.

"Pancen ya bocah utun, ndelalah kok ya enek wae sing nyeluk ya Kang," Sujan sajak nggumun karo jaka tuwek sing karan Mat Kuncung amarga potongan rambute sing mesti model kuncung.


"Mangan sik Mat," tawane Mbah Nyai teka teras.

"Mangke mawon Mbah, nembe diwedangi kalih Lek Sujan," semaure Mat Kuncung.

"Diwedangi apa ora mlonyoh Mat?" Ujug ujug Geger celuluk teka njero langgar.

"Mlonyoh apa lare pitik ta Ger" semaure Mat Kuncung kaya biasane.

"Mbah Kaji bar mbeleh pitik Mat, kowe ngko mesthi bagian ndas'e," semaure Geger sing kerep dikongkon ngirim nyang sawah yen wayah tebang apa tandur neng sawahe Mbah Kaji Jaelani sing pirang pirang panggonan cacahe.

"Tandang gawe rung dicandhak kok wis mikir opahe ta Ger... Geger," suarane Mat Kuncung karo nyampirne sarunge.

"Peeeh...lebusmen ambune Mat, ora tau mbok umbah ya? Geger isih juweh karo nglepus ngentekne rokoke.

"Ya iki sing marai nyamuk wegah nyokot Ger, sakdurunge tekan nggon wes klenger dhisik," Mat Kuncung cengingisan karo mulai ngriciki rambanan.

"Mat, kowe pendhak bengi turu dhewe neng mbalene Kaji Soleh apa ora wedi? Kana krungu krungu angker akeh ndruwone lho," pitakone Geger sing nggenahne yen omah mbale tembok dhuwur duweke Kaji Soleh pancen kondang angkere.

"Halaaah..gek ndruwo apa, menungsa wujud kok trima wedi karo bangsa lembut," semaure Mat Kuncung sak penake.

"Kowe ora tau dipethuki Mat?" Pitakone Geger saya pingin ngerti.

"Wis biasa Ger, sarung didhelikne, kopyah didhelikne, sandhangan didhelikne, nanging mung dipindah panggonan." Semaure Mat Kuncung panggah njeginggut karo gaweane.

"Trus mbok apakne Mat?" Pitakone Geger maneh.

"Tak omongi, aja mung seneng ndelikne. Pisan pisan takkon ngumbahne," jawabe Mat Kuncung sak penake.

"Wooo...pancen koclok kowe ki Mat, terus gendruwone semaur piye?" Geger saya ndadra pitakonane.

"Yooo tak umbahne pokok mbok tukokne sabune," semaure Mat Kuncung sak geleme dhewe sajak njarak kancane.

"Lha radiomu tau didhelikne apa ora?" Geger isih ngeyel pingin weruh critane.

"Yen radioku ora tau didhelikne Ger," jawabe Mat.

"Apa merga ora tau cepot teka gulumu ya Mat?" Pangirane Geger rodok kemeruh.

"Gendruwone paling ora isa nyetel, mangkane ora didhelikne," jawabe Mat Kuncung ra ngawaki.

"Hayaaah.. kok ana gendruwo arep nyetel radio ki gek gendruwo ngendi lho Mat?" Ujug ujug suwarane Mbah Kyai teka mburi karo nuntun sepedahe.

"Wooo... Mbah Kyai mpun dugi king sabin ta," semaure Mat Kuncung age age nyalami Kyai desane sing kondang awehan, karo ngambung tangane.


Anggone ngriciki rambanan wes rampung. Godhong tewel sing arep digawe pakan dibongkoki dadi siji. Latare omah sing dadi siji karo langgar banjur disaponi resik ketok sumilak.

"Gek mangano nyang mburi Mat, kae mbak Mariyam wes nyepakne kopi sak jembung," Mbah Nyai ngomongi karo ngelungne ronglembar dhuit atusan repes.

"Kok kathahmen to Mbah Nyai? Setunggal mawon mpun cekap. Wau kula mpun diparingi Kang Sarto ten warunge Sujan," Mat Kuncung rumangsa yen opahe kakean.

"Yaa turahane kena mbok gawe tambah tuku batrei to Mat," jawabe Mbah Nyai karo mesem sajak marem atine karo penggaweane Mat Kuncung.

"Ohhh iya Mat, iki ana lombok saktakir karo beras setengah kampli gawanen mulih wenehno mbokmu." Imbuhe Mbah Nyai karo nduding nduwur meja.

"Waah...Simbok tasih ten Yu Sutiyah Mbah, mbenjang mawon menawi mpun celak riyadin kula terne mrika. Niki lomboke mawon kula betane. Mbenjing kula urupne ketan kaliyan rokok ten warunge Sujan." Karo ndekur thelap thelep anggone mangan Mat Kuncung isih kober semaur.


Mbah Nyai anggone nyawang karo mesam mesem sajak nggumun karo Joko tuwek sing pethel lan jujur.

Rong minggu ngkas bar panen lombok arep tonjo jagung, ewangana ya Mat." suarane Mbah Kyai ngomongi teka njero kamare.

"Inggih Mbah, sabin ingkang pundi? Ngkin kula tak njujuk mrika mawon." Jawabe Mat Kuncung karo ngrokoti balung.

"Kidul kali Mat," saurane Mbah Nyai karo nyisihne buntelan beras nyang sandhinge daringane.


Bar mangan wareg, Mat Kuncung pamitan.

"Mbah, mpun ameh surub kula tak ngilen rumiyin. Matur suwun mpun dilawuhi jangan kenthel kaliyan iwak pitik." Pamite karo mundhuk mundhuk mondhong takir isi lombok.

"Wooo...iya Mat," jawabe Mbah Nyai sing wis biasa menehi mangan. Amarga meh rong ndina pisan Mat Kuncung mesti mara sakperlu ngiseni jedhinge langgar.


"Mat....sarungmu keri iki lho," celuluke Geger teka njero langgar karo nduding sarung sing cementhel neng sampiran.

"Lho...ora sida mboksilih ta? Jarene arep mbok gawe tolak nyamuk? Iki isa uga gawe nerang udan lho Ger," semaure Mat Kuncung karo nalekne sarunge neng bangkekane

"Wegah, abrakan kaya ngana gek tak gawe apa lho Cung Kuncung," jawabe Geger karo kirik kirik pundhake.

Mbah Kyai lan Mbah Nyai mung nyawang karo mesem tekan terase sambi jagongan nutukne ngombe kopine.


Nuwun

Amstelveen

18/01/2022 


Menawi kersa maos seratan-seratan lintune mangga dipun tiliki dhateng FB Sita Aulliya Utawi 👇👇👇https://sita-aulliya.blogspot.com/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sukarni #5

Abot

Entah Berapa Purnama