Digondhol gendruwo


 ~Digondhol Genderuwo~


Ana sawijining desa ngancik taun 80an.

Wiwit sore gerimis ora ana lerene. Lampu petromak sing biasa disumet ngadhepne surup wes mati kari ninggal ambu sing kaya kaya wis kelet karo piyan gedhek omahe Pak Lasiran tela. Penggaweane pancen bakulan tela. Uga tukang nebasi tanduran apa wae sing wis wayahe panen. 


Dhungggg....dhungggg,

Teka gerdon pinggir desa krungu suarane kenthongan ditabuh ping pindho pertandha yen isih jam loro padhak esuk.

"Mak...mak'e..aku kebelet nguyuh," suarane Lastri karo njawili pundhake emake sing turu nyingkuri deweke amerga ngeloni adike sing isih ngempeng.

"Ayo, alon alon..adike ben ora tangi," semaure emake setengah bisik bisik karo nggelung rambute.

"Mak,..aku wedi, kawet maeng ana suwara tabuhan, sapa sing ilang Mak?" Pitakone Lastri karo nggondheli tangane emake.


Omah sing dimare mung lampu teplok siji,sing ditemplekne neng cagak. Lawang jutulan nyang pawon peteng ndedhet ndadekne Lastri saya rapet leh gondhelan tangane emake.

"Wes gek ndang nguyuh, gek wedi karo opo?" Suarane emake nggedhekne atine bocah sing awit maeng krukupan kemule njepiping ra wani obah nganti gobyos kringete nemplek gegere emake.


Sakwise nguyuh, Lastri karo emake mbalik mapan turu amarga pancen isih wayahe wong turu.

"Mak, enek bocah ilang to?" Pitakone lirih setengah bisik bisik nyang kupinge emake.

"Iya.. bocah lor treteg jarene Pakmu," jawabe emake.

"Pak'e nyang ndi Mak?" Lastri isih keweden.

"Pak'e wayahe jaga gerdon, wes gek ndang merem aja juweh nakokne sembarang mbarang" semaure emake karo mbenakne kemule.

"Mak, nyapo gerdone kok kudu dijaga? Samar yen ana maling ya? Ceriwise cah cilik kui ora uwis uwis.

"Iya, njaga desa ben aman karo nuthuk kenthongan sing digawe nduduhne wayah utawa jam," semaure emake.

"Mak, kae kok ana suara kirik jenggong jenggong," pitakone nggenahne suara sing kawit maeng krungu neng kupinge.

"Kae kirik baung, biasane nduduhi yen arep ana maling," semaure emake karo siat siut mripate.

"Karo yen ana dhemit barang ya Mak?" Lastri saya nemplekne awake nyang gegere emake.

Amben pring lemek klasa mendong sing dadi turone nganti kemriyet mergo polahe bocah sing keweden karepe dewe.


Sawetara neng lor treteg, ana telung grup sing grudugkan ngubengi desa. Panggonan sing rodok wingit diparani.

Ana sing gawa senter uga lampu petromak.

Kawet bar Isyak anake Mariadi Brengos ora ketok mulih. Biasane mulih teka langgar langsung mulih bareng kanca kancane.

Wong tuane koncat kancit polahe anggone nggoleki. Nyang omahe Guru Teguh nganti Lek Badrun Blantik sapi, menawa wae bocahe nunut ndelok tipi kaya biasane. 

Nanging tetep ora ana. Ora ketemu.


"Bar mangan muni njaluk kon nukokne sarung, tak semayani mengko wae yen arep sunat. Meneng wae tak kira bocahe isa nampa, jebule atine gela." Semaure Surini nalika ditakoni karo bojone.

"Wes ngerti yen Topan kuwi bocahe cugetan, kok ndadak mbok semayani. Ngene iki terus piye jal? Nyang ndi leh nggoleki?" Suarane Mariadi Brengos karo thenger thenger ngetokne sepedah,arep budhal nyang omahe Mbah Kaji Jaelani.

"Tak nyang Mbah Jaelani dhisik, taktakon mbok menowo isa didungani ben Topan ndang mulih." 

"Aku tak njaluk tulung wong wong ben tabuhan yo Pak," Surini melu cawe cawe saking bingunge atine.


Sak renane barang pawon digawa, digawe tabuhan karo mubeng desa.

Tampah, timba, panci, sandang, dandang, tumbu nganti enthong kabeh dithuthuki karo nyeluki jenenge Topan.

"Paaaaan....Topaaaan, metua Leeee.."

Blug...othok..othok... othok..ublug

Suarane tabuhan teka ngendi ngendi asale.

Grup kidulan ngluruk pinggir kuburan.

Sing etanan ngubengi papringan pinggir tegalan sing kondang angker lan wingite.

Grup kulonan bagean grumbul cedhak punden sing ana wite ringin gedhe patang wong gandhengan.

"Paaaaan...Topan, emakmu adang ketan, yen ora metu arep tak pangan," suarane Wong Wong padha mbengok banter banteran.

"Ketaaaan...ketaaaan, sing gelem ketan ndang ngetoka gek metua angger dientekno," suarane Basirin paling banter.

"Kang, teka kulon karo kidul kok uga urung ana kabar," suarane Man Pongge karo milang miling ngobahne sentere.

"Jare Mbah Kaji ora nganti subuh wis dibalekne," semaure Jiman pethak karo nuthuki timbane.

"Yen durung ana hasile, piye yen dikropokne sate gagak wae?" Katimo codhot menehi dalan amprih cepete.

"Lehmu arep golek gagak nyang ndi to Moooo?" Ujug ujug ana suara digedhekne teka mburine. 

Saknalika Katimo njingkat saking kagete.

Jebul suarane Klowor sing nggudha kancane.

Kabeh ngguyu kepingkel antarane lucu karo ngesakne.

"Kowe ki ya aneh lho Mo, yahmene arep golek gagak nyang endi? Sing ana malah golek gagak entuk cagak," Makdhe Kardi kusir melu nyauri.


Wes meh pirang pirang ubengan anggone mbolak mbalik karo tabuhan.

Papringan, grumbul cedhak punden, pinggir kuburan nganti kali wates pucuk desa.

Kedadean kaya ngene iki ora mung sepisan iki. Tapi wes bolak balik ana wae bocah digondhol gendruwo. Ana sing ditemokne lungguh neng omah suwung tinggalane Lurah Dhongkol, ana sing dithenguk thengukne neng ndhuwurku bok, ana sing dilungguhne ngisor kembang pethetan, uga ana sing dipenekne neng ndhuwur pang wit witan.


"Paaaaan.... emakmu adang ketan" Basirin mbengok maneh karo nyenteri wit ringin.

"Lhaaa...kae ketok sikile bocah ongkang ongkang neng ndhuwur pang," celuluke Basirin mbengok banter nduduhi kancane.

Saknalika grub kulon sing sepuluh wong cacahe age age marani bocah sing ketok lungguh pang wit ringin karo gocekan tangane.

"Peneken Kang, dhukno bocahe," Makdhe Kardi kusir ngongkon Kang Prayit sing pancen tukang ngunduh klopo penggaweane.

Sakwise Isa didhukne langsung digendhong karo Klowor, bareng bareng diterne nyang omahe Wong tuwane.

Bocah umur sangang taun kui ketok plonga plongo ra weruh jawane.


Bener apa jarene Mbah Kaji Jaelani, ora nganti subuh bakale wis ditemokne.

Teka omah, Topan langsung didusi digrujuki sak ndas ndas'e. Ora lali digemboki karo Surini ben ilang senthek sengkalane.

Bareng krungu wis ketemu, kabeh grub nglumpuk nyang omahe Mariadi Brengos karo Surini, amarga kabeh pingin krungu critane.


Sakbare didusi, Topan diombeni omben omben sing wis didungani teka Mbah Kaji Jaelani.

Bocahe isih plonga plongo kaya cah bingung.

"Kowe maeng jane nyang endi wae ta Le? Pitakone emake.

"Aku mangkel merga ora mbok tukokne sarung, sarungkku wingi suwek kecanthol paku neng langgar. Pas aku mlaku arep nyang langgar, tekan lore gerdon aku pethuk Joko karo sugeng dijak budhal bareng. Aku maeng yo budhal. Malah neng kana ana slametan. Aku dikon mangan bathu karo Joko karo sugeng. Aku emoh merga sik wareg. Trus aku dikon nunggu neng njaba langgar yen ra gelem melu mangan," ceritane Topan gandhing gandhing runtut ngomongne apa sing dilakoni ngadhepne Magrib ndik wingi.

"Wes ndang dikeloni Yu, sesuk isuk gek ndang didusi banyu peceren mburi. Ben ilang sawan sentek sengkalane," tuturane Lek Soleh sakdurunge kabeh pamit mulih perlu adus terus budhal subuhan.


Menawi kersa maos seratan-seratan lintune mangga dipun tiliki dhateng FB Sita Aulliya Utawi klik dhateng 👇👇👇

https://sita-aulliya.blogspot.com/

Nuwun

Lisse

14/01/2022

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sukarni #5

Abot

Entah Berapa Purnama