Kalap
~Kalap~
#1
Ing sawijining desa ana kutha Kediri ngancik taun 80an.
Dalanan sakdawane mlebu desa isih makadam. Isih rupa watu sing ditata rata nganti tekan pucuk desa. Nanging sakpinggir kiwa tengene isih dilodhangi kurang luwih karotengah meter ambane.
Gethok tular beritane teka wong ndhuwuran, pancen disengkakne anggone nggarap. Ora nunggu suwe dalane kudu wis rampung, wis wujud dalan aspal sing alus.
Apa sebabe?
Amerga neng totogane ratan ana gunung cilik uga sendhang sing jarene isih wingit senajan wis kasuwur dadi panggon pelesiran.
Sing bakale arep ditata lan dibangun supaya luwih katon apik kanggo tambahan pengasilan wong sing manggon neng desane.
"Puuuuk....puuuuk'e,...pupuuuuuk'e renyaaah," Suarane pawongan saka wetan sajak bengak bengok nawarne dagangan.
"Krupuk Mo ," teka teras Budhe Suminem nyeluk bakul krupuk sing wis dadi langganane.
"Inggih Bu, pinten?" Pitakone Supatmo karo nyelehne pikulane.
"Kaya biasane Mo, iki pisan wadahe," jawabe Budhe Suminem karo ngelungne duwit seket repes klithikan.
"Damel lawuh tiyang ndaut napa pripun Budhe?" pitakone Supatmo karo ngisekne krupuk uyel sing sakpiring piring ambane nyang tas njero tas kresek.
"Ndengaren kok sik akeh Mo, apa budhalmu kesoren? Biasane tekan kene wis kari sakithik," pitakone Budhe Suminem karo nginguk bleg gedhe wadahe krupuk sing durung ana separo kelonge.
"Inggih Budhe," jawabe bocah lanang sing wis nem sasi pendhak sore ngiderne dagangane.
"Kok sajak kesel banget ta Mo? awakmu lara opo piye? Pitakone Budhe Suminem.
"Takgawekne teh ya, lerena dhisik," imbuhe Budhe Suminem maneh.
"Mboten Budhe, kula tak nerusne ider. Mangke ndak keterak Magrib malah mboten ketingal dalane," semaure Supatmo rodok lemes ora kaya biasane.
Pancen wis langganan, senajan telat ya panggah dienteni. Krupuk sing diiderne rasane bawang gurih rupane putih. Ambane rong epek epek tangan njupuk tekan pabrik'e cinan.
Sakjane Supatmo bocah boro kerja. Asline bocah teka Jombang. Teka menyang kutha kana bareng karo kancane cah telu sing kabeh isih bujang. Nyambut gawe padha, melu njupuk setoran krupuk nyang pabrik'e Cina. Terus diiderne mubeng nyang seje desa.
Budhal jam loro awan, ngadhepne Magrib biasane wes entek. Terus balik mulih nyang pondokan. Sesuke setor duwik payune bakulan karo njupuk dagangan.
"Kok isane kowe rabi karo wong liya to Tik, kok tegane kowe ngapusi aku," batine Supatmo nlongso kelingan bocah wedok sing disenengi jebul arep rabi karo anake blantik sapi.
"Senajan dudu wong sugih, nanging aku setia lan tenanan karo kowe Tik, kok ora kanten nunggu aku oleh gawean sing memper," atine Supatmo terus ngaku alah kaya kaya ora trima.
"Tak rewangi kaya ngene, jebule ora kaya sing tak karepne," nggeges nlangsa rasane saya gela.
"Huuuuft..." Supatmo ngunjal ambegan dawa.
Dasare bocah meneng, ana apa apa mung diempet dhewe ora gelem crita karo kancane.
Karo mlaku mikul dagange, wis ora bengak bengok "paaak puuuuk" maneh cangkeme.
Sing ana pikiran mung Sudartik, bocah wedok tunggal desa neng kuthane sing meh setaun iki cedhak lan padha nduweni tresna karo deweke.
"Kok tega kowe ninggal aku dhik, tak rewangi adoh paran golek gawean, jebule aku mbokapusi lawaran," nggrantes atine Supatmo kebulet lelaran.
"Aja suwe suwe lehmu lunga Kang, aku ora bisa adoh teka sampean," alemane Sudartik karo ngamplok lengene bocah lanang sing rupane sedhengan senajan uripe sarwo kecingkrangan.
"Aku dijak Beno karo Supri lunga nyang Kediri, jarene neng kana akeh gawean," semaure Supatmo lirih sajak abot budhal.
"Yen aku ora lunga, kepiye nggonku tuku bayak sandal jarik lan kudhung gawe lamaran? Apa ya pantes yen aku teka mung bandha awak?" Tambahe karo ngelus pipine Sudartik.
"Ahhhhhh...tega kowe dhik," karo unjal ambegan dawa sing sajake pancen abot tenan.
Sakakehe cerita sing wis kepungkur kaya kaya ngilang njebul nutupi atine kang nandang kuciwa.
"Kang, wis aja teka sambang rene maneh, malem jemuwah keluwargane Kang Saipul arep nontoni nyang omah." Suarane Sudartik kaya kaya gludhug wayah bedhug.
"Karepmu kepiye Tik? Kowe arep dilamar Saipul? Kowe lali karo janjine awake dewe Tik?"Pitakonan Kang Ora nemoni jawaban saka lambene bocah wedok kui.
Amarga simbok'e teka njero senthong sing nyauri.
"Bocah wis wayahe yen pethuk jodhone ya tak wenehne ta Le, nyangapa kok kesuwen nunggu kowe sing ora genah uripe."
Dheeeeg.....oncat atine Supatmo Kaya kegandhen palune landha.
"Aku kudu ikhlas...ya,...kudu lila, pancene aku kalah banda." Suara batine Supatmo karo ngelapi iluhe sing ora krasa netes dleweran.
Ora krasa anggone nglamun karo lungguh neng ndhuwur bok tapel wates desa wis rodok suwe nganti tekane kenthong Magrib.
Ati kang judheg ndadekne kupinge kaya kaya melu budheg.
Nganti ora nyawang kahanane dalan sing mulai peteng.
Ora mikir yen isih kudu mlaku sing dawane telungkiloan yen arep nyang ratan gedhe.
"Lee.....krupukmu isih apa wis entek?"
"Leeee....ditukoni kok meneng wae, budheg apa piye?"
Suarane wong wedok sing ujug ujug nyedhaki Supatmo karo mbengok mbanterne suarane.
"Ohhh...tasih...tasih kathah Mak, ngapunten kula mboten mireng," karo gragapan Supatmo age age ngadeg mbukak bleg gedhe wadah krupuke.
"Sajak sedih ana apa ta Le, yen perkara krupuke isih akeh, ora usah dipikirne. Kabeh tak tukune. Ndelalah aku uga pas banget mburuhne gawe ingon wong jagongan." Suarane wong wedok sing wis setengah umur iku karo mesem lan ndemek alus pundhake Supatmo.
"Waah ...keleresan Mak, ngga kula terne teng griyane pindah, kersane penak leh ngadahi kaliyan ngitunge." Supatmo nutup blege banjur nyandak pikulane ngetutne mlakune wong wedok iku teka mburine.🙏🙏🙏
Ana candhake
Amstelveen
20/01/2022
ditengga lajenge
BalasHapusDipun tenggo rumiyin nggih
BalasHapusnggih mbak, setia menanti pokoke hehehe
HapusKula tengga salajengipun mbak
BalasHapus