Putri kenthug
~Putri Kenthug~
"Yahmene kok wis thenguk thenguk kaya randhane bupati," suarane Mbah Ruminah ngaruh aruhi Semi sing lagi lungguhan neng bok ngarep omahe.
"ngrantos bakul tempe Mbah, biasane jam wolu pun liwat, kawet maeng tak enteni kok dereng ketingal," semaure Semi nggenahne karepe.
"Timbang njeginggleng nyawang ratan, mbok mlayu nyang warunge Sempok kana to Mi," suarane si Mbah karo ngelungne ungkusan.
"Napa niki Mbah," pitakone Semi.
"Maeng mampir nyang Trimah golek sarapan, mbuntel tempe karo lentho. Wenehno anakmu ben digawe lawuh," semaure Mbah Ruminah karo bablas nginthik ora lali nutup krenjange njalin sing biasa dicangking pendhak isuk karo deweke.
"Mpun Mbah...mboten usah, wong kula arep nggawe bothok. Mangkane nyegat bakul tempe," suarane Semi isih nggenahne.
"Yen arep mbothok kana goleko godhong nyang mburitan omahku," senajan wes nginthik ngalor Mbah Ruminah isih njawab omongane Semi.
"Woooo...pancen ya wong kenthug, dijak omong yo ora ngawaki yo ora sambung." Gembremenge Semi merga Mbah Ruminah ora gelem nampa balik ungkusane
Nyapo kok diarani putri kenthug?
Sakjane wong wong desane ya kebacut.
Kenthug padha karo edan. Nyatane Mbah Ruminah ora tau ngrusak utawa nyolong jupuk barange wong liya.
Yen polahe sakbendina uripe, uga pacakane seje karo lumprahe wong, pancen iya.
Nanging ora tau gawe perkara karo tangga.
Pawakane lencir kuning, lakonane alus klemar klemer, rambute wis putih memplak. Sandhangane bendina gawe jarik lan bayak. Pepak slendang sak gelungane sing disempiti kembang mawar neng sisihe. Karo payungan. Ora lali nyangking krenjang njalin sing ditutupi taplak batik neng ndhuwure.
Mlaku metu teka omahe, terus mubeng desa mampir nyang warunge sapa wae sing dikarepne.
Ora tau njaluk, mesti mbayar utuh. Malah sok sok ora gelem disusuki yen dagangane warung sing diampiri disawang isih ketok akeh.
Ngadhepne jam sepuluhan mbalik mulih nyang omahe, trus nyirami pethetane uga nyaponi latare. Isih nganggo sandhangan pepake nanging krenjange njalin wis diselehne.
Ngobong larahan godhong garing, ngliwet uga nggarang gerih pethek sak nyambele. Kanggo lalape biasane mrunggesi kemangi sing thukul subur neng kebonane.
Omah gebyok senajan ora patek gedhe nanging ketok resik sumilak. Tanduran gedhang, kates uga klopo nambahi seger neng mata. Uga pager luntas sing subur ngrembuyung ngubengi omahe kerep dijaluki tanggane.
Lan Mbah Ruminah ora tau cethil marang sapa wae.
"Kae lho putrine yahmene wis budhal mubeng," suarane Ginem njeginggut tapen beras karo milihi las.
"Mbah Ruminah ora tau nesu yen ora digodha bocah bocah, wingenane anake Jan Petruk sakbalane diamuk karo wonge," semaure Lasirin sambi mbenakne garan pacule.
"Pancen cah cilik cilik padha kurang gawean, ketok Mbah Ruminah lewat, lha kok padha muni throthog.... throthog... throthoh...thug... thug.. thug, kaya nabuhi kethoprak." Imbuhe Lasirin maneh.
"Isih isuk kok ya wes jarikan mlipit kalung sampur kaya ledhek tayub wae," Ginem isih gembremeng dewe nyawang tanggane sing pendhak isuk budhal mlaku metu ngarep omahe. Senajan ta Mbah Ruminah ora tau nggepok senggol deweke.
Malah Ginem dhewe sing gawene golek jalukan nyang omahe Mbah Ruminah.
Embuh godhong gedhang arep digawe takir pas slametan, utawa kates uga godhong tela kasepe digawe kelan.
Malah kadhingkala karo Mbah Ruminah isih diwenehi klopo barang.
Embuh sapa biyen sing ngawiti, nanging
wong sakdesa kaya kaya wes apal yen Mbah Ruminah bakal nesu yen ana sing muni throthak throthok pas deweke liwat.
Kanggone deweke suara kui padha karo ngelokne yen deweke dianggep wong kenthug/ edan. Sejatine anggepane wong desa seje. Yen didelok teka ceritane, Mbah Ruminah karo jenate bojone asli wong teka desa kana. Senajan ora nduweni anak turun, pendhak sasi Mbah Ruminah oleh kiriman wesel teka sedulure sing ana Bantul.
Biasane layange ditibakne neng kelurahan. Teka kelurahan diterne Kamituwa nyang omahe Mbah Ruminah.
Anggone njupuk duit nyang kantor pos numpak dhokare Makdhe Kardi, mulihe mampir pasar tuku beras, gerih pethek. Uga jajan pasar pirang pirang ungkus sing didumne tangga tanggane.
Pendhak kamis sore lunga nyang kuburane bojone karo nggawa kembang mawar apa melati sing diputhil teka tandurane dhewe.
Yen wayah menyang kuburan, krenjange njalin ora dicangking. Nanging nggawa jebor/siwur sing wis di iseni kembang sak banyune.
Menawa nyawang sandhangan lan pacakan uga aluse laku lan omongan sing meh padha karo tandak kethoprak, wong desa menehi jeneng padanan Mbah Ruminah dadi Putri kenthug.
Wes meh jam sepuluh isuk. Sewengi udane puh pinuh ceblok kaya disok. Ramene suarane kodok menakne wong turu.
"Yu, wis yahmene mbah Putri kok durung ketok liwat yo? Pitakone Lek Karti neng warunge Sempok.
"Lha iya, maeng Semi ya tas rasan rasan. Jarene, ndengaren kok putrine durung liwat." Semaure Sempok.
"Ngko gek ana apa apa ta Yu? Suarane Lek Karti sajak nduweni kesamaran.
"Biasane yahmene wis klentreng klentreng teka kidul karo payungan," semaure Sempok.
"Njajal ayo diinguk Yu," karo cincing jarik Lek Karti nyelehne blanjanane neng ndhuwur meja dhasaran dagangane Sempok.
"Ngenteni dhisik Lek, aku tak melok,"Sempok age age nututi neng mburine.
Wong wedok loro bareng mlaku ngengkak mlebu nyang kebonane Mbah Ruminah.
"Mbaaaah.... Mbahhhh Rum,...Mbah, tasih tilem napa mpun tangi," suarane Sempok karo Lek Karti mbengoki karo ndhodhoki lawange.
"Njajal teka lawang mburi Lek," Sempok ngongkon Lek Karti nginguk lawang mburi.
"Mbaaaah....Mbah Ruminah,"suarane Sempok isih bengak bengok.
"Lawange ngarep mburi kuncen teka njero Yu," Lek Karti celuluk tekan mburi.
Krungu suarane wong wedok loro sing bengak bengok nyeluki Mbah Ruminah, tangga liyane pada teka. Pingin ngertakne kahanane Mbah Ruminah sing dina iku ora mubeng desa karo sripat sripit jarikan lan payungan.
"Lawange dibandrek apa piye Yu, ben isa ndelok mlebu?" Celuluke Ginem sing omahe kelet pager.
"Nggolek wong lanang Nem, yen perkara mbukak lawang," semaure Sempok setengah cekikikan.
"Duk lawang iki Yu Pok," semaure Ginem karo nduding ngisor wetenge.
"Yen lawang kui bageane Lasirin," Lek Karti teka mburi nambahi jawaban sing ndadekne wong wedok telu kui ngguyu kekelen bareng.
"Njajal incengen teka cendela Mah," Lek Karti ngongkon Sriamah sing lagek teka merga krungu wong umek neng latare Mbah Ruminah.
"Jane padha arep nyapa to iki? Kok ngguyu jegagakan mbribeni wong turu," suarane Mbah Ruminah teka njero karo mbukak lawange omah.
Wong Wong sing nglumpuk neng latar padha kaget semu seneng nyawang Mbah Ruminah metu teka omah.
"Kula kinten napa sakit, kok sampek siyang dereng ketingal liwat," suarane Sempo makili liyane.
"Lha apa aku iki bojomu kok mbok enteni? Arep liwat kapan wae ya sak karepku ta, apa sing tak liwati kui ratanmu? Karodene kowe kabeh iki arep ngapa neng kene? Wis kana ndang mulih." Suarane Mbah Ruminah Kaya biasane, alus tapi njangget.
Banjur ngunci lawang omahe, ngekrokne payunge terus bablas nginthik mlaku Kaya biasane tanpa mamiti tanggane.
"Woooo...pancen ya Putri kenthug" suarane wong wong bisik bisik karo kekelen dhewe dhewe.
Nuwun.
Lisse
16/01/2022
Mangga klik https://sita-aulliya.blogspot.com/
Menawi kersa maos seratan-seratan lintune
Ugi dhateng FB Sita Aulliya
Komentar
Posting Komentar