Randha Bingung
~Randha Bingung~
Dagangan sing diiderne isih durung entek, nanging mangsa rendheng sajake ndadekne dina luwih cepet peteng. Senajan isih jam papat sore, nanging langite peteng kaya kaya wis arep ceblok maneh udane.
Ndadekne kahanan desa cilik ing ereng erenge gunung Kelud iku katon mampring.
Uripe warga neng desa sing adoh saka kutha kuwi guyup uga padha kenal antara siji lan sijine. Yen ana kerepotan apa wae, tanpa diaba kabeh padha teka urun tenaga apa wae sakisane.
Kayadene nalika kedadeyan limang sasi kepungkur. Giman bojone Sumini ditemokne kancane sing padha dadi blandhong lan tukang gawe gedheg semaput neng ngisor barongan merga dicokot ula.
Embuh ula apa sing nyokot, nyatane ora nganti telung ndina Giman dikabarne mati.
Ninggal bojo lan anak bayi sing isih rong taunan umure.
Akeh sing padha welas yen nyawang Sumini lan anake. Ditinggal mati bojone tanpa ana banda sing mbejaji kejaba omah sakencepan neng ndhuwur lemah bageyane teka wong tuwane Sumini.
Karangan sing ambane sepuluh ru kuwi dipecah dadi papat. Didekne omah neng ndhuwure. Jejeran karo kakang lan mbakyune.
Senajan uripe pas pasan, nanging rukun lan padha tulung gemanti yen ana kerepotan.
Nanging beda karo Sumini, senajan mendhunge peteng. Anggone ider panganan mateng isih sregep lan patheng. Ora tau sambatan lan ora tau ngaluwalah. Latar latar lan gawangan ajeg dienggoki dibengoki.
"Gethuk, blendhung, gedhang goreng, mendoannnnnne." Kaya mengkana kui suarane yen ider nawakne dagangane.
Sengaja mlakune rodok disengkakne, amarga wis nganti tekan tapel wates desa nyatane pancen rejekine ya mung semana akehe.
Jarik rodhok dicincingne, cethat cethet suara sandhal jepite.
Rinjing isi dagangan sing digendhong ana pundhake nganti melu obah ngetutne obahe awake.
"Kok ngijlik wae ta Nduk? Apa wis entek daganganmu?" Suarane Lik Sayem sing arep ngeterne godhokan sukun nyang omahe mantune.
"Dhereng Lik, selak jawah, tasih badhe muruki thole teng nggene Simbok," jawabe Sumini karo ngendhekne mlakune.
"Lha timbang ora dadi dhuwit, kana gawanen nyang omah Nduk, ben didhuwiti kara Pakdhemu, aku taknyang putuku sedhilut," Lik Sayem nduweni melas karo bocah wedok sing nembe wae ditinggal mati bojone.
"Inggih Lek, sedhanten?" Pitakone Sumini.
"Iya..wis turah pira wae, selehen omah kabeh, gek itungen dhuwite," semaure Lik Sayem sing pancen wong kecukupan sembarangane.
Bojone juragan Batik neng pasar Gedhe. Anak anake wis mentas kabeh. Sing ragil manggon neng kidule ratan. Dhep dhepan karo tokone dheweke.
Lik Sayem uga ngedhep toko pracangan sing lumayan gedhe neng latar ngarep omahe. Sing kerep digawe jujugan wong desane yen butuh apa wae. Mulai ban sepedah nganti sumbu kompor kabeh ana.
Sakjane atine Sumini ora pati jenak yen kudu mlebu omah gedhong kuwi.
Ora merga gebyok jati soko gedhe dhuwur utuh, mester gilap sing kaya isa digawe ngilo.
Nanging tumindake Pakdhe Setu sing kaya kaya ora nyocogi atine.
"Sum, adhem adhem apa ora butuh kemul," suarane wong lanang sing luwih pantes dadi bapake, nalika nukoni dagangane.
"Mboten Pakdhe," jawabe Sumini nalika kuwi.
"Bakul kaya ngene gek pira bathine ta Sim," wong tuwa iku isih ngeyel.
"Pinten pinten pokok cekap dhamel tumbas jenange thole Pakdhe," jawabe Sumini sing mulai nlangsa uga nggondhok atine.
Amarga wis ngerti apa sing dikarepne wong lanang kuwi. Nanging isih bisa diempet lan isih dibasani mlipit senajan omongane ora pantes lan ora sopan.
Huuuuft...... Sumini sajak ngunjal ambegan.
"Kok ora ndang mlebu, malah thenger thenger neng gawangan to Nduk," teka kadohan Lik Sayem celuluk merga nyawang Sumini isih ngadeg kaya lanjaran kencur neng ngarepan omahe.
"Mpun kula bengoki, kadose Pakdhe mboten mireng Lik. Menawi nembe siram," semaure Sumini golek alasan.
"Wis, kene diitung karo aku wae Nduk," Lik Sayem mbukakne lawang pagere.
Sakwise dhuwitan turahane dagangane, Sumini kanti bungah nginthig mlaku nyang omahe morotuwane, sakperlu marani anake.
"Mbok nginep kene wae to Nduk, arep udan pisan. Ngesakne thole yen kudanan," suarane Mbok Jilah sajak sumelang karo mantu lan putune.
"Mboten Mbok, kula tak wangsul mawon. Tasik gadhah tanggungan badhe nggosok sandhangane Bu Carik."
Jawabane Sumini sing pancen nyambi sembarang gawean kanggo nyukupne butuhe.
"Woalaaah Nduk, upama wae aku iki kebandhan, ora bakal kowe sakputuku melu kangelan," Mbok Jilah rembeng rembeng nguculi sempitan gendhongane, banjur alon alon ngelungne putune sing angkler turune.
"Mpun to Mbok, kula iklas lan trima nglampahi sadaya, sing penting diparingi waras," semaure Sumini karo nampani anake.
"Ati ati ya Nduk," Mbok Jilah isih ora tega.
"Nggih Mbok, kula pamit rumiyin," jawabe Sumini karo nggendhong anake lan isih nggendhong rinjing ana gegere.
Ora krasa netes iluhe wong wedok sing uga randha kuwi, nggrantes atine nyawang mungkure putu lan mantune.
"Woalaaah Nduk, muga muga Gusti paring kuat lan rejeki kanggo awakmu lan thole." Gremengre Mbok Jilah karo ngelapi iluhe nganggo pucuk jarike.
"Arep udan Sum, ayo takbarengi," taware Guru Slamet karo ngirihne montore.
"Mboten Pak Guru, matur nuwun. Kula takmlampah mawon. Mpun celak," semaure Sumini karo rodok minggir.
"Ayooo, ora apa apa. Ngesakne anake yen kudanan." Guru Slamet isih alasan.
"Mboten Pak Guru, kula tasih badhe mampir dhateng Bu Carik mendhet setlikanan," Sumini sengaja golek alasan.
"Ya wis yen ora gelem takbarengi, nanging yen butuh apa apa aja isin omong karo aku ya. Mengko takrewangi."Guru Slamet sing kondang tukang medok lan seneng ngluruk dadhu othok kuwi isih kober titip omongan.
"Matur nuwun Pak Guru," semaure Sumini karo ndingklukne sirahe.
Piye piye Guru Slamet tetep wong sing kudu diajeni batine Sumini.
Omah setengah tembok sing disambung gedheg saka kadohan wis ketok genthenge.
Atine lega merga nganti tekan omah durung ceblok udane. Dagangane entek, banjur isuke dhuwite disetorne mbakyune ipe. Sejinah jajanan Sumini oleh bathi seket repes. Jajanan sing wis diungkusi kuwi sakungkus diregani rongpuluh repes. Karo Sumini didol selawe.
Njupuk teka mbakyu ipene dhewe.
Penggawean iki dilakoni sakjeke ditinggal Giman. Yen awan bar adang njupuk setlikan neng nggone Bu Lurah uga Bu Carik.Opahe bisa digawe tuku beras lan mbayar listrik sing isih ngganthol teka tanggane.
"Anakku gantheng, turu sing penak ya Le, emake tak tandang gawe" suarane karo alon alon nyelehne anake sakwise ngedhukne rinjinge.
Dhuwit olehe bakulan sing diwadhahi kanthongan lan disempitne neng njero kutange diitung sakperlu arep disetorne.
Dhurung nganti rampung leh ngitung dhuwit, krungu lawang omahe ana sing ndhodog.
"Sum....Sumini,....Suuum," suarane wong lanang sing ora pati banter, nanging cetha nyeluk jenenge.
Age age Sumini metu teka kamare, banjur mbukakne lawange.
"Lhooo...wonten napa?" Suarane sajak kaget karo mundhur keweden.
Ana candhake
Lisse
30/01/2022
ditengga candhakipun, ugi seratan sanese
BalasHapus