Omah cacing


 ~Omah Cacing~


Sakpungkure Prambudi budhal nyambut gawe, kaya biyasane Artika ana omah dhewe.

Bocah-bocah wis wiwit jam setengah pitu metu saka omah, merga kudu sekolah.

Anake sing mbarep wis kelas telu SMA, lan adhine isih kelas siji SMA.

Bocah lanang loro kuwi, kerep dikira kembar.

Dedege apik, gedhe dhuwur gagah kaya bapake.


Uga wis dadi pakulinane. Pendhak isuk Artika adang banjur nyepakake saksembarangane, sing digawe sarapan anak bojone. Senajan ana yu Supat sing wis meh telulas taun melu keluwargane, nanging urusan pawon dicandhak Artika dhewe.

Rewange amung dikongkon resik-resik, lan umbah-umbah saksetrikane.

Lan yu Supat sing asale sakdesa karo suwargi ibune, kaya-kaya wis dianggap sedulur dewe karo Prambudi lan Artika.


Yen kabeh wis budhal, omah dadi sepi. Mung suwarane Giman sing umek ngresiki taman ngarep lan mburi. Uga makani iwak Koi open- openane Prambud.

Karo yu Supat sing resik-resik apa wae.

Sawetara Artika ana njero kamar kerjane ngedhep 'Laptop' njeginggut mulai isuk nganti sore. Kadingkala dheweke uga lunga menyang kampus panggonane mulang mahasiswa.


Omah gedhe, model anyar bangunane. Komplit karo latar jembar lan kendharaan rodha papat jejer loro.

Sakliyane montor "Harley Davidson" sing ketok gagah gilap duwekane Prambudi sing dielus-elus bendina pinangka 'Hobby'.

Uga ana sepedhah-sepedhah gunung sing larang regane, sing biyasa digawe olah raga bareng sakeluwaegane.

Ditambah Wong loro padha-padha dhuwe bayar dhewe-dhewe.

Pingin mangan lan nyandhang apa wae mesthi bisa keturutan.

Kurang mulya piye maneh jal?


Nanging bener yen ana unen-unen.

Wong urip kuwi sawang sinawang. Sing katone mubra-mubru durung mesthi yen uripe ora nate tukar padu.

Sing katone sarwo kecingkrangan, dhurung mesthi yen atine adoh saka bungah lan kesenengan.

Kok bisa?

"Aku bener-bener njaluk jembare atimu Tika, aku ora bisa selak. Yen ora takrabi, bakal dadi wirang sing bisa mungkasi uripku ing njero penjara," suarane Prambudi wengi kuwi.

"Mas, kurang apa aku saksuwene dadi bojomu? Apa aku nate tumindak sedheng karo mahasiswaku? Upama aku gelem, ora kecap pindho bocah-bocah kuwi mesthi gelem yen trima takgawe kanca sepi." Teges suwarane Artika ngundhat-undhat lelakon bebrayane.

"Aku keblinger, Tika," semaure Prambudi.

"Aku kudu nemoni keluwargane Renata, aku uga sing bakal nggenahne lan ngrembug kepiye supaya padha penake." 

"Nanging, sampeyan dhewe sing kudu nggenahne nyang bocah-bocah lan keluwarga kabeh. Aku ora bakal melu cawe-cawe."

Mantep suwarane Artika menehi sarat nyang bojone.

"Kerepmu piye?" Kaget Prambudi nyawang Artika sing ketok kuat lan ora kaya sing dipikirne sakdurunge.

Lumprahe wong wedok, yen krungu sing lanang ngetengi kanca kerjane, mesthi bakal ngamuk mbledhos jerit-jerit sakbantere.

Nanging Artika seje.

"Ngene Mas, sampeyan wis jujur karo aku. Iku luwih apik tinimbang ngempet banjur ndhelik-ndhelik gandhengan karo selingkuhanmu. Utawa menang-meneng jebule wayuh ing mburiku." Teges lan cetha Artika mbeber cerita.

"Dadi, upama bebrayan iki bisa diterusne, menawa mung abang-abang lambe. Sebab atiku wis tatu kelaran lan ora bisa nampa sampeyan. Luwih becik terusne anggonmu seneng karo Renata. Ngesakne yen anakmu lair nganti ora ana sing ngakoni. Sepira gedhene tresnaku nanging yen taklilakne nampa madu, rasane kok kaya ora ana ajine awakku." Senajan abot lan kangelan anggone nata omongan lan ambegan, nyatane wengi kuwi kekarone isih bisa ngrampungake perkara gedhe tanpa geger lan rame.

Tangis lan simpuhe Prambudi nyang sikile Artika, ora ndadekne ringkihe tekat.

Pegat!!!


Telung sasi Artika dadi randha. 

Prambudi sing kudu metu saka omah.

Bocah loro manggon kono karo dheweke. Senajan sedih lan kuciwa karo bapake, nanging Artika ora tau marai anak-anake supaya gething lan kudu tetep ngajeni. Senajan sepira gedhene salahe. Kekarone dhuwe bayar, bebasan pingin apa wae mesthi bisa keturutan. Dadi bab pangan lan panguripan sejatine ora ndadekne kangelan.

Godhane wong lanang yen wis nduweni keluwihan bandha, lan gawean sing penak mulya, banjur gampang keblinger wanita.

Nganti omah-omah sing ditata wiwit biyen, remuk ajur dadi umput.

Njleput!!!


Lan wulan pasa taun iki, sengaja Artika mulih menyang Klaten. Arep nentremake pikir uga saperlu sambang wong tuwane. 

Omah gebyog isih ngadek jejeg isih kaya biyene.

Latar jembar karo tanduran kenikir sing dadi pagere isih katon ijo seger sakwise kesiram udan sewengi.

Senajan wit sukun sing biyen ngiyupi ana ngarepan wis dikethok, nanging abang kuninge mawar sing ditandhur karo ibune wis mulai mekrok. Ndadekne jembare latar saya elok.

Saka teras panggonane lungguhan, lamat-lamat angene mbalik menyang jaman nalika isih perawan.

"Ayo ndang tangi Ndhuk, gek age disaponi latare. Ben ora jeru jodhone." Kaya mengkono kuwi pendhak mapag subuh sing ajeg dikandhakne ibune.

"Kok saged ngaten Bu, lha ingkang mboten gadhah latar pripun?" Pitakone Artika nalika semana.

Teras sing ketok adhem merga pethetan tandurane ibune, saya mbetahne sapa wae sing lungguh ana kana.

Semrebet ganda wangi melati, campur mawar lan seruni.

Huuuft,....Artika ngunjal ambegan nalika mripate ora nyeja nyawang undhug-undhugan lemah omah cacing.

Angene sing dhurung leren ngangen-angen jaman prawane, kaya-kaya didhepne cetha ana ngarepe.

"Muga-muga bocah wedok iki gek enggal ana sing ngrabi, supaya pendhak isuk omahku ora ana sing nyaponi. Kaya mengkono suwarane cacing-cacing yen omahe mbok saponi." Kandhane ibune wektu kuwi.

"Aaah...apa iya?" Pitakone Artika ana ing jero ati.

Nanging yen nyawang kahanan omah-omahe saiki, menawa wae cacing-cacing nalika semana uga ana sing nyedakne dheweke.

"Muga-muga omah-omahe bocah wedok iki mbesuk uga bubrah, amarga pendhak isuk nyaponi omahku." Mesem kecut Artika ngrumangsani gemblunge pikirane.

"Isuk-isuk ora apik yen digawe nglamun, Ndhuk," ujug-ujug suwarane ibune saka njero omah ngagetne lamunane.

"Ahhh...mboten Buk, kula nembe mbatin omah cacing ingkang ketingal mundhug-mundhug wonten ngandhape kenikir," jawabe karo nutup buku 'LaTanza' sing diwaca durung nganti separo saka isine.

"Ohhh....omah cacing," semaure ibune isih lembut alus kaya biyasane.

Nuwun.


Lisse

12/04/2022

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sukarni #5

Abot

Entah Berapa Purnama