Ngenteni Bedhug 2
Ngenteni Bedhug 2
Kediri 1985
Mulih saka melu traweh pisanan, rasane atiku kaya ana sing beda. Suara tadarus saka langgare Mbah Yai Nasir krungu kepenak ana ing kuping.
Kaya-kaya ngancani aku lan adhiku sing wiwit maeng glibag-glibeg ora bisa turu.
Rasa bungah, nanging ora ngerti apa sing njalari.
Sawetara emakku ana senthong sisih wetan, ngeloni adhikku sing ragil lan sapihan.
Sawetara bapakku durung mulih saka megawe.
Bapakku biyasane jam sepuluh bengi lagek teka omah. Nyambut gawe ana pabrik rokok GG bagian mesin, saben dina mlebune ora ajeg. Yen mlebu isuk, budhal jam sanga mulihe jam papat sore. Yen mlebu sore, budhale jam telu mulihe jam sepuluh bengi.
"Mbak, sesuk kowe pasa Magrib apa bedhug?" Pitakone adhiku.
"Yen kuwat ya Magrib yen ora kuwat ya mbedhug," semaurku karo nata BP. Dolanan klambi-klambiyan saka kertas, olehku tuku saka warunge mak Las.
"Gek ndang padha bubuk, wis bengi. Sesuk isuk wayah saur ben ora ngantuk." Saka njaba senthong emakku wis ngaba supaya aku lan adhiku enggal turu.
"Inggih Maaaak," semaurku bareng karo Menik. Banjur nyandhak kemule dhewe-dhewe.
"Bapak-bapak ... ibu-ibu ... sakmenika sampun jam tiga langkung gangsal. Kula aturi mangga enggal-enggal saur ... sauuuuuur ... sauuuuuuur."
Saka toa langgar krungu suwarane wong gugah saur. Disusul suwara saka masjid lan ditambahi abane wong mubeng gugah saur. Suwarane klothekan kenthongan nyeluki wong-wong supaya tangi.
"Pak Imam ... saur ... saur," saka ratan krungu suwarane wong rondha nyeluki jenenge bapakku.
"Nggih Mas, niki sampun tangi ... nembe ngenget jangan," semaure bapakku setengah mbengok.
Saka njero senthong, irungku tangi luwih dhisik tinimbang mripatku.
Sebab mambu pindhang lan ceplokan endhog saka pawone emakku.
Sidane saur pisanan, bareng wong tuwa lan adhikku krasa seneng senajan mung lawuh jangan lodheh bung iwake pindhang lan ndhog ceplok.
Nganti tiba wayahe, krungu suwara sesautan.
"Imsyaaaaaaak ... imsyaaaaaaak ... imsyaaaaaa."
Sakwise saur, akeh wong-wong sing padha metu saka omahe. Mlaku-mlaku karo ngenteni Subuh. Ora beda aku lan adhiku, eker golek sandhal banjur budhal metu.
Ana ngarep gang, bala-balaku wis ketok nglumpuk ngenteni aku.
Sugeng, Etik, Joko, Kemat, lan Emun wis nunggu tekaku.
"Nyang lapangan wae ya," abane Sugeng karo nalekne sarung ing bangkekane.
"Waaah ... mesti rame mercon iki ngko," semaurku karo nggandheng adhiku.
Dalanan lan ratane katon isih peteng.
Sing dhampyak-dhampyak padha mlaku mung bisa taksawang remeng-remeng.
Nanging ati krasa seneng, hawane pasa Ramadhan katon regeng.
Senajan suwarane mercon gawe kupingku cumpleng.
"Wis Luhur Nik, gek ndang maem," ature emak marang adhiku.
"Mengko yen bar buka, aku pasa maneh ya Mak," kandhane Menik karo telap-telep ngentekne segane. Banjur cleguk-cleguk banyu sakgelas langsung tandhas.
"Apa kuwat tenan, kok arep pasa Magrib?"
"Yen ora kuwat, mbedhug wae kaya Menik." Pitakone emak marang aku.
"Aku kuwat Mak, wis kelas telu kudu pasa Magrib." Semaurku senajan asline ususku wis kerasa perih, lan telakku uga kerasa garing.
"Yen ngono saiki bubuk wae, aja turut njaba." Imbuhe emakku karo ngringkesi ajange Menik.
Anggonku ingak-inguk ndeloki jam mbuh wis ambal ping pira. Senajan bisa turu sedhilut, nyatane yen weteng perih turuku ora bisa kateg.
"Isih jam setengah telu Nik, sik kurang telung jam maneh." Kandhaku marang adhiku.
Menik sajak ora keguh karo suwaraku. Dheweke isih ewuh karo dolanane. Tas kresek sing lemes, disogok nganggo driji, banjur dikecit. Yen wis mlenthus sakneker banjur diplithes.
"Thug...thug ... thug" suwarane karo lungguh njeginggut.
Sarehne Menik isih njeginggut ngeciti tas kresek, aku ndlosor mureb ana ngisor bipet. Jogane krasa enak adhem.
Karo mureb aku ngrasakne wetengku kaya diremet-remet.
"Jegluk,... jegluk ... jegluk," obahe lambungku
kala-kala muni kemrucuk, nanging niyatku wis manteb pingin melu pasa Magrib.
"Jajane Bu Imam,... jajane Bu." Suwarane mak Kasur kaya biyasane, nawakne dagangane. Es lilin saktremos, uga pecel maneka jajanan lan gorengan. Ana njero rombong surungane isih ana irisan semangka, nanas lan buah liyane.
"Nggih Mak, mang kendel," semaure emakku saka njero pawon.
"Beta napa mawon Mak?" Pitakone Emakku.
"Kados biyasane Bu," semaure Mak Kasur.
Sarehne pasa, aku njupuki jajan rada akeh.
Onde-onde, bikang, tahu isi, naga sari lan kolak.
Bapakku sing lagek teka saka pabrik mung ngguyu nyawang polahku.
"Leh ngendhungne jajan oleh sakumbruk," ature emakku marang bapak.
Kaya biyasane, bapakku mung mesem.
"Isih kuwat nerusne pasa ta Ndhuk? Anake bapak mesti kuwat, karo latihan ya Ndhuk." Ature bapakku, sing dilapori karo emak yen aku pasa lan wiwit isuk wis ndelikne jajan nalika melu belanja.
Srengenge wis saya ngulon parane, candikala semburat abang semu kuning gawe hawane katon seje.
Saka etan tanggaku padha nyangking kresek isi es batu.
Tuku saka gone pak Gondin, sing wiwit biyen bakul es batu ana ngarep omahe.
Jedhingan kusus digawe nyimpen lonjoran es batu, banjur ditutup brambut ana ndhuwure.
Antriane katon nglumpuk rame. Sujune bapakku wis mampir pisan nalika mulih kerja.
Kaya adhate saben pasa, wiwit biyen bakulane pancen laris.
Amerga kabeh pingin ngombe seger-segeran.
Sawetara ing ndhuwur meja sinauku ana sakrenane jajanan anggonku nglumpukne wiwit awan.
Ora beda karo Menik, dheweke uga melu ngendhungne panganan.
Sakwise adus, aku saya ora kanten ngenteni bedhug saka masjite kaji Kolil.
Panganan ana mejaku kaya-kaya gawe kemecere iduku.
Uga gandane masakane emakku.
Masakane emak ana rena-rena. Ana sup, bedel kentang, sambel terasi lan iwak tongkol.
Uga ana gorengan tahu tempe lan lintingan pindhang. Semangkane katon abang mbranang wis di irisi pisan.
Es teh sakceret wis ngawe-ngawe njaluk ndang diombe.
Ambune sedhepe panganan gawe iduku saya kemecer tenan.
Waktune buka saya cedhek, suwara wong ngaji saka langgare Mbah Yai Nasir uga saya cetha. Hawane pasa pancen beda.
Wis jam lima punjul seprapat, ora suwe mesti bakal krungu bedhug ditabuh.
Anggonku nganti-nganti kanti koncat kancit nginguki jam ngarep lan mburi.
Sawetara bapak lan emakku lungguh ana ngarep tipi, ngancani adhiku sapihan ureg-ureg nggambar nganggo potlot kelir.
Sing ragil mloya-mlayu ngubengi jogan didulang emakku.
Aku lan Menik wis mapan lungguh mengkruk-mengkruk ana kursi meja mburi.
Ngedhep meja isi panganan sing wis ditata tharik-tharik dene emakku.
Piring, sendhok sakgelase wis takdhep nunggu kari musuhe.
Jajanan olehku nglumpukne wiwit awan uga wis taktata arep takpangan.
Isih eker anggonku nata panganan, ora let suwe krungu suwara sing taktunggu-tunggu.
Dhungggggggggggg!!!!!
"Yaaa.....wayahe buka" sorakku kanti bungah bisa pasa tutug sedina.
#Cathetan
- Jaman biyen, yen bar saur wong-wong padha metu mlaku-mlaku. Pasa pisanan rame banget, saya suwe saya suda rejane.
- Jaman biyen, wong tuku es batu nganti dawa antriane.
Es batu balokan sing diuruki nganggo brambut.
- Jaman biyen, pendhak pasa yen awan usum bocah dolanan mercon bumbungan.
- Jaman biyen, pasa pisanan ramene masjid nganti tekan njaba dijeberi klasa. Suwe-suwe saya suda sing teka.
Lisse
29-03-2023

Komentar
Posting Komentar