Gendhakan

Gendhakan Wis dadi adhate wong urip ana ing desa, yen ana kabar sakglugut wae wong sakdesa bisa krungu nganti sakcindhil abange. Tembung sakgatra bisa dadi dawa. Ukara siji bisa tundha reta. Saya dawa, suwarane saya beda. Padha karo kedaden antarane Darmin Drenges karo Mbak Ruminah. Sing ndadekne Wiji atine kemropok isuk nganti temekane bengi. Mangan ora doyan, yen turu uga klisikan. Apa maneh yen awan, yen Darmin Drenges budhal nyambut gawe dadi sopire kaji Usup, ana toko bangunan. Polahe Wiji wis kaya singgatan. "Dhik Wiji, mbok sampeyan ki rodok ngopeni awak. Wong isih enom kok bendina gedhobrosan dasteran. Apa ora samar yen bojone nglirik randha sing bendina bengesan?" Kandhane Mak Lasemi nalika pethuk Wiji ana ing bale desa. "Hayaaah Mak, mbok mpun remen obong-obong," semaure Bu Siti sing lagi nata buku lan timbangan bayi karo mesem. Wiji sing lagi antri arep nimbangne anake saknalika kaya umub lan panas atine. Anake sing ana gendhongane nganti ora pener a...