Gendhakan
Gendhakan
Wis dadi adhate wong urip ana ing desa, yen ana kabar sakglugut wae wong sakdesa bisa krungu nganti sakcindhil abange.
Tembung sakgatra bisa dadi dawa. Ukara siji bisa tundha reta.
Saya dawa, suwarane saya beda.
Padha karo kedaden antarane Darmin Drenges karo Mbak Ruminah.
Sing ndadekne Wiji atine kemropok isuk nganti temekane bengi.
Mangan ora doyan, yen turu uga klisikan.
Apa maneh yen awan, yen Darmin Drenges budhal nyambut gawe dadi sopire kaji Usup, ana toko bangunan. Polahe Wiji wis kaya singgatan.
"Dhik Wiji, mbok sampeyan ki rodok ngopeni awak. Wong isih enom kok bendina gedhobrosan dasteran. Apa ora samar yen bojone nglirik randha sing bendina bengesan?"
Kandhane Mak Lasemi nalika pethuk Wiji ana ing bale desa.
"Hayaaah Mak, mbok mpun remen obong-obong," semaure Bu Siti sing lagi nata buku lan timbangan bayi karo mesem.
Wiji sing lagi antri arep nimbangne anake saknalika kaya umub lan panas atine. Anake sing ana gendhongane nganti ora pener anggone nyusoni.
Bocah umur karo tengah taun kui nganti magep-magep merga empengane ora mlebu lambene, nanging malah pas nutupi bolongan irunge.
Ketambahan suwarane wong wedok-wedok sing padha teka ana Posyandu, klesak-klesik kaya-kaya padha ngomongne Darmin Drenges sing gendhakan karo Mbak Rumi.
"Pancen ya musuh randha Dhik WiJi, pokok kudu ati-ati. Mumpung durung kadhung," Mak Lasemi isih kober ngaruh-aruhi Wiji sakdurunge mulih karo nggendhong putune.
Tanpa semaur, Wiji mung manthuk karo ngempet atine sing lewung bingung, nggondhok kemropok.
"Ora usah dipikir nemen-nemen Dhik, sing penting dadi wong wedok kudu pinter ngopeni awak. Apa maneh sampeyan isih enom. Masiya open-open anak cilik, nanging ya kudu bisa tampil cantik. Ben bojone ora lirak lirik." Mbak Etik sing duwe salon ana ing cedhak lapangan mulai ngujuk-ngujuki Wiji.
"Lha aku kudu piye to Mbak, wong bendina ya wis ngene iki rupaku. Arep diganti piye?" Semaure Wiji karo mbenakne gendhongane.
"Lhooo...wong lanang ki ora cukup mung dikelakne jangan lodheh Dhik, pisan-pisan ya kelan iwak ndog." Mbak Etik malah ngguyoni karo njawil bokonge Wiji.
Tekan omah, anake sing wis turu diglethakne ana amben pring cedhak jedhing. Banjur disambi umbah-umbah.
Mulai nguceg nganti nggirah, pikirane Wiji kaya-kaya melu obah polah.
"Apa blanjane wis turah-turah, ndhik wingi surub-surub kok bojomu ngelungi dhuwit Ruminah." Pitakone Mbak Naning kaya- kaya isih mbengung ing kuping.
"Kutange bojone dhewe tingarahe wis ora molor taline, wis ora genah rupane. Masak iya yen Mas Darmin ki mblanjani randha?"
"Apa pancen bener jarene Mbak Etik, yen aku kudu cantik."
Pikiran montang-manting, nganti ora krungu yen ana wong celuk-celuk ana latar arep mertamu.
"Woalah...ana dhayoh jebule. Sepurane yen ora krungu Yu, aku isih umbah-imbah ana mburi," suarane Wiji karo nyalini rantang isi panganan tonjokan.
"Wong yen kakean ngelamun rak kaya sampean kuwi Dhik," semaure Yu Karni sing mara merga ngeteri tonjokan rantangan.
Kongkonane Pak Carik Silo sing arep duwe gawe sunatan.
"Yu...sampean apa ya wis krungu beritane bojoku?" Pitakone Wiji sajak pingin ngerti.
"Sipat irung njungkel wis weruh kok Dhik, nanging kabeh mbalik nyang awakmu dhewe. Arep mbok empet apa mbok genahne. Karuwane yen arep rame. Ben wirang pisan. Wong genah Darmin ki duwe anak bojo, kok ya mentala leh arep rusuh-rusuh bojone tangga." Semaure Yu Karni saya ndadra.
"Tak takon bojoku dhisik Yu," Wiji isih mongga-manggu anggone arep budhal nylathu.
"Wong lanang apa bakal ngaku yen trima mbok takoni lawaran Dhik. Wong sing genah konangan wae isih bisa selak, apamaneh kaya awakmu sing sabane adoh pitik." Omongane Yu Karni saya manasi atine Wiji.
"Aku takpamit ya, dipikir sing dawa sakdurunge dadi mala." Imbuhe Yu Karni karo mancal sepedahe.
Ngedhepne surub, Darmin wis mulih saka megawe. Kringete dleweran merga kepanasan. Hawane ungkeb sumuk arep udan.
Klambine dicantholne pundhake.Tangane sajak nthil-nthil nyangking buntelan.
"Takgawakne tahu goreng anget-anget Dhik, lagek mudhun saka wajane Mbak Rumi."
Kandhane Darmin karo njujug pawon.
"Walaaah...ana tonjokan, lawuh iwak tenan iki," guyone Darmin marang Wiji.
Nanging sing dijak guyon mung mecucu ulate peteng nyengkureng.
"Lawuh iwak yo sumbut karo regane, apa arep mara wong thok. Apa ora arep ngamplopi Pak Carik?" Semaure Wiji empuk watu.
"Lhooo...yo genah ngamplopi nugh Dhik, masak iya yen bojomu iki mara nyang wong duwe gawe mung bandha wadhuk." Semaure Darmin karo kalungan andhuk.
"Gek ndang adus, gek macak sing bagus trus ndang budhal maneh." Wiji isih atos onggone semaur.
"Lagek teka kok mbok kongkon budhal maneh, jane karepmu piye ta Dhik? Apa isih kurang blanjane? Wong pendhak Setu sing nampa amplopan utuh ya sampean." Kandhange Darmin nggenahne bayarane dadi sopir pendhak Setu saka kaji Usup.
"Yaaa...budhal marani sing disenengi to," semaure Wiji saya nggondhok amarga Darmin sajak ora paham yen dicemburoni.
"Lha sing tak senengi mung sampean
lho Dhik." Darmin saya pinter olehe njarag bojone.
"Halaaah...wong pendhak sore marung mulih bengi ngono kok," semaure Wiji ora kuwat ngempet panase ati.
"Golek hiburan Dhik, wong ya akeh kancane tur ora dhewekan." Darmin panggah wae semaure karo ndrenges.
Pancen ya wong lugu ora duwe nesu, dadi masiya diulati peteng karo sing wedok ya ora rumangsa.
"Dhik...Dhik Wiji, yen ora mbok parani saiki, randha warung pinggir gapura desa kui isa ngrajalela tenan. Wingi bojomu cepot Klambi metu saka pawone Ruminah.
Bareng ketekan aku, merga arep tuku obat nyamuk. Bojomu ngengkag kesusu metu karo nyangking kresek." Suwarane Yu Karni isuk-isuk wis kaya nggugah kremi turu.
Ora kuwat kuping lan atine krungu berita sing digawa tanggane, saknalika Wiji ngadek nyet budhal nglabrak Ruminah.
"Mbak...Mbak Rum, tekaku rene iki maeng ana butuhe.aku arep takon nyanh sampean."
"Lho...ana apa iki Mbak, kok dengaren bareng karo Yu Karni. Arep ana butuh apa karo aku?" Pitakone Ruminah entheng wae karo napungne segane.
"Mbok aja ethok-ethok ora ngawaki to Mbak, wong sakdesa wis krungu kabeh yen sampeyan bola-bali diblanja bojoku. Nganti mulihe bengi-bengi merga mbok kon nunggoni" suwarane Wiji setengah mbengok merga Ruminah sajak ora nglanggati omongane.
Malah disambi mbenakne geni pawonane.
"Woalah, iki maeng karepe nglabrag ngono apa piye?" Pitakone Ruminah karo ndudhut buku catetan ana tumpukan godhong sing arep digawe ngungkusi bothok.
"Ngene lho Mbak, kene iki pancen warung digawe ampiran sapa wae. Sarapan, ngopi, ngiyup nganti ndelok bal-balan padha ana kene. Ben bengi rame ora ana sepine." Kandhane Ruminah karo nduduhne buku bon wong-wong sing kulina marung.
Wiji nampani buku cathetan bon karo diwolak-walik diwaca tulisane.
Jebule wong lanang-lanang kui padha seneng ninggal utang. Disaur yen wis padha nampa bayaran.
"Dadi saiki wis cetha ya Mbak, Yu, aja gampang ngumbar omongan yen durung genah tenanan. Aja gampang percaya omongane wong seje yen durung weruh nyatane."
"Karo dene lho Mbak, upama niyat golek gendhakan tenan. Mesthine aku pilih kayu jati sing takgawek sendhenan." Suwarane Ruminah banter tur uga genah.
Wiji sing kadhung kamikisinen, mung bisa mbrabak njaluk ngapura.
Sujune Ruminah wonge blater tur pikirane dawa. Dadi yen ana kedaden kaya dina iku, ya amung diesemi karo ngguyu.
"Mangkane Mbak, duren kuwi semrebet ambune. Nanging yen mangan aja sakponggene. Apamaneh mbokulu sakulite. Bisa cilaka mondhok lali suwal lali kathok."
Guyone Ruminah karo kekelen nyawang praupane Wiji sing abang ireng.
Lisse
29/07/2022
Komentar
Posting Komentar