Gerimis

 ~Gerimis~


Esuk saya atis bareng cebloke gerimis

Nambahi runtik ing ati kang tansaya giris

Ijen neng kene kangelan lehku nyepi ndhepis

Kelingan lelakon sing wus uwis


Ahhh...nanging ora,

Ora bakal ana kang bisa nampa

Uga ora bakal ana sing bisa terima

Kepiye anggonku uluk swara


Gerimis tibane saya ngrecih

Keranta uga kelara jibeg ati saya perih

Ambeg abot nyangga seseg panase getih

Anget ngraket pundhak alus pitutur jebul ana sing dipurih


Ahhh....pancen angel, angel tenan

Paring anthuking sirah pratanda ora kabotan

Nerima wayuh, nyekseni kangmas tambah sisihan

Senajan amung rupa salembar dluwang, pratanda yen paring pengestunan.

Kok, ya tega temenan!!!


Apa aku salah?

Umpamane pilih pisah

Tinimbang omah-omah, rebut bener wegah salah

Tanpa esem, ilang adem anane mung gemberah

Bebrayan iki wus ora ndalan, ajur bubrah



Gerimis mudhun kaya wegah uwis

Ngancani mendung atiku kang kebak tangis

Paribasan rendheng ketiga lemahe tanpa nela

Bareng mulya tegane atiku mbok gawe gela

Kangmas,...becik aku lunga, mugiya uripmu tansah mulya 🙏🙏🙏


Lisse

24/12/2021

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5