Mendem jarak
Mendem Jarak
Wis dadi kulinane yen pendhak awan mulih sekolah, Kemat, Joko, Siti, Aripin, Sugeng, Dewi lan Waroh nglumpuk neng mbale omah suwung dhuweke Kaji Koseni.
Sak liyane silir merga ana uwite jambu gelas lan pelem gadhung uga merga mestere mbale kui saka tegel alus, sing kanggone cah pitu kui krasa penak adem yen digawe dlosoran.
Cah umur sepuluh sewelasan taun kui sak liyane kekancan uga tetanggan. Meh dina-dina dilakoni bareng kanti rukun ora tau congkrah.
Ya kanca sekolah, kanca dolanan uga kanca ngaji gratis pendhak sore menyang sekolahane Pak Kudori. Terus yen ngadhepne Magrib padha nyang langgare Mbah Carik dhongkol, bablas blajar ngaji maneh karo mas Nur nganti munggahe Isyak. Yen bar Isyak'an terus mulih nyang omahe dhewe-dhewe. Kadhingkala yen malem minggu cah pitu kui padha nglumpuk nyang terase Mbah Mur sing jembar karo ndelok tipi ireng putih utawa mung arep ngrungkokne lucune dagelan Kartolo sing disetel banter teka radio tape.
"Bariki adus kali yoh, karo luru pelem neng kobonane Mbah Pandir," suarane Kemat ngajaki kanca-kancane.
"Waah,..enak seger, tapi nunggu Siti karo Dewi disik ya," saurane Waroh karo nglamuti es lilin sing digawa teka omahe.
"Luru pelem yen ora ana sing ceblok, aja kuatir..aku wis gawa senjata andalan," jawabane Sugeng sing rodok mlekithik karo nduduhne plinthengan sing dikalungne gulune.
"Waaah...tepak tenan Geng, mengko yen ana sing mateng apa ketok kemampo ndang di plintheng wae yo," Joko malah ngujuk-ngujuki kancane.
"Beres...mesthi bakal oleh, pokok plinthenganku paling titis," kemlinthine Sugeng saya ndadra.
Ora let suwe, Siti karo Dewi sing pancen seduluran uga wis teka.
Rumangsa wes jangkep kabeh, bocah pitu kui mulai nrutus. Bedhug ndrandhang grudugkan turut kebonan. Ngliwati kebonan tela tandurane Pak Kamilan, bablas ngidul nggebal barongan nganti tekan pinggir kali sing ditanduri pelem podhang lan gadhung.
Cah pitu maeng, clingak clinguk golek padikan.
Tapi atine padha radha gela, amerga jebule Mbah Pandir lagi lungguh neng ngisor pelem karo nyisiki wit tela banjur dipepe digawe kayu bakar.
"Gaplek..enek sing nduwe mbegogok ndik kidul kae," suarane Sugeng karo ingah-ingih mlirikne matane nyang Mbah Pandir.
"Langsung adus kali wae, selak sumuk awakku," saurane Kemat.
"Yo wis, ayo gek ndang nyang belik apa arep ciblon langen kowe Mat?" Pitakone Siti.
"Kowe cah wedok-wedok nyang belik wae. Ora usah melu njegur, aku tak langen nyang ngisor serut," jawabe Kemat.
Neng kali kana pancen ana belik bening sing kerep digawe adus wong. Watu padhas sing diduduk jerune setengah meteran digawe jedingan.
Embuh sapa sing gawe, tapi ana pirang- pirang jedingan. Yen rodok sore biasane akeh wong mulih teka sawah opo mulih ngarit bablas adus nyang kana. Banyune adhem tur seger.
"Ketoke Mbah Pandir kae weruh yen peleme arep dicolong, mangkane ora ngalih-ngalih. Pancen yo wong mleki tenan kok," Sugeng gembremeng merga atine pegel.
"Halah, ra usah ngrasani wong, timbang ngenteni Mbah Pandir ngalih kesuwen. Piye yen golek woh jarak neng pinggir kuburan. Dibakar jarene enak kaya kacang goreng," ajakane Joko nyang kancane.
"Wooo...iya, pinggir kuburan kae wohe jarak wis garing lemu-lemu. Biyen aku tau dijak mbakar karo dulurku. Rasane gurih tenan," imbuhe Aripin ndadekne Siti, Dewi lan waroh saya pingin weruh. Amarga cah wedok telu kui durung tau weruh rasane wohe jarak.
Mentas ciblon langen neng kali wetenge cah-cah semega kui krasa luwe.
Mlaku grudugkan maneh karo clilang clileng mripate. Ngliwati kebon tela sing ana tandurane jambu mente.
"Waaah...mateng iki, tujune durung kidekan wong liwat," suarane Kemat karo njupuk jambu mente sing ceblok ana lemah.
"Mentore dibakar enak Mat," celuluke Sugeng sing kawet maeng clilengan nyawang ndhuwur.
"Iya, mengko dibakar bareng wohe jarak," jawabe Kemat.
"Yen mangan bakaran mentor aja kena tlutuhe lho. Isa memprengen," jare Waroh karo ngebut- ngebutne tas kresek sing ditemu neng pinggir kebonan.
"Ahhh...jarene sapa, apus kuwi. Wong rasane enak kok...mangkane diapusi yen kena tlutuhe Isa memprengen. Nyapo kok ora isa kopoken pisan," semaure Sugeng sing pancen rodok nggleleng karo kekelen.
Ora krasa suwe, cah pitu wes tekan pinggir kuburan.
Njujug sisih wetan lor, merga pancen batesane kuburan karo lemah lapangan sing ditanduri wit jarak kanggo mageri.
Wohe jarak pancen akeh ketok kating prenthol.
Cah pitu anggone mrithili cepet banget. Nganti oleh setengah kresek.
Terus nginthik bablas menyang tipet kandange sapi Pak Guru Teguh. Panggonan liyane sing kerep digawe nglumpuk.
Sak liyane kebak damen, neng kana uga ana dhobong tipet wadahe pari sing gedhe banget.
Senajan pojokane krowak tapi sikile saka pring isih utuh papat.
Cah pitu kui uga kerep nemu ndog pitik trus langsung dibakar didum sak kancane.
Pancen kandang wis ra digawe, dadi bocah pitu kui uga kerep nyemplung dhobong terus dioglek-oglek karo ngguyu kekelen.
Jarene kaya numpak ombak banyu/ dremolen yen ana pasar malam neng lapangan desane.
"Enak opo ora Mat?" Pitakone Siti
"Gurih kaya kacang," jawabe Kemat
"Aku yo pingin niliki," Dewi sing pancen paling anteng mulai pingin melu nglethaki bakaran wohe jarak.
"Waaaah ..iya, gurih semu pait," sambunge Waroh karo setengah gaber-gaber.
"Tapi enak tenan kok, aku wis ntek lima," celuluke Joko karo semendhe neng blingire palang kandang.
"Kana njupuk damen maneh Pin, iki genine ameh mati," suarane Sugeng karo nyebuli bakaran jarak.
Bruuus...bruuush..bruuush.. lambene Sugeng leh nyebuli nganti nyoro-nyoro.
Saking kebanteren leh nyebuli nganti awune mabul ngeneki raine.
"Gapleeek...malah kopar alisku," Sugeng mbengok karo ngelapi raine.
Awu damen sing mumbul mabul nyang raine diusapi nganggo tangane.
Hahahaha... hahahaha...kancane ngguyu kepingkel- pingkel nyawang raine Sugeng clemotan ireng.
"Kok ndasku mumet yo?" Suarane Aripin karo nggleyor niba blek nyang damen-damen.
"Aku ya klemun-klemun," saurane Kemat karo ngglethak nibakne awak nyang cedeke Aripin.
Joko wis ket maeng ketok lemes semendhe neng blingire palang kandhang.
"Wooo...malah turu kabeh, jarake rung entek kok wis wareg," Sugeng gembremeng karo krangkangan munggah nyang kandang.
Jebule Siti, Dewi lan Waroh uga melu nglimpruk neng ngisore dhobong.
"Yu Parti, bocah-bocah ora padha ketok, wayahe budhal sekolah arab kok durung mulih," celuluke Sukarsih emake Siti karo Dewi.
"Lha iya, Kemat bar mulih njupuk korek kok bablas mblayu seprene rung ketok pucuk irunge," semaure Yu Parti.
"Aku tas nginguk mbalene Kaji Koseni kok ya sepi, biasane padha dolanan neng kana," teka mburi omahe Yu Parti, ujug-ujug Waginah teka karo cincing-cincing daster nggoleki Sugeng.
Nganti meh jam papat cah pitu durung padha mulih. Biasane jam telu wes padha adus klamben rapi terus ajar ngaji neng sekolahane Pak Kudori.
Pancen ya wong urip neng ndesa. Ana apa wae kabeh langsung krungu. Melu gupuh melu ewuh.
Bedhug maeng padha langen nyang kali, trus nginthik ngetan embuh arep padha nyang endi," Mbah Pandir melu nambahi omongan.
" Masak digondhol gendruwo? Awan-awan kok ya mokal men," mbokdhe Warinem melu gunem.
"Njajal inguken nyang kandhang, maeng aku weruh Siti karo Waroh nggerog dhobong karo cekakaan leh ngguyu," Ajis kadas menehi omongan.
Sak nalika wong-wong padha gembruduk nyang kandhang.
Ora lidok silite kodok, ketok bocah pitu padha ting klimpruk cayane pucet.
Lemes dhempes karo mungkak mungkuk arep mutah tapi ra isa metu.
"Woalah...iki gara-gara mbakari wohe jarak, gek ya sapa sing marai cluthak ki," suarane Yu Parti karo nglingguhne Kemat. Dipijeti githoke supaya iso mutah.
Semana uga Sukarsih karo Waginah, uga Lek Basirin karo Lek Samsuri padha ngopeni anake dhewe-dhewe.
Sujune leh mbakar kok rodok adoh karo damen, jathuko isa mrembet genine, apa ra kopar sak kandhange?" Suarane Lek Samsuri karo njunjung Sugeng digawa mulih.
Sidane ngadhepne surub, sak RT padha gupuh nggolekne tamba cah cilik-cilik sing mendem jarak olehe nruthus teka pinggir kuburan.
Diombeni duduhe degan ijo. Diombeni lenga klentik nganti dikeroki uga diblonyohi lan ditapeli tlutuhe jarak neng wetenge jarene ben tawar.
Embuh sing endi sing mandi, nyatane ngadhepne Isyak cah pitu wes pada ketok iso thengel- thengel njur mutah nganti ora ana maneh sing ditokne.
Jebule mendem jarak.
Kena digawe sinau, yen durung genah lan dudu panganan aja dipangan.
Senajan lamat-lamat tau krungu, tapi aja kakean. Apa wae yen kakean isa ndadekne mendem ๐๐๐
Lisse
30/12/2021
#Ajar #nulis #cerkak
Komentar
Posting Komentar