Gendra


 Gendra


Gek aku ki sapa?

Kok nganti semana anggonmu nggrahita

Ora tau gathuk mata senajan saklebatan

Ora tau gapyuk raga ing nyata kasunyatan

Kok mengkana lehmu ngeboti pikiran


Gek sira ki sapa?

Ngatoni ati tansah ngeridu

Andum esem kang sepet madu

Andum gunem kang kasar bludru

Nganti ndadekne tratapan sakdawane wektu


Subya subya ramene jaman

Sorak gembira ngulati kahanan 

Kegayuk sarujuk sakrenane kelangenan

Gubra gabru caos anthuk mung dolanan

Sajak ndelikne mulya uga kacingkrangan


Sepisan aku titip pepeling

Aja nyingkur inten mburu beling

Aja nyelaki setya ngoyak rupa

Kang kabeh amung ngawiti crah rubedha


Wus aja,...aja tenan

Milang miling golek tanding

Serik gilo kipo kipo kang sumandhing

Njabut landhepe keris nglabuhi gapluke lading

Gendramu paribasan nyuwek kemul ing mangsa bedhidhing


Wus enggal jegrek,...mandheg

Aja nganti lenamu ngudeg banyu butheg

Aja nganti prasajamu dadi runtik ing uteg

Tinimbang paribasan pari ora melu matun

Ngingu sapi ora melu nuntun

Lereno gendramu, murih kayuyun ngundhuh getun!!!!!


Amsterdam

07/01/2022

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5