Kelangan
~Kelangan~
Tahun wingi kang ora bakal bisa dilali
Nalikane kudu nerima pancoba saking Gusti
Dina dina sawayah kuping dipeksa krungu
Angin semriwing kirim kabar lelayu
Isih tumetes tingarahe iluh sing wingi
Isih kangelan nata jiwa kapisah pati
Rasa durung bisa nerima kasunyatan iki
Tratapan maneh nampa sakliyane warta
Isih ana kang tanpa gawan lelara, nyusul lunga
Pageblug nerak ndunya ngremuk kahanan
Ana ing tengahe rina, tangise bocah kelangan wong tua
Ana ing pungkase lintang, tangan kang gegandheng dadi kaperang
Gusti pengeran,
Kang mayungi jembare jagat
Tulung kuatno ati kang nglayung, tan bisa sambat
Kapisah ninggal endah pengeling tanpa pegat
Katut kegawa ganase pagebluk tan bisa enda nuli oncat
Gusti pengeran,
Saiki sakabehe seje wis ora kaya biyene
Liyan kang kapeksa mlaku dewe tanpa sisihane
Sawetara urip kudu terus mlaku kaya mangkane
Saiki, kabeh wus tak pasrahake
Yen pancen iki garis dalane
Kudu ikhlas nerima kahanan
Senajan udan tangis ngawiti lakon kelangan
Nuwun
Lisse
03/01/2022
Komentar
Posting Komentar